Menyang kontèn

Sejarah Kutha Sala

Saka Wikisumber
[ Sampul ]

SEJARAH
KUTHA SALA
KRATON SALA, BENGAWAN SALA, GUNUNG LAWU



Dening:
R. M. Ng. Tiknopranoto & R. Mardisuwignya

[ Katrangan ]


SEJARAH

1. KUTHO SALA
2. KRATON SALA
3. BENGAWAN SALA
4. GUNUNG LAWU

DENING:

R.M. Ng. Tiknopranoto
(Tilas Asisten Wedana Onder - Distrik Gesi Sragen)

&

R. Mardisuwignya
ing
SURAKARTA

[ Katrangan ]

PANGRIPTA BUKU SEJARAH "KUTHA SALA"

[ Purwaka ]

PURWAKA

 Nuwun, para maos, ingatasipun kitha Sala punika menggah ing pocapan dados teleng sarta kedhunging „kabudayan”, emanipun teka ngantos sapriki kados dereng wonten buku ingkang ngorehaken menggah ing dumadosipun.

 Awit saking mekaten, kula lajeng cumanthaka, nempuh byat amahyakaken panglocitaning batos, ingkang lejeng mbabar buku sejarahipun:

  1. Kitha Sala
  2. Kraton Sala
  3. Bengawan Sala, lan
  4. Redi Lawu.

 Ing pangajab mugi2 buku punika bonten ketang sekedhik badhe wonten manpangatipun tumrap ingkang sami mbetahaken.

 Ing wasana bilih wonten cewet utawi lacuting tetembungan, mugi keparenga para nupiksa paring gunging samodra pangaksama. Sartanipun malih bilih wonten panyaruwe ingkang asipat ”membangun”, badhe katampi kalayan bingahing manah sarta genging atur panuwun.


Pangimpun.

[ 4 ]Tembung kutha, iku biyen2e utawa ing jaman kunane ateges: pager bata utawa pager tembok. Dhek jaman biyen papan2 kang d dunungi ing panggedhening nagara, upamane dening para ratu, adipati Isp, dalah para abdine, kalebu uga para nara-prajane pinageran ing pager bata, Pager mau kandel lan dhuwur, nganggo gapura sentosa. Disaranani mengkono supaya ora gampang tinempuh ing mungsuh. lya pager bata kang mengkono iku kang aran:

kutha.

Lawasing lawas tembung "kutha", owah tegese benjur ateges kaya kang kalumrah ing saiki Wong2 kang ngucapake ing jro ning pikirane wis ora isi gegambaran pager bata maneh. Ning sing dikarepaké: papan padunungane panggedhe paprentahan, Upamane ; kutha Sala, kutha Cilacap, kutha Kedhiri lsp.

Kraton Kartosura dhek jamane Ingkang Sinuhun Paku-Buwana 11 kerep ana dahuru. Kraton Dalem akeh karusakane. Mula Panjenengan Dalem Nata kagungan kersa ngelih kraton nglereg mangetan. Sing dipilih ing desa Sala Jeneng Sala mirid asmane kang cikal bakal ing kono, ya iku: Kyai Sala.

Mungguh kaanane desa Sala duk semana ora beda lan desa2 ing wektu saiki, kang cedhak alaś. Akeh bebondhotane, glagah lan alang2. Desa Sala dibabad, dibangun, didegi kraton, dijenengake kraton Surakarta. Ngalihe Kraton Kartosura menyang Surakarta ing taun Masehi 1744. Dene pesareane Kyai Sala tine mu ing jeron cepuri kraton pojok Lor-Wetan.

Kutha Surakarta ya kutha Sala. Mung wee jeneng Surakarta iku mung tinsmu ing tulis, ing layang2, luwih2 layang2 resmi (sing gandheng karo paprentahan). Dene ing pasrawungan sadi-na2 nganggo tembung / jeneng Sala. Umpamane arep menyang Sala. Priyayi Sala Jarit carik Sala. Joged Sala lsp. [ 5 ]Kaya2 para nupiksa bisa ngira-ira kepriye mungguh kaanane kutha Sala, kang wujud kutha anyar, senadyan ana kratone. Pedunung / pendhudhuk durung akeh, isih akeh papan mluwa lan sepi, durung reja, isih akeh papan rungkud, ing wayah bengi lindhuk, peteng. Arang wong wani liwat ing kono, Dhek samana isih akeh memedi warna2, sing ngganggu wong liwat. Dalan2 isih akeh sing ala, Yen bubar udan jeblog.

Omahe rakyat.

Omahe rakyat isih persaja. Pagere sing akeh2 gedheg, payone atep Digawe saka alang2 utawa rapak, ya iku godhong tebu garing. Dene wong2 kang kepetung cukup, para priyayi uga para sudagar, omahe pager racak2 saka gebyog, kang digawe blabag kayu jati dipasah alus, arang kang pagere tembok, dene payone gendeng. Mung daleme priyayi kang pangkate dhuwur, bangsa cina, Walanda, Arab lan para luhur, pagere tembok, payone gendheng utawa sirap. Dene jrambahe mester, tegel durung ana. Jrambahe wong2 lumrah (rakyat biasa) ana kang saka sasak, sing digawe pring disigari, banjur dinam kaya gedheg. Ana kang mung bata ditata urut, ora nganggo dilepa. Sing akeh2 jrambahe mung mligi lemah.

Pager pekarangan ana kang saka turus urip. Ana kang saka bethek, gedheg, lan ana kang pager bata.


Diyan

Nalika semana tumrap rakyat lumrah kanggo madhangi ing jeron omahe ing wayah bengi, migunakake "sentir”, isine lenga pet. Ana sing nganggo lenga jarak utawa lenga klentik, diwadhahi ing clupak, didekeki uceng2. Cukup mung minangka ancer. Dene wong-wong sing kecukup, migunekake lampu. Ana lampu teplok, bethetan, setroli gantung lsp. [ 6 ]Bangsa ngamanca sing. wis ana, kaya ta; Walanda, Cima, Arab lan toko² uga migunakake lampu kasebut. Ing jero kraton ngang- go lampu robyong, setroh gantung gedhe, lampu gantung plenthon cawang telu utawa papat. Lampu² mau isine lenga pet.

Ratan gedhe utawa ratan sing perlu² ing wayah bengi dipa- dhangi nganggo ting, digandhulake ing kawat, kang dipantheng ngalang dalan. Elete ting sing lan sijine watara 200-300 m. Ting² iku diiseni lampu teplok. Ting disumet wiwit jam 18.00 (nem sore) tekan jam 06.00 (nem esuk). Ana punggawa negara sing tinanggenah ngurusi/ngopeni.

Kreta²ne para luhur yen kagem tindakan ing wayah bengi. Tinge disumeti lilin, Titihan Dalem Nata, K.G. Mangkunagara, Pepatih Dalem lan Tn Residen, tinge nganggo karbiet.

Tata tentrem.

Kanggo njaga tata tentreme Negara, upamane yen nuju ana kraman, perang Isp, sing kejibah tumandang saradadu beteng (Walanda) lan Lesiun (prajurit Mangkunegaran). Dene abdi Da- lem prajurit Kraton mung kanggo njaga keslametane sarira Dalem Nata. Wondene yen ana rerusuh bangsane kadurjanan sapanung- galane, sing tumindak pulisi. Anane punggawa pulisi dhek sama- na durung akeh. Pulisi mau sinebut upas malem, Pengangeone awan bengi pantalon saka bakal sersi ireng. Ing gulon len lengen an klambi ing (bagian) ugel² tangan nganggo pasmen (dibleg ± 2 cm) abang saka bakal sersi. Ikete wulung. Nganggo topi pring diplitur, ngiringan nganggo benik ceplis, tanpa sepatu; knots karet wangun gilig.

Dawane wetara 20 cm, saweneh mawa gembel kayu, kaya gadaning wayang wong. [ 7 ] Upas kang gilir jaga ing wayah bengi aran Upas malam. Papan ngumpule ing (omah) gerdu pagere tembok, payone seng Gerdu² iku didegake ing pinggir ratan / dalan, milih papan² kang setrategis, upamane ing sacedhake dalan prapatan utawa pratelon. Ing saben bengine sing jaga ing siji²ne gerdu wong telu.

 Gerdu² iku padha disumeti ting. Ing jerone disedhiyani dhingklik, kanggo linggihan utawa kanggo turu giliran. Uga isi gegaman, awujud; canggah, ganthol, lan granggang, nyi- ji. Sing digawe wesi digarani gilig, dawa. Upas kang nampa gi- lir, jaga, kajaba rumeksa ing katentreman, uga diwajibake nabuh bendhe, kanggo tengara jam ing wayah bengi,

 Gerdu² iku ing wayah awan ora ana sing jaga. Bendhe lan gegaman kasebut ditinggal lestari ing kono, ora ana sing wani njupuk Awit wong² ing wektu samana isih padha temen², isih padha wedi banget marang dosa lan wirang isin.

