Kaca:Buku Meditasi.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rasul lan murid lijane kang wis bungah, Muga aku adja tau nuruti rasa susah lan bingung maneh, amarga Gusti wis wungu.

KEMIS BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH

No. 345 (teruse). Gusti Jesus lan Rasul Thomas.

Sadjrone lawange dikantjing, Gusti Jesus rawuh lan djumeneng ana ing se-tengah²-ing para murid. Amarga Salira Dalem Sri Jesus wis dimuljakake, wis luwih ngemperi Roh, mulane Gusti wis ora perlu mbikak kori. Dumadakan ana ing satjedake murid2 Dalem kang ditresnani. Watjanen maneh kang dipangandikakake Gusti Jesus: „Dipada tentrem”. Lan Rasul Thomas kepareng nglebokake tangane ing lambung Dalem Sri Jesus. Nanging iku wis ora perlu. Thomas tjaos wangsulan: „Gusti kawula lan Allah kawula”. Iku prajoga kerep dakbaleni jen aku njawang Hosti Sutji lan Tuwung sadjroning konsekrasi. Kanggo nentremake wong kabeh kang urip sawise Gusti Jesus mekrad menjang swarga, kanggo nglipur atiku kabeh, Gusti karsa ngandika: „Rahaju wong kang ora njipati dewe, ewasemono ngandel”. Aku bisa luwih rahaju tinimbang Rasul Thomas, jen aku ngandel menawa Sri Jesus sugeng.

DJEMUWAH BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 355, Gusti Jesus ngatingali ana ing pasisire tlaga Tiberias.

Setemene aku ora tau bisa nglimbang-nglimbang kanti tjukup bab Wungu Dalem Sri Jesus, amarga Wungu Dalem dadi bukti lan mukdjidjad Dalem Sri Jesus kang gede dewe, menawa Sri Jesus djumeneng Allah Hjang Putra tenan.

Para Rasul dek bijen akeh sing dadi djuru amek iwak.

Amarga ana wektu, bandjur kepengin golek iwak maneh. Murid² lijane uga seneng melu.

78