Kaca:Buku Meditasi.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
18 DJANUARI.

No. 32. Murid Dalem kang wiwitan.

Watjanen temenan iki! Sing wis miwiti nggoleki Sri Jesus, sing wis kepengin luwih ngerti bab Sri Jesus, iku ditimbali Gusti Mara, pada delengen. Aku kepengin luwih ngerti bab Gusti Jesus? Aku wis kepengin meditasi? Aku uga wis nggoleki Sri Jesus menjang Gredja? Menjang Komuni Sutji? Apa aku uga wis seneng nututi Gusti?


19 DJANUARI.

No. 33. Andrejas njowanake Petrus ing ngarsane Gusti.

Murid Dalem Sri Jesus mesti terus kepengin supaja wong lija uga ngerti marang Sri Jesus. Jen ora, aku durung ngerti tenan Sri Jesus iku sapa ? Gusti karsa nebus manungsa kabeh. Apa aku wis tau njowanake kantjaku ing ngarsane Gusti? Sedulurku? Wedi? Isin? Kiraku ora perlu? Perlu banget! Sok gampang banget mangrasul kaja ngono, amarga wong akeh satemene wis kepengin tepung karo Gusti.


20 DJANUARI

No. 34. Philippus karo Natanael ditimbali.

Gilo, ana tulada maneh mangrasul iku sok gampang,sanadjan wong lija sok maido, etok² ora gelem tepung.

Natanael gumun banget dene Gusti Jesus wis priksa marang kang ndelik ing atine Natanael. Gusti uga priksa apa sing dak delikake ing atiku. Ija kang betjik, ija kang ala. Jen aku bisa ngandel kaja Natanael: Pandjenengan punika Putraning

31