 Dhek samana durung akeh kang duwe jam. Sing duwe mung bangsane priyayi luhur, sudagar lan bangsa ngamanca, ning ya durung sapiraa cacahe. Dene wujude jam iya iku: jam kang ditemplokake ing tembok lan jam kikuk Jam gembol lan jam wekker kapetung durung ana. Wong² ing pakampungan akeh kang padha duwe kenthongan, digawe saka pring utawa ka- yu Kenthongan, katabuh kanggo jam. Ana kang katabuh uluk² nelakake yen isih melek. Ana sing katabuh yen ana bebaya uta- wa ana kadurjanan. Mungguh beda²ne unine kenthongan kaya ngisor iki:


  1. Kenthong loro, tandha ana maling.
  2. " telu, " " omah kobong
  3. " papat, " " banjir
  4. " lima, " " kewan ilang
  5. " enem, " " wong nyamar
  6. Kenthong titir, tandha ana begal, kecu (gedhor),

 raja tatu utawa raja pati. [ 8 ]  Yen ana kenthong tandhe bebaya, disambung dening unine bendhe ing omah gerdhu kang cedhak lan kenthongan ngendi bae kang krungu. Upas malem sing jaga lan wong² kampung banjur padha marani papan wiwitane kenthong, perlu layat utawa tetu- lung. Tumrap bangsane kadurjanan, upas malem nggawa cang- gah lan granggang. Dene wong² pekampungan nggawa pedhang, tumbak lan obor. Tumrap bebaya kobongan, upas malem ngga- wa ganthol Wong² kampung nggawa pedang, bendho lan gan- thol. Pedhang lan bendho kanggo negori lan nengkel² wit ge- dhang. Gedeboge di uncal² ake ing geni kareben mati. Dene gan thol kanggo nggantoli perangane omah sing durung kobong. di- pisahake saka ing geni, supaya geni ora mremen. Wong² kang omahe cedhak karo kang kobongan, pada menek ing empyake o- mahe dhewe². Padha nggawa gombal sapepadane, ditelesi nganggo banyu. Yen ana geni tiba ing payone omahe, banjur digepyok nganggo gombal, kang ditelesi mau supaya mati.

 Panabuhe bendhe lan kenthongan sing kanggo tengara jam manut unine jam gentha ing Panggung Sangga Buwana, sing swa rane gumontang, keprungu ing ngendi-endi papan.

 Miturut pranatan Pamarentah duk semana, wong² lelungan ing wayah bengi kudu nggawe ting cilik utawa upet disumet. Upet iku digawe saka mancung garing dithuthuki nganti empuk, men gampang disumet

Ing wayah lingsir wengi wiwit watara jam telu tekan jam 5 esuk, akeh obor lumaku urut²an Iku obore bakul² saka ing de- sa, menyang pasar sajroning kutha Sala. Lakune kanthi sesindhenan warna², agawe regenge dalan² kang di liwati.

Kaanane rakyat.

 Ing jamane Mataram Islam nganti tekane Kartosuro, lan u- ga nganti tekan ngalihe kraton menyang Surakarta, carane ngang- su kawruh utawa ilmu beda karo jaman saiki. [ 9 ] Wong dhek samana akeh sing padha meguru, nudi jaya kawija- yan lan kanuragan. Sawise iku njur nggilut kawruh kebathinan. Dene para nonoman dening wong tuwane dikirim menyang pon- dhok² (pesantren ). Ana ing kono para mudha kajaba nyinau sastra Arab, kalebu maca kur'an-, uga ngudi jaya kawijayan lan Kanuragan.

 Wong2 ing pekampungan bebudene padha alus2, andhap asor padha ngerti marang tata krama. Ora ana wong kang nyuwara pating brengok, pating cekakak, kejaba kala mangsa yen ana wong mendem. Mula kaanane ing pekampungan iya premanem, tentrem. Wewatakane padha sabar2 lan pada narima2 Atine ora ngangsa lan ora murka. Mula uripe kaparingan umur dawa. Lanang wadon padha seneng nindakake tapa brata. Gegayuhane anak putune bisaa nemu kamulyan lan kaluhuran ing uripe.

 Awit saka anggone padha nglakoni tapa brata, tinemune a- wake padha saras2 kalis ing lelara.

 Wektu semana durung ana rumah sakit Dokter bae mung ana siji bangsa Walanda. Tumindake mung kanggo mitulungi para saradhadu Beteng kang padha lara, utawa bangsa Walanda lan bangsa manca liyane kang mbutuhake. Wondene menawa ana wong ketaman lara, goleke tamba marang panggonane dhukun lan pre- wangan. Kang kanggo tamba ana kang wujud banyu dijapani. Ana kang gegodhongan dipipis kanggop borehan utawa diombe. Lara kuning ditambani tuma diuntal karo gedhang emas. Lara keju kemeng; precil diuntal utawa blendok wit kelor. Ngelu: jeruk pecel didelehi enjet, ditemplekake pilingan Watuk: jeruk pecel didelehi enjet, digarang. Yen wis mateng, banyune dikecera ke ing telak. diulu. Mengguk utawamengi; mangan codhot utawa cleret gombel. Lara abuh : saben esuk gulung ing suketan kang ana ebune. Tatu dipopok parudan pohung. Gatel: didusi godhogan godhong johar karo uyah. [ 10 ]Kadhemen; diunteli rempelu pitik. Tamba2 kasebut ing dhuwur pikolehe akeh kang jodho, njalari bisa saras.

 Yen ana kang nglairake anak kang aweh pitulung dhukun bayi. Wiwit lair tumeka sepasar saben bengi tangga teparo padha teka njurung lek. Sing bisa maca dikon maca. Lumrahe tembange macapat. Wong liyane mung meneng ngrungokake, ora kena ngabotohan lan omben-ombenan. Suguhane wedang panganan saanane. Tengah wengi metu suguhan jenang lemu, lawuhe sambel goreng. Yen puput puser mbrondong mercon tamburan tata cara kang mangkono mau agawe regenge kampung, nandhakake yen tentrem lan rukun.

 Bocah lanang kang umur 5 taun mengisor, gundhule ana kang digombak, ana kang dikuncung, ana kang digundhul plonthos. Rehne durung ana tukang cukur lan durung ana lading panyukuran, olehe nyukur nganggo beling pecahan kopi. Landhepe ngungkuli lading panyukuran. Lan uga bisa njalari thukule rambut bisa luwih akeh, luwih ketel. Iki sing banjur nuwuhake pepisuh „kerok beling". Yen keplentas, tatune dicatu, Yaiku drijine kang nyukur didemokake cethak. Idu sing ana yiyite kang ana ing driyi dioser-oserake ing tatu, wetuning getih bisa pampet.

 Bocah lan wong wadon di cecap, murih rambute dadi ketel, saranane tlethong gajah diobong nganti dadi awu. Awune diwadahi, nuli dijogi banyu. Landhane kanggo jungkatan utawa kanggo kramas.

 Nalika samana wong2 yen lungguhan utawa turu, padha ana ing jogan, digelari klasa. Didokoki meja bunder utawa meja thothitan (meja pesagi), kanggo ndokokake wedang, rokok lsp. Racak durung ana sing duwe kursi utawa dhipan. Sing duwe mung wong{sup|2}} manca lan priyayi padha kagungan kursi, nanging yen lenggahan meksa remen lesehan. [ 11 ] Sarene iya ana ing jogan, digelari klasa ditumpang kasur di aling2i warana cilik. Panyimpene barang2 lumrahhe ana ing grobog (pethi kayu, dhuwur lan gedhe banget). Wong-wong sing kecukup lan priyayi luhur panyimpene barang2e ana ing benet, kang nganggo cundhuk pepethan naga sakembaran adu sirah, diukit diprada.

 Duk rikala semana sekolahan dirung ana Wiwit ana sekolahan, bareng kraton tetep dijajah dening Walanda, ya iku ing wiwitane abad 19 (sangalas). Singana mung ing kutha2. Mundhak tau anane saya mundhak, nanging ya durung sepira akehe.

 Ing kutha Sala dhek semana durung akeh sekolahan. Sekolahan kanggo rakyat umum aran sekolahan angka loro. Sing diwulangake : maca, nulis, etung2, ngelmu bumi, basa Jawa lan basa Mlayu, kang saiki dadi basa Indonesia Sekolahan iki maune mung tekan klas III. Banjur ditambahi 1 (siji) klas, dan, kratonan, lan Kepatihan.

 H.I.S cekakan saka : Holandsch Inlandsche School. Disedhiyakake kanggo putra-putrane para pegawai Negeri, sing wis cukup akeh blanjane. Wulangane kajaba kaya kasebut ing sekolahan angka loro, nganggo tambahan basa Walanda lan aksara Arab gundhil. Maune tekan klas V. Wekasane ditambah tekan klas VII (pitu).

 Sajajar kari H. I. S. kanggo putrane para abdidalem Nata lan para luhur, aran : Sekolahan Kasatriyan.

 Dene anak2 Walanda lan bangsa manca liyane ana sekolah ane dhewe aran; ELS (Eropeesche Lagere School), mligi mulangke basa Landa.

 Sekolahan2 kasebut ing dhuwur, tumprape saiki atingkat Sekolah Dasar Ana sekolahan lanjutan, aran MULO (mulo) cekakan saka ; Meer Uitgebreid Lager Onderwijs dumunung ing kampung Kusumayudan. [ 12 ] Ana maneh sekolah lanjutan aran : Kweekschool, dumunung ing kampung Bathangan. Iki tekan klas III. Emane sekolahan iki ora bisa widada. Saka murid²e kerep tukaran karo putra Pangeran2, banjur ditutup, dielih menyang Magelang, wusanane dielih maneh menyang Ngayogyakarta.

 Dhek biyen bocah lanang wadon padha wedi disekolahake. Dadi cacahe bocah sekolah ya ora akeh. Kang gelem sekolah tumindake ora sregep, kerep ora mlebu utawa mbolos.

Sandhang penganggo.

 Bocah wadon kang wis nggarap sari, penganggone jarikan sabuk-wala nganggo rangkepan, kembenan cathokan kang diarani mekak Ora kena lunga saka ngomah yen ora karo wong tuwane sedulure lanang kang wis gedhe.

 Saben dinane bocah wedok kang wis prawan gedhe, kejaba mbatik dikon olah2.

 Bocah wadon kang durung nggarap sari, penganggone iya ja- ritan sabuk wala, tanpa rangkepan lan ora mekakan.

