Kaca:Buku Meditasi.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ugi kersaa ngandika wonten ing salebeting manah kaula, jen kawula dong adjrih, bingung: Sing tentrem! Aku Gustimu! Adja wedi!"


NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353 (teruse).

Ananging para murid saka wedine pada ngira weruh roh. Isih wedi para murid iku, Gusti bandjur saja nentremake — karsa digrajangi — supaja para murid adja maido maneh. malah ngandika: ,,Roh mono ora duwe daging lan balung kaja Aku iki". — lan ...... nedahake asta, sampejan lan lambung Dalem. Bok menawa aku gumun dene para murid iku meksa durung ngandel. Ora perlu gumun aku! Aku uga isih kerep tjilik atiku, kerep ora ngandel, utawa lali marang Sri Jesus, jen tukul bingungku utawa hawanepsuku. Aku bandjur uga patut didukani amarga mbrengkeloku.


SENEN BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353 (teruse).

Gusti Jesus, sanadjan Salira Dalem wis dimuljakake, sanadjan wis babar pisan ora betah dahar, bandjur karsa dahar iwak gorengan.

Para murid bandjur ngandel! Bungah. Gusti Jesus uga bungah dene kang ditresnani banget iku saiki suwe² ngandel. Para Rasul lan para murid bandjur diutus Sri Jesus, j.i. ngemperi Sri Jesus kang wus diutus dening Hjang Rama, j.i. kanggo nglantarake Sih Dalem Allah marang manungsa kabeh, kanggo mulang bab Trinidji Sutji, bab Sri Jesus Allah Hjang Putra kang mandjalma, kang karsa nebus bangsa manungsa. Para Rasul diutus. Warga Konggregasi uga diutus diutus dening Sri Jesus gawe bungahe wong lija, gawe sutjine wong

76