Kaca:Buku Meditasi.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

babar pisan ora golek luhure dewe, nanging mligi kaluhuran Dalem Sri Jesus, kraton Dalem S. Kristus. Aku golek apa?


15 DESEMBER.

No. 8. Kidungane Sakarijas.

 Sakarijas bandjur metja! Metja bab Sang Panebus, kang bakal banget diabdeni dening putrane Sakarijijas, j.i. S. Johanes Pambaptis.
 Di-angen2 sedela bab tembung-tembunge Sakarijas iki:
Gusti Allah bakal aparing sih marang kawula Dalem (aku kabeh), sawise linuwarake saka mungsuh (setan) (sawuse aku dibaptis) bisane (supaja aku bisa) ngabdi Pandjenengane (Allah) tanpa nganggo reringa (nganggo sih Dalem aku bisa ngabdi Gusti tenan).
 Kalajan kasutjian lan kamursidan (iku uga mung bisa, sarana Sih Dalem).
 Ana ing pangajunan Dalem ing salawase, j.i. aku manungsa kabeh bakal tansah ditresnani dening Sri Jesus. Muga aku tansah saja jakin bab iki: Gusti Jesus tresna marang aku.


16 DESEMBER.

No. 8 (teruse). „Dene kowe djabang baji bakal sinebut aabining Hjang Maha Luhur”.

 Baji tjilik iki bakal djumeneng Nabi kang kuwasa, kang prabawane gede banget marang bangsa Jahudi, kang mung bisa mrabawani bangsa Jahudi, supaja gelema mertobat lan nderek Sang Kristus, amarga Santo Johanes iki karsa ngurbanake awake

15