 Sedinane ora dipethes ing pegawean. kejaba mung dolanan karo bocah2 barakane Mungguh dolanan kang dadi kesenengane : mantenan, pasaran, dhakon kecik, mbar suru, mbar jenthik lsp. Yen mbeneri padhang bulan padha dolanan jamuran gobag sodor, gobag bunder, cublak2 suweng, gula ganthi llne.

 Bocah lanang kang durung tetak, jaritan sabut wala kincong Ana kang sarungan tanpa kupluk Bocah pekampungan yenan, ana ngomah padha kathokan, saka mekao utawa mori. Potongane kathok kaya kathok saiki.

 Perlu diterangake tetake bocah2 jaman biyen iku wis padha gedhe2. Terkadang wis jaka gedhe lagi tetak. Bocah jaka kang wis bubar tetak padha ngingu rambut nganti dawa, kaya lumrahe wong wadon jaman saiki. Padha cundhuk jungkat saka penyu kembang. Rambute digelung, utawa diplinter, njur digubedake ing jungkat. [ 13 ] Jeneng kadhal menek. Yen kadhal menekan, jungkate ora kena miring. Kadhal menekan jungkate miring, yen liwat pekampungan liya, bisa njalari pasulayan, tukar-padu, sing lerege tekan kerengan. Mung saka jungkat miring, merga dianggap kurang ajar. Jaritane ya sabuk-wala kincongan. Klambine atela cekak utawa jas tutup. Bocah sekolah menganggone ya kaya ngono, rambute digelung. Guru sekolah ya jarikan wiron, iket2an, klambi cokak, sabukan nganggo epek tampa keris.

 Wong2 (tuwa) lanang penganggone saben dina jaritan wiron - senajanta kasar2an - utawa sarungan lurik. Nganggo setagen dicathoki cathokan lulang. Cundhuk jungkat, gelungan utawa kandhal menek, ngliga sarira. Nadyan mengkono ora tau masuk angin, marga awake waras2. Manawa nganggo klambi, klambine lakwa landhung saka lurik, utawa klambi hancinco, bakale mori, Yen lungan jaritan wiron, klambi atela cekak, iket2an nganggo keris. Wong wadon jaritan wiron, gelungan, kembenan. Klambine gulon / nganggo kuthu baru slendhangan.

 Ing sarehne para jejaka lan wong lanang padha ngingu (rambut dawa), dadi yen ing pekampungan ana wong gundhul, kang mesthi wong mau ulih2an saka ukuman ; utawa tilas serdadhu Landa kang wis entek angkile (kontrake). Wong mau yen wis mang- gon ing kampung, iya banjur ngingu rambat kaya lumrahe ing akeh Awit nduweni rasa isin lan pekewuh.

 Para pulisi utawa upas prajurit Lesiun Mangkunegaran, prajurit Kraton iya padha ngingu rambut. Yen tumindak sowan nyambut gawe padha nyandang nganggo pantalon sersi ireng tanpa sepatu. Nganggo topi pet iket2an. Ikete wulung.

Pangupa jiwa

 Mungguh pangupa jiwane rakyat wong wadon ngobeng bathik, nglinting rokok dika, ing wektu samana durung ana rokok [ 14 ]kang didol marang umum, kajaba mung rokok dika; buntele nipah dodol sega pulen, sega nenjong, panganan keleman Isp. Dadi jura- gan onde2 gandum, juragan roti. remikan, ya iku: kuping gajah, ide. lir, kembang waru, lantakan gedang line Juragan ing kampung Ba- jadan Kauman. Panganan keleman ana kuwih lapis, klepon, sape- padhane, juragane ing kampung Kreteggantung. Ana kang dadi preyalan, ya iku tukang ngijoli dhuwit kanthi coplokan, kang dia- rani basen. Ana kang gadhe, medel, mbabar, bakul wade lsp.

 Yen roti sing dodol mung siji. Babah Setu ing warung polem. Kang dodol sate gule yamung siji bangsa Arab, janeng Mahdarib ing Gadhing.

 Sing dodol bakmi uga mung siji bangsa Cina, aran Bah Petruk, ing Coyudan. Wong dodol wedang angkringan kang diiderake ora ana.

 Wondene kang bukak bango kang didol; klobot mbako, rokok di- ka rek, dom bolah, sabun lerak. sabun wangi - mung cap sriti. bangsa grabah kaya ta: kendhi, kendhil, lemper, celengan, lan sa- pepadhane; lenga pet, lenga klentik, cethithet, gula, teh areng, ka- yu jati untingan Isp. Anggone padha dodolan mung ing wayah awan tekan jam sete- ngah pitu sore.

 Tumrape wong lanang panggaotane ana kang buruh mikul ing pasar, kang disebut,, salang" Ana kang buruh ngecap, me- del, lan mbabar. Ana kang dadi kemasan, mbubut kayu, gawe ju- ngkat, suweng ireng, suweng wer, digawe saka sungu. Ana kang gawe dandang, kenceng, kendhil saka tembaga. Ana kang dadi pande kreta lsp. Bajingan lan kere kapetung ora ana, awit akeh kang wedi ma- rang wirang isin.

 Ana maneh sing makarya ing laladan/bidhang kabudayan, sing banjur nganakake seni. Ya iku dadi niyaga utawa dadi dha- lang. [ 15 ] Sing akeh2 iki mung mujudake pagawean samben. Ning ya ana sing dadi pegawean baku. Ana sing padha suwita / ngabdi marang penjenengane Nata. Abdi dalem niyaga sowane sing mesti seminggune kaping pindho, Ya iku ing dina Senen lan Kemis. Ana sing apangkat: jajar, bekel, lurah, mantri lan sapiturute.

 Abdidalem niyaga kaparingan jenang nganggo tembung : mlaya utawa pangrawit Upamane; Mlayawiranu. Gitapangrawit lspne. Dene jenenge abdidalem dhalang sing akeh nganggo tem- bung; lebda utawa carita.

 Kejaba kasebutcing dhuwur, ana maneh kang padha marsudi marang joged. Ana joged tayud, joged wayang, topeng lsp. sing lerege marang tontonan.

Kesenengane rakyat.

 Yen nuju padhang bulan, wong2 sing padha mlaku2 urut pekampungan mesti pada ngrungu suwarane bocah2 padha pating brengok. terkadang padha gumuyu cekakakan. Iku swarane bocah2 sing pada dolanan. Ana sing gobag sodor, jamuran jelungan ecu, kendi gerit lln. Isih akeh maneh. Olehe pada dolanan katon, grengseng lan seneng. Terkadang surak2 lan keplok2 rame banget nggambarake alame bocah kang murni. Ing wayah awan dolanane: obrog, bentik, bengkat biten ngundha layangan Ispne. Ana sing seneng mancing, mlinteng manuk 11. Ana dolanan sing asipat ngabotohan, kaya ta : jirak, pak pakan miri, kenekeran mandha dhuwit sen lsp.

 Wondene wong tuwa2 kesenengane ya warna2 kaya ta ngingu puter, dara, blaster; bangsa manuk oceh2an ana kuthilang, bethet, jalak, menco lsp. Ana maneh seneng ngingu kutut. Sing akeh2 padha seneng ngrungokake anggunge. Arang2 ing nengenake marang angsare. Mungguh panitike manuk kutut kang prayoga diingu kaya mengkene: [ 16 ]
  1. Dipirid saka blegere, prabote cucuk, gulu, awak, buntut larswiwi - sarwa dawa / landhung.
  2. Wulune gilap.
  3. Cekelane ambles,
  4. Wangune cucuk nglombok jemprit-dawa, lempeng lan merit - pucuke mbengkuk sethithik.
  5. Mripat amba mendolo.
  6. Dhadha jembar Luwih becik maneh yen nganggo nggandul.
  7. Lakune kaya lakune bebek.
  8. Sisik cakar ora pecah.
  9. Supit kaku. Iki unine banter.

Istilahe; swarane mbuwang (= keprungu saka kadhohan) Liya saka iku:

  1. Driji sikil loro semu putih, arane: Sri Mangepel utawa Sri Sandana. Becik diingu ing wong sing olah tetanen. Wateke tulus kang sarwa tinandur, subur wetune pari.
  2. Mripat kuning sumorot, aran : Marcu - jiwa. Wateke: sing ngingu agung rejekine sarta diluluti ing sapepadhane,
  3. Mripat sumorot kaya mirah, sing ngingu disihi ing akeh sarta dieringi ing liyan.
  4. Muni wektu sore, aran; gedhong minep, wateke becik.
  5. Muni wektu esuk, diarani; gedhong menga (tekane rejeki) Wateke becik.
  6. Manggung sungsun (sundha) aran: Sidasana serengga. Angsare: sabarang karepe sing ngingu dadi becik.
  7. Manggung ing tengah wengi, watake: ana daulat tumekane kabegjan.
  8. lsp. - mriksanana buku katurangganing manuk kutut.

 Sakabehing kewan kang diingu, becik diudi/direksa, bisane awake waras. Luwih 2 tumrap manuk kutut. Kurungan, wadhah pakan lan omben kudu kerep diresiki. Kala2 kudu dijamoni. [ 17 ]Mungguh jamune manuk kutut werna² ;

  1. Lombok jemprit sing wis abang sing cilik bae, kira² bisa kolu-diulig² ake ing lengan klentik, njur dilolohake.
  2. Dhangkel teki diirisi cilik², wetara sa-gabah² dilolohake. Bisa uga dhangkel teki sawise dikumbah resik, didheplok lembut, nuli dipe. Yen wis garing dirumati. Samangsa perlu, djamokake.
  3. Jae, bawang putih, atine kencur, mrica trasi abang, godhong pare lung, dicampuri uyah, dipipis lembut, njur diglintiri cilik², diepe garing; kanggo tandhon.
  4. Ispne,

Manuk yen awake waras ngadat gelis gelem muni Wong tuwa² kajaba seneng marang ingon² kaya kasebut ing dhuwur, nduweni maneh kasenengan kang asipat botohan. Jen jagong botohane: belit, thothit, siki, jembrek Isp. Ana sing slikuran, setoteran, homber, pehi Tumrap wong wedok: thothit, kowah (gonggong).

