Kaca:Buku Meditasi.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Jén aku nglimbang-nglimbang bab piwulang Dalem Gusti, pikiranku bakal wasis lan sutji.

Jén aku nglimbang-nglimbang bab tindak Dalam Gusti, kang lembah ing penggalih saha andap-asor, atiku suwé-suwé bakal kaèmperaké karo Tyas Dalem: bakal dadi andap-asor, mbangun miturut, murni, tresna marang pepada.

Mulané ajo pada njandak buku „Sri Jésus Sang Pamarta” Ian limbang-limbangen!

Buku „Sri Jesus Sang Pamarta” paring piwulang apik bah tjarané nglimbang-nglimbang, j.i. katja 7 - 12. Watjanen!

Buku iki (sing kokwatja saiki iki) kepéngin mènèhi pitulungan, awèh katerangan tjekak bab piwulang Dalem Gusti, supaja enggonmu nglimbang-nglimbang iku luwih gampang manèh. (Nanging ngertia nglimbang-nglimbang iku tansah rada angèl !)

Déné tjarané mangkéné:

1. Tjawisna disik, jaiku: lungguha ana ing grédja utawa ana ing panggonan kang sepi, lha saiki miliha apa sing arep koklimbang-limbang.

2. Sowana Gusti! tegesé ngertia jèn kowé ana ing ngarsa Dalem Gusti, Gusti Jesus mriksani kowé kanti rena, tjaosna sembah sudjudmu marang Gusti, matura marang Gusti nganggo tembung-tembungmu déwé, njuwuna pitulungan Dalem, supaja bisa nglimbang-nglimbang kanti betjik.

3. Watjanen nomeré ing buku,,Sri Jesus Sang Pamarta (alon-alon! prajoga diwatja ping pindo !), bandjur watjanen katerangané ing buku iki.

4. Nglimbang-nglimbang, j.i. apa sing wis kokwatja, gagas-gagasen déwé.

4