Kaca:Buku Meditasi.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ing kono.” Ing swarga aku ing salawas-lawase bakal manunggal Sri Jesus.

RIJAJA MEKRAD DALEM.

No. 359 +360. Gusti Jesus mekrad.

Ing sauripmu, adja tau lali marang Pangandika Dalem SriJesus kang pungkasan iki, sadurunge mekrad: „Kowe bakal tampa kekuwatan, lan kowe bakal dadi seksiku tekan ing pontjoting bumi.” Sadurunge Mekrad Dalem Gusti kersa dawuh iki uga marang aku murid Dalem, warga Konggregasi.

Bandjur Gusti Jesus mekrad — saka Kuwasa Dalem Pribadi — Allah Hjang Putra — kondur — mejang Daleming Hjang Rama, sawise nebus kaja ngono.

Weruha Sri Jesus mekrad — weruha para murid njawang mekrad Dalem — rungokna pangandikane malaekat²: Sri Jesus kondur njuwarga. Lan saiki isih sugéng.

DJEMUWAH BAKDA MEKRAD DALEM.

No. 281, Sang Panglipur.

Perlu banget ngandel kanti djero bab Hjang Roh Sutji lan Pakarjan Dalem ana ing atiku. Hjang Roh Sutji iku: Allah, Djedjer kang katelu — Katresnan Dalem Hjang Rama marang Hjang Putra, lan katresnan Dalem Hjang Putra marang Hjang Rama.

Rijaja Pantekostah, j.i. Rijajane Hjang Roh Sutji tedak — j.i. katresnan Dalem Allah Pribadi tedak. Hjang Roh Sutji iki Djumeneng djuru pitulungku. Wong lija ora bisa nampani Hjang Roh Sutji iki — amarga ana dosane. Jen aku kepengin ditedak: Hjang Roh Sutji, atiku kudu resik saresik-resike. Jen isih ana dosa, Hjang Roh Sutji ora bisa dumunung ing aku.

88