Tumrap wong lanang ana uga sing pada seneng adu jago. Mungguh jago adon iku titikane mengkene :

Yen disawang blegere - mengeluruh - ketok bagus, bagus lan njenggureng. Awak kengkeng, rosa. Nek mlaku sajak gemaib, ning minyik² ketok trincing. Mungguh wijange mengkene :

  1. Cucuk bakuh, garing kaya seret aking: ora gampang/angel diangapake.
  2. Pakulitane rai alus,
  3. Mripat kinclong, bening kaya kaca Pikolche : yen tarung olahe kesit, pinter endha.
  4. Cengger gedhe (kandhel), memes Luwih becik maneh yen mrastil
  5. Sirah gedhe, ning ya saimbang. sirah cilik, ngecat cilikan aten. Ora kuwat lara
  6. Gulu saimbang karo bagean liyane Janggele (balung gulu) cendhak².
  7. Swiwi landhung akuwung.
[ 18 ]h. Buntut kempel. Sokur bage nguceng mati.

i. Brutu gedhe, rada longgar saka badan, ora kraket,

j. Supit kaku lan keket,

k. Pupu gepeng (nyuthang gangsir).

I. Cakar garing. atos - tekan driji.

m. Driji dawa2, merit Pengapite penunggul megar metu,

n. Katel tipis / trepes Pikolehe ; trincing.

 Jago iku (= warnane wulu ) werna². Ana sing abang. Abang tuwa, abang semu ireng. Ana sing ireng, putih, lurik, klawu wido Isp,

 Ing lingkungane botoh2 jago ana istilah „ules mapan“. Sing jeneng ules mapan mono wulu ing dhadha bleg ireng” Wulu bagean liya upamane abang, ning wulu ing dhadha bleg ireng Jeneng : ulese mapan². Ules mapan bisa nyumbang kebagusan, lan nduweni watak tanggon. Mula ya dadi pilihan. Jago abang yen cakare putih, aran abang — srana Mustikaning abang srana iku, yen, cenggere wilah, jalu canthel buntut mubal (putih). Adat nduweni kaluwihan, Ning arang anane.

 Jago abang sing cakare kuning, aran wiring kuning. Yen cakare ireng arane: wiring galih.

 Jago wiring kuning, yen ing ngisor jalu begian ngarep (gares) ana sisike kemroyok, diarani : brongsong-tanjung- karang

 Jago klawu yen sikile (cakar) ireng aran ; klawu ketek. Miturut golek ing tlatah Boyolali, ing desa Pilangdhoyong, yen metoni jago klawu kethek, kuwat dipayungi. Lire menangan banget. Kaya dene jago kedhanyangan utawa kejiman, Nganti ing biyen goteke akeh Pangeran² kang ngupaya mrana. Ning ya arang banget metoni (anane ).

 Jago klawu kethek yen jenthike sisike pecah diarani ; pandhita pasang walat.

 Kaya mengkono werna² banget arane jago, sing kagawa saka ules lan kaanane perangane badane. [ 19 ]

TETUNGGANGAN LAN DALAN.

Wektu samana wis ana sepur. Dene dununge stasiun ana ing : Purwosari, Balapan lan Jebrês. Lakune trem kang lumebu kutha Sala saka Purwosari menyang Jebres metu ril kanthi digered ing jaran teji, 2 (loro) dikusiri. Kusire karo nyendhali gentha, kang muni ; neng - neng - neng.

Ing Gladhag ngarep Beteng ana haltene trem Pager lan payone saka seng. Lakune trem saka Gladhag liwat kreteg kali Pepe. Pasar gedhe Warung pelem mengalor tekan setasiun Jebres. Pamasange ril turut ing pinggir ratan gede iring wetan. Trem kang mangetan menyang Sangkrah durung ana.

Kreta andhong durung akeh, Sajrone kutha Sala kang ngingu reta andhong kira-kira mung ana patang panggonan. Kang kapetung akeh reta jarane kanggo andhong ya iku kagungane Bandara Raden Mas Harya Dipaningrat (nDara Kembar). Tilas daleme ing wetane prapatan pasar Gemblegan, kidul dalan marep ngalor, ing sangarepe S.D. Kristen.

Uga ana kreta kang mung kanggo sedhiyan pundutan saka Kraton, karan kreta daleman. Sing ngingu Mas Ngabei Manguncarma, daleme ing Nonongan.

Kusir kerta andhong - kanggo umum - penganggone ; kathok clana, klambi potong mangkok putih saka mori. Gulon lan lengene kaprenah ing ugel² dibleg jingga abang, ambane watara 3 cm.

Ana maneh kreta duweka Hotel Slier. Dhek samana ora ana hotel liyane, kajaba Hotel Slier Iki mung kanggo methuk dhayoh menyang setasiun Balapan, sing arep nginep / mondok ing Hotel Slier.

Kusir kreta daleman lan kreta hotel Slier, penganggone : clana putih klambi toro (sayak) warna biru nom lorek putih sasada. Topi bunder saka pring, diplitur. Kusir kreta para / kreta padinan ing Kraton, penganggone : clana putih, klambi toro abang saka kurasi Iket wulung, topi pring diplitur. [ 20 ] Kang kagungan titihan kreta kajaba kraton, Kangjeng Gusti Mangkunagaran Tn. Residen. Pepatih Dalem kretane biolet kust. Kangjeng Pangeran, para Bupati, santana Dalem Riya, Mayor, Bupati anom (Kliwon), kretane biolet utawa siyas.” Jaran kanggo narik jaran teji, jaran poni - turunan teji.

 Antarane Grogol tumekane Bacem tetunggangane dhokar utawa cemumuk. kagered ing jaran siji. Nanging ya oro akeh cacahe. Malah racak manawa ana wong kang lelungan adoh, tunggangane nyewa grobag sapi. Anggone lungan kang mesti sabrayate kaya wong. alih²an. ngGawa klasa bantal, piranti olah² lan bahan pangan kanggo ing dalan.

 Cacahe wong lungan kang lumaku ing dalan² pating klecir kena dietung. Papan kang kapetung reja, wiwit esuk tekan sore kehe wong mlaku kira² mung antara ana wong 100 - 200 an. Kreta kang liwat kurang luwih mung ana 10 - 20 kreta / iji. Dene papan sepi, kaya dalan Tipes, Panularan, ing saben dinane prasasat ora ana wong liwat, arang diambah reta.

 Ing sarehne wektu semana dalan² durung ana kang diaspal, kajaba mung diurug lemah lan krikil, mula lakune kreta iya rekasa. Lunga menyang Kartasura bae kretane kudu ditarik jaran papat, yen mung jaran loro ora kuwat. Yen ana wong lelungan arep tilik sedulur, kang omahe cedak kali utawa bengawan, lakune padha nunggang prau. Kang duwe jaran yen lelungan adoh, lanang wadon pada nungang jaran, kanthi nggawa wong kang dikon nuntun jaran, kang ditunggangi dening wong wadon Tetunggangan bangsane sepada, motor, durung ana.

BAB TONTONAN.

 Kaanane tontonan ing wektu samana, gambar idup, wayang wong. kethoprak durung ana Kala² ana tontonan barangan, ya iku : ledhek slompret, kethek ogleng, ledhek kalongking, reyog jathilan ledhek barangan kang pengangone : gelung gedhe [ 21 ]gelung gedhe nganggo kembang, cundhuk jungkat jeruk saajar mawa mripat inten utawa nagur; kembenan nganggo peniti, kalungan, jarike bathik ngliga sarira. Slendange sampur sutra biru, ijo, abang, kuning lsp. salah siji endi sing disenengi, Gamelane gamelan gedhe, gonge nganggo gayor. Tanggapane sababak (segendhing) setali (25 sen); sajame seringgit. Yen nuju begja ditanggap ing wong kang pinuju duwe kaul, utawa dening priyayi kang munggah pangkate kang nganggo nekakake dayoh Pananggape sarana ditelas ngarti puluhan rupiyah). Banjur ledhek mau kanggo joged tayub, diajoni dening dhayoh kang padha teka genti². Ing adat nganggo omben² inuman keras, nganti akeh kang padha mendem.

Ing sasi becik, kaya ta ing sasi Jumadilakir, Rejeb lan Besar, akeh wong duwe gawe mantu Tumrap priyayi luhur totonane : wireng, pethilan Gatutkaca - Antareja, Penthul - Tembem, Handaga - Bugis utawa wayang lulang. Dene priyayi lan wong² kang cukup, kang mesti tayuban. Rehne wektu semana durung akeh ledhek, mula sadurunge tempuking gewe, kudu wis golek ledhek, ngonggo manjeri.

Saben ana tayuban, wong kang pada mendem banjur pada kerengan. Terkadhang pancen wis padha incim²an ing sadurunge, muli golek dhadhakan. Olehe kerengan terkadang nganti suduk²an keris, ning padha ora pasahe Marga padha bandhole. Pancen dhek samana akeh wong kang ngudi marang atosing balung, kandeling kulit Akeh uga kang padha duwe mesail, kaya ta: wesi kuning, lulang-bo lan-dhoh, mira dlima badhar besi lsp, kang bisa njalari nuraga.

