Kaca:Buku Meditasi.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mulane aku uga ditresnani. Aku uga bandjur diutus ngandakake marang sedulur² Dalem S. Kristus, menawa Sri Jesus wis wungu, wis sugeng maneh, Luwih² menjang sedulur² kang durung ngerti marang Sri Jesus.


DJEMUWAH BAKDA PASKAH.

No. 350. Gusti Jesus ngatingali wong wadon loro.

Pakarjan Dalem Sri Jesus, sawise wungu saka seda, mung nentremake wong kabeh kang wis ngandel ing Pandjenengane. Gusti Jesus ngandika marang wong wadon loro iku: „Pada bageja".,,Adja pada wedi". Amarga wis babar pisan ora perlu wedi maneh. Gusti Jesus sajekti wis wungu wis ngalahake pati, sugeng ing salanggenge lan ngarsakake menawa aku uga ngandel, jakin bungah, tentrem. Njuwuna tambahing pengandel.


SAPTU BAKDA PASKAH.

No. 350 (teruse)

Gusti Jesus milih wong wadon loro iki, supaja kandaa marang sedulur² Dalem Sri Jesus, j.i. para Rasul lan murid Dalem dikon njawang Gusti ing Galilejah. Nanging para murid Dalem ora ngandel. Tembunge wong wadon mau dirasa ngajawara. Ewa semono wong wadon iki bungah banget. mung bisa tjelatu: ,,Aku wis pada weruh Gusti lan malaekat". Aku ke- pengin ngemperi sapa? Para murid Dalem kang isih susah, amarga ora ngandel? Apa wong wadon loro iki, kang prasadja, kang ngandel, lan kang wis ditentremake dening Sri Jesus Pribadi? Aku wadjib ngandel, amarga Sri Jesus wis maringake bukti²-ning Katresnan Dalem marang aku: Baptis — Sakr Maha Sutji l.l.l.

72