Kaca:Buku Meditasi.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
1 DESEMBER

No. 2. Sang Sabda dados manungsa.

 Wong2 kang nampa Allah Hjang Putra, bandjur dadi putraning Allah, jaiku jen ing Allah Hjang Putra. Apa aku ngandel?
 Sang Sabda Allah Hjang Putra malah karsa dadi manungsa. Iku kabar kang mbungahake banget: Allah Hjang Putra karsa ngempali aku kabeh.
 Uripe keprije, jen tanpa Sri Jesus, Allah Hjang Putra kang mandjalma dadi manungsa : tuhu Allah, tuhu manungsa? Apa aku ngandel tenan? Apa Gusti Jesus dak-tampa tenan? Apakabar kang mbungahake banget iki wis tau dakterusake kanti pengandel kang djero lan katresnan marang kantja2-ku kang durung ngerti?


2 DESEMBER

No. 3. Malaekat kautus medarake mijose S. Johanes.

 Wis meh tekan wektune : Allah Hjang Putra karsa mandjalma. Prajoga mikir2 bab pangandikane Malaekat marang Sakarijas : Eslisabet lan Sakarijas bakal apeputra kakung, j.i. Johanes Pambaptis. Mijose tjara mirunggan, nganti Sakarijas dewe ora karsa ngandel. S. Johanes Pambaptis bakal dadi Nabi pungkasan Nabi kang gede lan sutji dewe : penuh ing Hjang Roh Sutji. Kudu sutji banget wong kang wadjib tjetjawis rawuhe Sang Kristus. Aku uga wadjib tjetjawis rawuhe S. Kristus j.i. kanggo kantjaku kang durung ngerti ing Sang Kristus. Mulane kudu njuwun sutji, ngudi sutdji, tjedak karo Sri Jesus disik, lan penuh ing Hjang Roh Sutji uga.

8