Ing sasi Dulkangidah akeh wong duwe gawe tetakan, Carane bocah kang ditetaki digawa menyang ngebongan, nganggo diiring ing reyog Lakune mulihe, reyoge tansah jejogedan turut dalan. Yen ngliwati dalan prapatan reyog kekiter nganggo perang²an ing sawetara suwene Gegamane pedhang (kayu) utawa gada. [ 22 ] Yen dudu reyog kang ngiring utawa njajari: slawatan. Ya iku santri nabuh terbang, kanthi dhikiran. Unine trebang Tong tak, tong tak, tongbrung, tong brung. Ing bengine nganggo rodatan/santri suwaran (laras madya). Kang akeh2 duwe gawe tetakan mono kanthi nanggap wayang lulang sedina sewengi.

 Kang kerep ana tontonane, ya iku saben selapan dina sepisan kabener tingalane Kangjeng Pangeran Harya Cakranagara, kang tilas daleme bageyan buri saiki dianggo Pegadean Negeri Cokronegaran. Tontonane solan - salin, ya iku; penthul tembem, kang njoged abdi dalem canthang-balung kraton, jeneng Crema lan Capana. Yen wireng cebol, dhapukan kang njoged sing dadi Gathutkaca cebolan jeneng Ketel, ya iku cebolan kang cendhek dhewe. Antarejane cebolan aran Ngadiya, dhuwure sairib karo Ketel. Yen Andaga - Bugis, kang dadi Andaga cebolan jeneng Gandhen. Dene kang dadi Bugis cebolan kang aran Teko. Kajaba cebolan kang dadi wireng, ana maneh abdi cebolan kang rosa. Yen caturan karo sapa bae cara mlayu (Indonesia). Sing siji aran Kacowa, sijine si Mus. Cebolan loro iku maune pemain kumidi kuda. Pinuju main ana Sala kene, banjur dipundhut dening Kanjeng Pangeran Cokronagoro, Kajaba iku isih ana maneh abdi dalem cebolan sawatara.

 Kanjeng Pangeran Harya Cakranagara iku pangeran sepuh. Misuwur asmane, gedhe pangaribawane. Senajan Kraton utawa pangeran sak Sala ora ana kang kagungan abdi klangenan cebolan, bucu, kesot, kajaba mung Kanjeng Pangeran Harya Cakranagara dhewe. Dene pangkat saka Beteng (Walanda) dadi Overste mula iya kajen keringan.

 Wiwit malem 21 tumeka Bakda Pasa tontonane warna, ya iku ; jenggi lan bloemencorso, diyane oncor pirang2 Parane ngumpul menyang Kebon - Raja (Sriwedari), kang ing kono ana tontonan main api utawa kembang api. Saben malem ganjil ing emper omahe wong2 disumeti ting dluwang manca warna, asri dineleng lan nggambarake „urip seneng". [ 23 ]Bocah2 padha lumaku gegrombolan turut dalan padha nggawa ting karo muni bareng; thong-thong heeeek. Bah Gareng mati mendelik. Ora lali tinge kobong. Kaya mengkono agawe reja regenge pekampungan.

 Klebu ewoning tontonan uga, ya iku yen ana layon liwat. Layone ditrebela, dipikul ing wong papat genten-genten dening kang padha layat nganggo dipayungi. Tumrape wong lumrah payunge payung dluwang. Tumrap abdi dalem utawa priyayi tanda pangkate. Kang ora kebener mikul, lumaku ana burine layon. Ing ngarep layon lakune wong kang nggawa kutug, diwadhahi ing sosog, maejan. lan bokor isi dhuwit kanggo sawur. Wujude sawur iku dhuwit sen digebeg nganti menceret, diwor karo beras kuning Yen lakune layon ngliwati dalan prapatan, dhuwit sawur disebarake, dirayah para wong miskin kang ngintil lakuning layon.

 Modin kang lumaku njajari layon dadi pangarepe dhikiran Dene dhikirane mengkene: Lha illah-lha illolah, Mokhammaddun Rasullolah. Samenenge modin dhikiran, disambung/ditirokake dening para kang padha layat bebarengan, nganti tekan kuburan. Suwarane gumrenggeng agawe regenging lakune layon. Kang padha layat ora ana kang guneman karo kancane, kajaba mung dhe dhikiran kaya kasebut ing dhuwur Tumindak kang kaya mengkono iku, kang layat katon anggone melu belasungkawa.

 Menawa ana sedan - ana bangsa luhur seda akeh wong2 ing pekampungan lanang wadon, tuwa-anom, gedhe cilik padha merlokake nonton lakuning layon kanthi nyegat ing pinggir ratan kang bakal diliwati. Mungguh pangruktine trebeia dibuntel mori putih di wiru2 dicara kembang, ditunggangake kreta layon, katarik jaran teji papat. Jarane dikrudhuki mori putih. Kusir lan keneke nganggo slempang mori putih Topine pet, ing buri nganggo eblek saka mori putih. Lakune kreta ora rikat, mung mlaku. Jarane dituntun ing kenek papat, ana kiwa tengene jaran. Kusire lungguh ing kusiran, nyekeli lis. [ 24 ]Layon dipayungi ana sisih kreta. Sakiwa tengene kreta lakune prajurit kang ngurung-urung kanthi nggawa tumbak. Landheane tumbak kablebet mori putih. Sandhangane, iket wulung, aslem-pang mori putih. Topine pet ireng, ing buri diembeli mori putih; tanpa sepatu. Mangkono uga para kang tumindak nggawa payung kutug, bokor isi sawur, mayan. Modin lan liyane uga pas dha nganggo slempang mori putih.

Para priyayi kang padha layat, mlaku. Panganggone lanang wadon klambi ireng, jarite latar ireng. Priyayi lanang kerisan sabuke putih. Kang tumindak dhikir mung para santri, kang lumaku ing sangarepe kreta layon. Dene para kang padha layat mung padha meneng, ora caturan lan ora melu dhikir.

Manawa nganggo pakurmatan tambur, kang nambur abdi dalem prajurit kraton, lakune njajari layon. Lagune Rara nangis, suwarane angereseresi.

Ana maneh tontonan wayang lulang kang kanggo miradati bocah kang diruwat. Dene bocah kang kudu diruwat iku cethane kaya ing ngisor iki:

  1. Ontang-anting, anak lanang siji ora duwe sedulur.
  2. Unting unting anak wedok siji ora duwe sedulur.
  3. Lumanting, bocah kang lair tanpa ari2.
  4. Sarimpi anak papat wedok kabeh.
  5. Sarambalanang kabeh.
  6. Pandawa anak lima lanang kabeh.
  7. Pandhawi anak lima wedok kabeh.
  8. Madangake anak lanang 4, wedok siji.
  9. Ilip ilip anak wedok 4, lanang siji.
  10. Uger2/lawang ). anak lanang loro.
  11. Kembang sepasang, anak wedok loro.
  12. Gedhana - gedhini, anak2 sing lanang kang tuwa
  13. Gedhini - gedhana, anak2 sing wedok kang tuwa
  14. Sendang kapit pancuran, anak 3 wedoke ing tengah.
  15. Pancuran ingapit sendang, anak 3 lanang ing tengah. [ 25 ]
    KRAMEAN SEKATEN.

Saben sasi Mulud (Rabingulawal) ing kutha Sala ana tontonan, kang diarani Sekaten, manggon ana ing alun2 lor. Sekatenan iku kramean krajan Islam. Anane wiwit jaman Demak, diuri2 nganti seprene. Dhek jaman isih sugenge Ingkang Sinuwun P. B. X (sepuluh), kramean Sekaten isih rame banget, ora kaya saiki.

Ing alun2 Lor didegi omah2, los2 lan bango2 pirang². Kabeh iku asipat darurat, mung kanggo sajrone kramean Sekaten. Bangunan darurat iku kanggo sedhiyan enggon tontonan werna-werna, toko2, restoran2, lan warungan jajanan warna2. Ing padatan tontonan dipapanake ing sisih wetan lan kidul. Dene ton-tonane kaya ta; gambar idup, wayang wong, soreng, kethoprak, Langen driyan, sulapan, lsp. Kabeh2 mau tontonan barangan. Sing akeh2 saka liyan daerah. Swaraning gamelane rame umyung, keprungu kadi kadohan, ndedudut ati. Kajaba tontonan, kerep uga ana, draimolen, kanggo mbebungah bocah2. Merga mubeng seser. Lungguhane wujude werna2. Ana sing arupa jaranan, pepethan macan, singa, ana sing lugu kaya bak reta, kursi lsp. Bocah2 padha seneng nunggang, nadyan nganggo mbayar.

Toko ya pirang2. Wis taa.... jeneng tokooo... ngalih utawa toko tiban. Sing didol ya werna2 banget. Sasat apa kabutuhane wong urip, ing sekatenan kono ana Kari nari dhuwite. Sing sandangan, rerenggan anggon2 emitasi apa sing asli. Upane gelang kalung lspne. Rerenggan omah, piranti dhahar ( = service ), piranti pawon sapepake. Dolanan bocah, werna2 butuh gangsingan bumbung ya didoli.

Terkadang ya ana pameran utawa seteling (tentoonstelling) asil kerajinan rakyat. Saka bahan pring, penjalin kanggo barang nam2an. Bahan kayu, balung, gadhing, penyu, salaka, kuningan lspne-lspne. [ 26 ]Barang2 asil kerajinan iku dipamerake ora mung supaya dideleng ning uga kena dituku, endi sing dibutuhake. Sugih tuma, jaring tuma (suri) ana. Sing doyan ngrokok, butuh pipa,..! Apa sing (saka) balung, sungu, gadhing, apa sing saka kayu. Kari milih.

