Kaca:Buku Meditasi.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

„tijang punika kedah pedjah, awit pijambakipun ngaken Putraning Allah,” Mulane Sri Jesus, Putraning Allah, seda, amarga mesti kudu ngandika miturut kenjataan. Gusti, kawula pitados, Sampejan Dalem djumeneng Putraning Allah, i.p. Allah Hjang Putra.

NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 324. Putraning Allah?

Djirihe Pilatus saiki katara maneh. Gusti Jesus kang isih ngagem makuta eri, kang isih gerah amarga disapu, didjak rembugan maneh. Gusti Jesus mung karsa paring wangsulan marang Pilatus, supaja Pilatus luwih ngerti, menawa kuwasane Pilatus iku saka Allah. Pilatus ora duwe kuwasa, supaja Sri Jesus bandjur mentang utawa ngluwari sakarep-karepe. Sri Jesus mulang, sanadjan gerah banget. Aku? Jen kudu mulang, njambut gawe, terus wegah bae?

SENEN BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 325. Gupernur njoba kang wekasan.

Prajoga dilimbang-limbang setitik maneh bab Pilatus lan Sri Jesus, amarga aku uga sok ngemperi Pilatus serana umukku lan djirihku. Wah, kerep banget, Pilatusku menang karo Gustiku, ing sadjroning atiku. Pilatus iku ora tau terus terang. Satemene kepengin ngluwari Sri Jesus, amarga Gusti ora salah. Nanging iku wis ora diterangake marang wong Jahudi, amarga

djirih. Mulane kepengin nggugah welase wong Jahudi, Nanging iku wis mokal. Mesakake Pilatus iku. Mesakake aku, jen aku wedi, djirih, nganti uga ora wani blaka lan terus terang.

64