Kaca:Buku Meditasi.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
9 DESEMBER.

No. 5. Ibu Dewi Marijah mertuwi ing daleme Elisabet.

 Ibu Dewi Marijah midanget saka Malaekat Gabriel menawa sadulur Dalem Elisabet wis nggarbini, sanadjan wis lungse. Malah wis nem sasi, mangka sinebut gabug. Mulane: butuh pitulungan. Ibu Dewi Marijah ora aras-arasen, mangkat tindak kanti gegantjangan. Ibu Dewi Marijah rena mitulungi, rena mbungahake wong lija, rena ngladeni.
 Ibu Elisabet bungah banget, kok Ibuning Gusti karsa rawuh Diangen-angen temenanan tembunge Ibu Elisabet, amarga iku uga sawidjining kabungahan limang prekara ing sadjroning tasbeh.


10 DESEMBER.

No. 6, Kekidungan Dalem Dewi Marijah.

 Dewi Marijah midanget tembunge Ibu Elisabet, uga bingah banget, tumuli ngandikakake, njanjekake kidungan Magnificat kang apik lan luhur banget iku.
 „Sukmaku ngluhurake Pangeran lan rohku gambira”, j.i. sanubarining Ibu Dewi Marijah, penggalih Dalem kang djero dewe, bungah banget, amarga Gusti Allah djumeneng kabegdjan lan karahajon Dalem. Apa aku wis tau bungah kaja ngono? Bisa ngluhurake Allah terus ing ati kaja Dewi Marijah? Gusti karsa mriksani asoring tjeti Dalem, j.l. Ibu Dewi Marijah, uga titah kang dipilih ing saantarane wanita. Tenan: sakehing bangsa bakal njebut aku rahaju. Saiki ing salumahing djagad, jutan wong Katulik ngluhurake lan nresnani Ibu Dewi Marijah. Aku keprije?

12