Kesel mubeng2 nenonton... kari menggok, njur lenggah Ngersakake dhahar, apa mung ngunjuk, ngiras ngirus ngilangake sayah. Unjukan werna2. Dhawet Ponorogo ya ana. Dhaharan ya werna2. Apa dhaharan cap angkring, apa sing masakan restoran, sing rasane enak2. Restoran gedhe cilik okeh. Arep mblendhukake weteng,..klakon. Waton dhuwite cukup.

Pancen kramean Sekaten iku sawijining hiburan rakyat sing wigati, sing ampuh. Luwih2 tumrap para mudha. Terkadhang kala2 kaya2 rumangsa wegah mulih. Saya yen mbeneri udan widadari, sing agem2ane maneka warna. Ana sing aklambi kuning, ana sing aklambi jambon, abang, ijo, biru lspne, miturut senengane dhewe2. Mengkono uga slendhang utawa sentiere Nganggo rinengga ing sosotyadi pating galebyar, amimbuhi sulistiyaning warna/rupa. Ora jeneng kladuk, yen diucapna akeh widadari dharat, utawa „udan widadari".

Ana ing Sekatenan wong ora mung oleh kalodhangan bisa makani mripat, ning uga kanggo makani ati. Ati susah digawa mlebu ing Sekatenan, sanalika bisa lipur. Hati patah, bisa nyathok „harapan baru".

Ing pamuji muga2 ing jaman saiki bakal bisa muncul maneh : kramean Sekaten" kaya jaman wingi2,

Bangunan darurat sing kanggo enggon tontonan2, toko2, restoran² lspne iku kang yasa Pamarentah Kepatihan (Kasunanan). Kang padha manggon cukup mbayar sewan. [ 27 ]Wetara kurang seminggunan saka wiwite kramean Sekaten, bajingan² lan pencopet² sakutha Sala padha dicekel, ditahan ing Pakunjaran. Mengkono iku njaga katentremane wong² sing padha nonton sekaten. Senajan mengkono iya ora weya, isih dianani pejagan polisi kang kuwat. Uga di samektani tenaga² lan piranti² "pemadam kebakaran" dening Pemerintah kanggo njaga keslametan.

Kramean Sekaten diwiwiti tanggal 6 (enem) tumeka tanggal 12 sasi Mulud, kanthi tengara unine gamelan Sekaten wiwit jam 17.00 (5 sore). Ing sadurunge gamelan wis dirakit ing bangsal², ing sangarepe Masjid gedhe Kang ditabuh dhisik gamelan kang ana ing bangsal sisih kidul, aran Kyai Guntur Madu: gendhinge Rambu Samenenge gamelan ing bangsal kidul disambung unine gamelan ing bangsal lor, kang aran; Kyai Guntur Sari; gendhinge: Rangkung. Panabuhe gamelan terusan rina wengi. Lerene mung yen mbarengi salat isyak, subuh, luhur, asar, magrib lan yen pinuju malem Jumuah tumeka Jemuahan. Kang nabuh para abdi dalem niyaga Kraton. Tumindake nabuh giliran, ing saben dina salin utawa ganti niyaga. Menganggo cara Jawa ganep, ya iku jarikan, klambi atela ireng, kerisan, nganggo kuluk, kalung samir. Para niyaga kang kwajiban arep nabuh, watara kurang 10 dina saka tanggal 6 sasi Mulud, wis padha nglakoni sesirik ana omahe dhewe. Upamane mutih, ngrowot, nyirik uyah lspne, sajrone 7 dina. Sarampunge nglakoni sesirik njur slametan (dikondangake). Anane tumindak mengkono, pamrihe panabuhe gamelan bisaa rahayu slamet sakulawargane. Amarga duk samana pancen isih akeh walang sangkere (rubedane). Munine gamelan Sekaten kang sepisanan, katemtokake ing tanggal 6 sasi Mulud jam 5 sore. Bubare tontonan Sekaten ana tanggal 12 sasi Mulud, jam 12 awan, kang lumrahe diarani Bakda (Bedhol payung) Malam Bakda gamelan Sekaten watara jam 24.00 (12 bengi) wis ora ditabuh Jam 6 esuk dikondurake bali menyang Setinggil tanpa upacara. [ 28 ]Dina Bakda ing kraton dianani pasowanan gedhe. Watara jam 5 esuk wus keprungu unine gamelan kodhok ngorek, kang di tabuh ana Setinggil. Lan unine gamelan carabalen kang katabuh ing daleme para abdi-dalem Bupati. Suwarane umyung agawe regenging praja. Watara jam 7 esuk gamelan kang ditabuh ana ing daleme para Bupati padha dipikuli, digawa menyang alun2 Lor. Turut dalan ditabuh, gendhinge carabalen, munggang. Lakune gamelan kanthi diurung-urung abdi dalem Panewu lan Mantri, krerehane Bupati kang kagungan gamelan. Satekane ing alun2 gamelan mau kapapanake ing omah2an blak2an apayon seng. Turut tritis dipasangi plisir gula klapa (merah putih) Omah mau diarani "pagongan". Dene mapane pagongan Lor ringin-kurung kang Wetan, ana Gladag ngarep Beteng. Menawa pisowane Kanjeng Gusti Mangkunegara, Pepatih dalem, Tn. Gubernur ngliwati pagongan mau, gamelan ditabuh munggang, minangka kanggo pakurmatane. Watara jam 9 esuk titihan dalem gajah aran mBok Rara Saat dipaesi. Ing gegere ditumpangi slebrak bludru diblundir benang emas. Dicencang ing balok gedhe saka kayu jati kang ditancepake jero lemah, aran wantilan. Dununge kaprenah sakidul wetane gapura Masjid gedhe. Lakune mBok Rara Saat saka kandhange ing kampung Gajahan tumekane alun2 Lor kanthi diarak (ditutake) para abdi dalem srati, kang menganggo dodotan, klambi sikepan gedhe, kulukan. Penencange gajah mau sikile ditaleni rante gedhe oleh wantilan.

Kaprenali lor stamplat Bemo ing alun2 Lor dhek semana ana bangsal gedhe blakan. Yen Bakda kanggo papan palerenane kreta titihan dalem Kyai Garuda Kencana, Kreta iku katarik jaran teji cacah papat. Kusir, kenek manganggo pantalon pameran (bakdan), sumadhiya ana bangsal kono. Bangsal iku diarani bangsal pakretan. Titihan dalem jaran dipakehi nganggo ebek2an, slebrak bludru sinulam benang emas, Katuntu para abdi dalem gamel menganggo dodotan, klambi sikepan gedhe kulukan, Manggon ing bangsal payon seng, kaprenah lor - saiki kantor pulisi- aran Bangsal Pandengan. [ 29 ]Abdi dalem prajurit Kraton menganggo grootnen pantalon Klambi jas saka bakal sersi ireng, topi pat ireng nganggo bulu² saka bobat putih, gegamane bedil Repetir, ngadeg djejer (baris) wiwit ngarep pagelaran sisih wetan, manggon ing salor lan sakidul ringin kurung kang wetan Dene kang sisih kulon manggone barisan iya ana saler lan sakidul ringin kurung kang kulon. Saben adege prajurit 10 dilet-leti rontek (gendero cilik) ditan capake ing lemah. Mungguh tetindhihi barisan mau para Opsir. Dene para Kaptin, Mayor lan Kolonel kang mriksa barisan padha nunggang jaran teji, manggon ana topengan pagelaran. Prajurit kang kuwajiban ngunekake mriyem sumadhiya ana sacedhake mriyem.

Miyose ingkang Sinuhun saka jero Kraton watara jam 11 awan. Dijajari para abdi dalem kang padha ngampil pusaka mawarna-warna, banyak dhalang sawung galing, Tedhake ingkang Sinuwun kalayan dharat disongsongi gilap aran Kyai Sagara Muncar. Dalan kagem langkung digelari babud. Sawingkinge ingkang Sinuwun ngarubyug para abdi dalem putri, disepuhi Nyai Menggung (abdi dalem bupati wanita) padha ngampil pusaka kang dadi adat tata carane Kraton. Miyose ingkang Sinuwun dikurmati unine musik, gamelan kang ana Setinggil. lan gamelan kang ana ing pagongan alun² lan ing Gladag. Swarane umyung, agawe asri lan regenge pasamuan. Swasana ing pasewakan sidhem premanem datan ana sebawaning walang salisik.

Nalika ingkang Sinuhun rawuh ing Setinggil Tn. Gubernur, Kanjeng Gusti lan para Administratir Walanda padha ngadeg, kurmat. Ingkang Sinuwan banjur lenggah ing dhampar. Ta. Gupernur lenggah ing kursi jejer karo ingkang Sinuwun. Ana bangsal salore bangsale Kanjeng Nyai Setom. Dene ing platarane bangsal kang dilenggahi ingkang Sinuhun karo Tn. Gupernur, lenggahe Kanjeng Gusti Mangkunagara, para Kanjeng Pangeran Pangageman dodotan ngumbar kunca, ngliga sarira, ngagem makutha mathak. [ 30 ]Para Administratur Kapten Arab lan Kapten Cina lenggahe kursen. Pengagemane Kanjeng Gusti Mangkunagara grootnen ireng cara militer. Dene para Tn. Administratur, Kapten Arab, Kapten Cina padha menganggo pantalon, jas bukak ireng kang diarani jas roki (jas bukak ing buri dawa), dhasi putih. Pepatih dalem sapanekare Bupati, Wadana Kliwon, Panewu, Mantri Lurah Beke, jajar, lenggahe handher lesehan sila ana ing babut, klasa lan lampit ana ing pagelaran. Pangagemane padha dodotan, klambi sikepan gedhebludiran, kulukan Sawise ingkang Sinuhun lenggah, unine musik lan gamelan banjur pada meneng.

