Kaca:Buku Meditasi.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
beda. Ora keduwung, nanging entek pangarep-arepe, Negegirisi patine Judas iku. Gusti Jesus malah wis ngandika: Luwih prajoga upama wong mau ora lair. Wong tjilaka. Nggegirisi sabda Dalem Sri Jesus iki. O, hawa-nepsuku ikw uga bisa nglarak aka menjang enteking pangarep-arep, Eman, Judas ora gelem, menawa Sri Jesus ngapura dosane, Muga? atiku ora tau atos, kaja atine Judas.


NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 311 Santolane Gupermen.

  Wong² Jahudi wani matur marang Pilatus: Manawi sanes durdjana...... Sri Jesus iki dipadakake durdjana, Gusti Jesus! Sebab apa ta iki kabeh ? Wong Jahudi saiki wis ora gelem ngalah. Gusti Jesus kudu disedani, Gusti Jesus dikurbanake marang umuke wong Jahudi. Aku uga sok ngurbanake Gusti marang umukku ? Aku uga kKerep ora gelem ngalah ? Djotakan? Mutung ? Nglokro? Katresnan Dalem Gusti bandjur dakusir saka atiku. Gusti Jesus dakkurbanake marang umukku.


SENEN BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 313. Dipriksa. pijambakan.

  Jen Sri Jesus didangu Pilatus apa djumeneng Ratu, Gusti bandjur uga mangsuli: Kula punika Ratu, Sri Jesus ora mung ora tau ngapusi, nanging uga tansah karsa mangsuli wong kang nakokake sing njata, Sri Jesus djumeneng Ratu, Iku njata banget, Ratu amarga nitahake manungsa, Wong kang djudjur, kang ngenggoni kanjataan, kang mung kepengin ngerti marang sing njata. Iku mesti nampa Piwulang Dalem. Aku iki keprije?

61