Kaca:Buku Meditasi.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
5 DESEMBER.

No. 4 (teruse). Ibu Dewi Marijah ngandika: sandika sadawuh Dalem.

Terang saka Indjil iki: Ibu Dewi Marijah wis priksa marang timbalan Dalem, j.i. ora karsa idjab, supaja bisa raket karo Gusti Allah, saja tresna karo Allah, saja ngabdi. Mulane, sawise Ibu Dewi Marijah midanget menawa bisa terus netepi prasetya Dalem, j.i. sugeng wadat, bandjur uga kersa djumeneng Ibune Putraning Allah. Iku dikarsakake Allah Pribadi, bandjur Ibu Dewi Marijah mung bisa matur: sandika.

Tembung iki ndemenakake banget kanggo wong Katulik kabeh, amarga aku kabeh uga kudu kerep wani matur karo Gusti, luwih jen Gusti mundut kurbanku: kawula abdining Pangeran, sandika sadawuh Dalem.

6 DESEMBER.

Tjetjawis rijaja 8 Desember.

Ajo pada tjetjawis rijajane Ibu Dewi Marijah pinurba mulus tanpa tjiri. Wigati banget kanggo warga Konggregasi kabeh.

Di-angen sedela bab dosa asal. Dosa asal iku kaanan ing sadjroning dosa, utawa kaananing sadjroning satron karo Gusti Allah, kang diwarisake menjang manungsa kabeh. Aku dek bijen uga kedunungan dosa asal, sadurunge dibaptis. Dosa asal ilang saka sukmaku, amarga Gusti Jesus nebus aku! Wong akeh isih kadunungan dosa asal. Ing sakiwa-tengenku! Kantjaku! Sadulurku! Aku wis ora!

Gusti mundut supaja aku mitulungi wong lija iki, supaja uga bisa dibaptis! Wong lija iku isih kelangan Sih kasusantan! Mesakake banget! Apa aku merduli ?10