Kaca:Buku Meditasi.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
mirunggan, jen aku gelem netepi kuwadjibanku, mbangun. miturut, tanggung djawab.


9 DJANUARI

No. 23. Ana: ing satengah-tengahe para guru.

  Sri Jesus Pemuda. Iku tjukup kanggo pemuda kabeh: Gilo Tuladamu kang penuh ing kawitjaksanan.
  Jen aku manungsa kurang witjaksana (iha sapa sing wis Witjaksana ing donja iki?) prajovlga saiki njuwun dadi wong witjaksana, kang bisa dipitaja wong lija, kang seneng mituiungi wong lija. Apa aku apese kepengin dadi wong witjaksana ? Aku sinau kanti sregep? Meditasi? Iku uga sumbering kawitjaksanaan. Bangsaku mbutuhake banget wong witjaksana.


10 DJANUARI.

No. 23. (teruse).

  Weruha sumelange lan susahe Ibu Dewi Marijah lan S. Jusup. Wong kang tjedak dewe karo Sri Jesus! Ora dieman dening Sri Jesus. Kudu ditjoba katresnane. Sanadjan ora ngerti sebab apa kok kudu ditjoba. Aku uga bakal ditjoba Gusti. Luwih² bakal ditjoba katresnanku, jen aku kepengin saja tjedak karo Sri Jesus. Aku wedi? Jen aku ditjoba, prajoga iku dak rembug karo Rama Bih!
11 DJANUARI.

No. 23. (teruse). Pandjenengane mbangun miturut karo Rama-Ibu

  Mau Gusti Jesus ngandika marang Rama-Ibu : Sebab punapa pandjenengan sami madosi kula? Punapa pandjenengan mboten priksa, bilih kula kedah wonten ing sadaja rehing Rama? Iku

27