Ora antara suwe wetune gunungan saka Kraton cacah 30 iji, dipikul abdi dalem Nandon. Saben gunungan siji dipikul Nandhon papat. Gunungan mau ana kang lanang lan ana kang wadon. Kang lanang lincip, kang wadon papak. Gotek dedongengan, siji2ne gunungan mau minangka slametane siji2 ning wuku. Ana jero Kraton didongani donga Buda. Ana ing Masjid didongani donga Islam.

Mungguh ubarampe lan wujude gunungan, ya iku: pring digawe kaya kurungan, dhuwure watara 1 m. Dirobyong2 opak lempeng, rengginang, terong, lombok pirang². Kabeh mau mentah disunduki, ditancepake ing godhong kang kanggo ngrukub kurungan. Sakubenge kurungan dikanthili endog pitik mateng pirang2 jinah dironce. Sajerone kurungan sega wuduk, ingkung pitik bumbu lembaran sapirantine. Kurungan mau katumpangake ing ancak pesagi, dawa lan ambane watara 2 m. Ancak mau kang digawe kayu jati, ing sakubenge dipasangi plisir gula klapa.

Lakune gunungan menyang Masjid gedhe, diurung-urung prajurit saka Baki nggawa tumbak. Kagrubyuk abdi dalem Bupati kang nampa urak sapanekare, kanthi pada dipayungi. [ 31 ]Kang njajari ana ngarep gunungan abdi dalem canthang balung karo jejogedan, kairing gamelan dipikul, ditabuh gendhing cara- balen. Satekane ing masjid gedhe, sarampunge didongani, ana endhog, opak, terong lspne sing kanggo ngrobyong² dirayahake ing plataran Masjid. Mung kang awujud sega sapirantine, diparingake marang para Bupati lan para penggede kang nindakake kuwajiban ing dina Bakda iku.

Abdi dalem canthang balung lan para Bupati sapanekare kang padha grubyug gunungan banjur bali menyang pagelaran, Ora antara suwe keprungu unine drel, ya iku unine bedhil sinambung unine mriyem telung rambahan. Samenenge drel ingkang Sinuhun jengkar, kondur angedhaton. Pasowanan bubaran.

Ing ngarep wis diterangake, yen kramean Sekaten dipungkasi ing tanggal 12 Mulud/Rabingulawal Dina iku tiba dina wiyosane K. Nabi Muhammad s. a. w. Dadi Sekatenan, mengku karep uga ngurmati dina wiyosane Kangjeng Nabi. Kaya mengkono iku pancen wis dadi pagedhongane kang kagungan moga. Mula bukane mung awujud unining gamelan kang tinabuh ing plataran Masjid. Iku mijil saka usule njeng Sunan Kalijaga, ing musyawarah agama, kang dianakake dening Kraton Demak duk ing kuna. Usul ditampa, banjur katindakake, lestari nganti saiki.



---0O0---
[ 32 ]Ing ngarep wus katerangake, menawa wektu samana kaanane wong2 pakampungan atine padha nrima, ora ngangsa. Mula uripe iya padha tentrem. Yen pinuju mangsa ketiga lan pinuju padhang bulan wong2 pakampungan seneng padha dolan sanja menyang omahe tangga teparone kang dianggep duwe kawruh.

Tekane ing kono banjur linggihan nggelar klasa ana latar. Wedangan pacitane pohung godogan. Kaanane sanjan kaya mangkono iku wis kaanggep kanikmatan ing uripe. Dene kang dirembug kajaba crita lan dedongengan, kadhang kala uga pirembungan kang isi kawruh kang migunani tumrap masyarakat. Kang duwe omah miwiti rembugan bab ala becike petung kanggo nikahan, tetakan, ngedegake omah lspne. Terange kaya mengkene:

  1. Wataking sasi.
    1. Duwe gawe sasi Sura, ora becik: sugih utang.
    2. „ „ „ Sapar, ora becik; nemu piala.
    3. „ „ „ Mulud, ora becik: mati salah siji.
    4. „ „ „ Rabingulakir ora becik sok padudon
    5. „ „ „ Jumadilawal, sok kwirangan
    6. „ „ „ Jumadilakir, sugih bandha.
    7. „ „ „ Rejeb, becik sugih anak lan bandha.
    8. „ „ „ Ruwah, becik nemu raharja.
    9. „ „ „ Pasa, ora becik nemu duraka,
    10. „ „ „ Syawal ora becik tansah lara.
    11. „ „ „ Sela, ora becik tansah susah.
    12. „ „ „ Besar, becik sugih bandha.
  2. Wataking dina lan sasi kanggo tempuke gawe.
    1. Rahayuning sasi Sura ana dina Rebo lan Kemis. Sarjuning sasi dina Jumuwah. Sangaring sasi pasaran Legi
    2. Sasi Sapar kaya sasi Sura.
    3. Rahayune sasi Mulud ana dina Jumuwah. sarjuning Sasi ana dina Setu lan Akat. Sangaring sasi pasaran Legi.
[ 33 ]
  1. Sasi Rabingulakir kaya sasi Mulud ; mung sangare Paing,
  2. Sasi Jumadilawal kaya sasi Mulud : sangare Paing.
  3. Rahayune sasi Jumadilakir ana dina Setu lan Akat Sarjuning sasi ana dina Senen Selasa, Sangaring sasi pasaran Paing.
  4. Sasi Rejeb, Jumadilakir ; sangare Pon.
  5. Sasi Ruwah kaya Rejeb, sangere Pon.
  6. Rahayune sasi Pasa ana dina Senen lan Selasa. Sarjuning sasi ana Rebo, Kemis. Sangare Pon.
  7. Sasi Syawal kaya sasi Pasa ; mung sangare Wage.
  8. Sasi Sela kaya sasi Sawal.
  9. Rahayune sasi Besar ana dina Rebo. Kemis. Sarjuning, sasi dina Jumuwah Sangare Wage.


c. Pitung Iladuni / Wataking dina kanggo duwe gawe.

  1. Jumuwah 1 oleh rijeki : II oleh begja.
  2. Setu IV oleh guna raharja ; II oleh guna dadi mungsuh.
  3. Akat II oleh harja salawase ; IV oleh harja gedhe.
  4. Senen I + II oleh guna karya ; Senen IV oleh guna harja sakajate.
  5. Slasa II + IV nemu harja gedhe salawase.
  6. Rebo I + II nemu harja ; Rebo IV diasihi wong gedhe.
  7. Kemis III + IV nemu slamet, sugih sanak, disihi sapa bae.


d. Petung panca suda kanggo nikahake penganten.
Anjupuka neptuning dina lan pasaran, Jumuwah neptune 1; Saptu 2: Akat 3; Senen 4; Slasa 5: Rebo 6; Kemis 7: Neptune pasaran : Wage 5; Pon 4: paing 3: Lege 2: Kliwon 1.

Lamun gunggunge neptu dina + pasaran tinemu :

  1. Nuju padu ; watake penganten utawa wong tuwane tansah tukar padu salawase


2-8. Demang kandhuruan ; watak padha karep lara.
[ 34 ]
 1-8.   Demang kandhuruan : watake padha kerep lara.
 4-10. Mantri Sinaroja : watake nemu bungah lan seneng.
 3-9.  Sanggar Waringin : watake nemu harja + seneng.
 5-4.  Menjangan ketawan : watake gelis pisah + nemu susah.
 6 12. Nuju pati : watake enggal mati salah siji.

e. Dina tali wangke.
Sarampunge janggone norangake bab watake sasi lan dina, dina, disambung rembuge tanggane kang melu linggihan Nerangake sa si kang ana dinane tali-wangke ya iku:

  1. Sasi pasa , dinane taliwangke : Jumu'at Kliwon.
  2.  " Sawal,  "   "     : Setu Legi.
  3.  " Sela,     "   "     : Seuen Paing.
  4.  " Besar,  "   "     : Slasa Pon.
  5.  " Sura,     "   "     : Kemis Kliwon.
  6.  " Sapar, ora ana dinane taliwangke.
  7.  " Mulud, dinabe taliwangke : Jemu'ah Legi.
  8. Sasi Rabingulakir , dinane taliwangke : Saptu Paing.
  9.  " Jumadilawal,  "   "   : Senen Pon.
  10.  " Jumadilakir ,   "   "   : Slasa Wage.
  11.  " Rejeb    ,  "   "   : Rebo Kliwon.
  12.  " Ruwah    ,  "   "   : Kemis Legi.

Murih raharja ing uripe, yen lelungan lan nitisake wiji aja mbeneri dina taliwangke. Warile ora becik.
Dene becike dina taliwangke iku kanggo miwiti gawe pager, wa teke slamet.

Tangga liyane nyambungi, nerangake bab tibane wahyu Ila-Ilatul Kadri. Ing sasi Pasa wiwit tanggal 17 akeh wong mlaku2 ing wayah bengi. Perlu arep nyumurupi tumurune wahyu Ila-Ilatul Kadri Miturut pangandikane para leluhur ing jaman kuna, tumurune wahyu mau ana pathokane, ya iku tibane tanggal sepisan sasi Pasa ana ing dina apa Yen tibane tanggal sepisan ana dina : [ 35 ]

  1. Akad   , tumurune ana malem tgl, 27, jam 03.30,
  2. Senen  ,   "    "    "  " 29, " 04.00.
  3. Selasa  ,   "    "    "  " 28, " 01.30.
  4. Rebo  ,   "    "    "  " 29, " 04.30.
  5. Kemis  ,   "    "    "  " 23, " 04.00.
  6. Jumuah ,   "    "    "  " 29, " 05.00.
  7. Setu  ,   "    "    "  " 21, " 03.30.

Sarampunge nerangake tumurune wahyu kasebut, banjur dimanggakake deniag kang duwe omah. mbaleni suguhan wedang lan pohung godhogan diserbu nganti resik. Sawise iku ana tamu sing cluluk: "Waaah ----, saking gayenge rerembugan. ngantos sami supe teng wanci. Jebul empun bedhug bengi" Dhayoh liyane ngusulake bubaran. Besuk malem Jemuah ngarep bae diterusake manggon ing omahe Usul disarujuki, nuli bubaran, mulih menyang omahe dhewe2.
Temenan, ing dina malem Jemuah candhake, ana wong sawatara padha teka ing omahe Pak Guna.-
Mengkono jenenge wong kang duwe usul ing pirembugan kang kepungkur Sawise tata lungguh ing sawatara, nuli metu suguhan wedang lan ketan oran2.

Lintang kemukus.
Suguhan dirahapi, sinambi ngomongake kang padha digarap ing awane. Bareng padha meneng. kang duwe omah, Pak Guna wiwit guneman, ngandikake bab lintang kemukus. Metune lintang kemukus iku dadi ngalamating praja. Miturut pangandikane para leluhur kuna kang dianggep dadi kapercayane:

  1. Yen ana lintang kemukus metu ing: Wetan, ngalamat ana ratu sungkawa, Para nayakaning praja padha ewuh pikirane, Wong desa akeh kang karusakan lan susah atine. Udan deres. Beras pari murah, emas larang.
  2. Kidul-wetan, ngalamat ana ratu surud (seda), Wong desa akeh kang ngalih, udan arang. Woh2an akeh kang rusak, Ana pageblug, akeh wong lara lan wong mati. [ 36 ]

      Beras pari larang, kebo sapi akeh kang didoli.

    1. Kidul bener, ngalamate ana ratu surud (seda). Para pang gedhe padha susah atine Akeh udan. Karang kitri wohe ndadi. Beras pari, kebo sapi murah regane. Wong desa padha nalangsa atine, ngluhurake pangwasane Pangeran kang Maha Suci
    2. Kidul kulon, ngalamat ana ratu surud. Wong desa padha nindakake kabecikan. Beras pari murah. Karang kitri wohe ndadi. Kebo sapi akeh kang mati.
    3. Kulon bener, ngalamat ana jumenengan Ratu Panggede lan wong desa padha bungah atine Beras pari murah. Apa kang tinandur padha subur, kalis ing ama. Udan deres tur suwe. Barang dagangan wujud apa bae padha murah regane jalaran saka oleh nugrahaning Pangeran.
    4. Lor kulon, ngalamat ana Ratu pasulayan, rebutan raja darbeke lan panguwasane, Para Adipati padha tukaran rebut bener. Wong desa padha sedhih atine. Kebo sapi akeh kang mati Udan lan gludhug salah mangsa. Grahana marambah-rambah tur suwe. Beras pari larang emas murah.
    5. Lor bener : ngalamat ana Ratu ruwet panggalihe jalaran saka kisruh paprentahane, kang temahan nganakake pasulayan, banjur dadi perang Beras pari larang, emas murah.

    Sawise rampung anggone nerangake lintang kemukus, kang duwe omah banjur matur marang. R M. Sutarta, kang wektu iku uga rawuh, ing kono. Nyuwun diparingi oleh2 saka anggone mentas lelana munggah gunung Lawu. R.M Sutarta amituruti, banjur crita kaya ing ngisor iki :

    Munggah gunung Lawu iku ora baen2. Aja kokira yen munggah ing gunung Lawu mung arep seneng2. Kang padha munggah mrana kudu wani toh pati Awit papan kono isih gawat. Wong2 iku padha tirakat, kanthi panyuwun murih gegayuhane kasembadan. Yen anggone munggah wis tekan jurang Pangarip-arip, yen ketrima, ana kono kapethuk utusane Ingkang Sinuwun Lawu, [ 37 ]awujud manuk jalak gadhing cacah loro, kang dadi pituduh dalan, supaya lakune ora kesasar.

    Dene wujude jalak mau sesa2 pandulune kang diweruhi. Ana wong nerangake, ulese manuk jalak ijo, cucuke kuning, nganggo jamang kuning Seje wong ngandhakake ulese jalak putih Anane R M. Sutarto kagungan tekad lelana munggah ing Gn. Lawu, saka kepencut dedongengane kaanan ing sakubenge kang dingandikakake dening keng ramane R. M H Dipaningrat. Mungguh dedongengane kaanan ing sakubenge Gn. Lawu terange kaya ing ngisor iki.

    Nalika kang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Paku Buwana kang kaping IX, kaanan kang tinemu ing wewengkone Gn. Lawu isih akeh papan kang aneh2 lan gawat, nganti ora kena dinalar, kaya ta:

    I. PABLENGAN

    Tinemu ing sikile Gn. Lawu kang iring kulon. Ing kono ana sendhange cacah 6.

    1. Sendhang Pablengan, banyune ngemu uyah, kena digawe cethithet, rasane asin. Pigunane kanggo mbanyoni gawe puli, legendhar, gendar lan sapepadhane.
    2. Sendang banyu Mati lan banyu Urip. Sendhang banyu Mati, yen dicawuk banyune anyep Dene banyu urip, banyune anget. Kaelokane upamane pitik urip ditungkulake. Sendang banyu Mati, pitik sanalika bisa ma ti; nanging yen banjur ditungkulake Sendhang banyu urip, pitik mau sanalika bisa urip maneh. Mangkono uga kang awujud obor murub mulad2. Yen ditungkulake ing Sendhang banyu mati, urube geni bisa mati pet. Nanging yen tumuli ditungkulake ing Sendhang banyu Urip, genine bisa murub makbel makantar-kantar.
    3. Sendhang pasiramane bangsa luhur, banyune anget, kena kanggo kungkum wong lara apa bae. Sajrone 3 dina mesthi saras. [ 38 ]

    Saka kepenake rasane banyu, wong kang kungkum bisa turu nglepus ana sajroning banyu. Yen mentas awake karasa anyep banget tumus tekan ing balung sungsum.

    4. Sendhang padusane wong cilik, rembesane banyu rena loro. Sing siji gepokane rasane anget, sijine anyep, kena kanggo tamba bocah lara apa bae, patrape yen didusi nganggo banyu mau sajrone 3 dina, mesti saras.

    5. Paceren kanggo guyangan kewan kang lara. Sajrone 4 dina, mesti saras. Banyune digepok rasane panas.

    6. Sendhang pangunjukane bangsa luhur. Gepokane banyu rasane anyep. Gandane banyu kaya banyu landa/bangsane limun). Yen diombe marakake weteng bisa lega lan krasa kepenak.

    II. GUNUNG NGADEG

    Ing kono tinemu pasareyane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I (kepisan), karan pasarean Giri Layu Dadi papan panepene sapa bae kang duwe panuwun apa bae. Pikolehe akeh kang padha katarima.

    III. CANDHI SUKUH

    Iku ing kunane kena kanggo nandha bocah wedok, isih suci apa ora. Patrape :

    Yen bacah mau isih prawan, tapihe kanggo jumangkah lumebu ing candhi wutuh bae, ora suwek. Kosok baline yen bocah mau wis ora suci, jarit tapihe mesthi suwek wetara setengah kaki ambane.

    Ing jeron candhi tinemu akeh recane :

    1. Reca wong mandhe keris karo ngempit bojone. Ananemengkono merga bojone duwe tindak sedheng.
    2. Reca gedhene sauwong nganggo kuluk kanigara, karan reca Tumenggung. Diadhep reca cilik-cilik.
    [ 39 ]

    c. Reca Kebo Handini, gedhene sakebo. Diadhep sakehe reca kewan cilik-cilik.

    d. Ing tengah candhi ana recane Sang Hyang Bathara Brama kanthi ngasta gada kaadep reca Dewa cilik².

    e. Ing tataran dhuwur ana reca Buda gedhe, nunggang gajah. Kaadhep reca cilik-cilik.

    Goteking carita katone reca² mau kanggo tandha tumrap wong sing padha tirakat ing kono. Yen ketrima bisa weruh marang reca² mau. Dene yen ora ketrima ya ora weruh.

    Ing candhi Sukuh kono wektu samana ana manuke kang karan manuk perkutut gung Swarane seru banget. Nganti watara sakilo meter isih bisa keprungu.

    IV. CANDHI CIPTA - RENGGA.

    Dununge ing lambune Gn. Lawu, akeh recane gedhe cilik Recane widadari cacah 21 iji Menawa arep mlebu kudu lerenging pasanggrahan kanthi slametan lan ngobong dupa. Yen lumebune ing wayah bengi, mesti diweruhi macan putih kang wis dadi dhanyang Macan iku ora ganggu gawe malah kosot marang wong mlebu ing kono. Yen lumebune wayah awan ora diweruhi apa². Ing kono ana candhine pamelengan, kanggo penuwunan tumrap kabutuhane ngaurip. Kerep bisa kasembadan apa kang sinedya.

    V. JURANG PENGARIP-ARIP

    Manawa sumedya munggah ing pucak Gn. Lawu, yen metu ing jurang Pangarip-arip hawane kepenak, silir.

    Saka kepenake bisa njalari ngantuk. Saka anggone ngantuk bisa moruhi jalak gadhing sajodho, ules putih. Iku utusane Ingkang Sinuhun Lawu, kadhawuhan methuk Mula kudu ditutake ing saparane. Iya jalak iku kang bakal nuduhake dalan, murih ora kesasar ing laku. [ 40 ]
    VI. WATU PUNDHUTAN.

    Mungguh wujude watu pundhutan iku kaya tumpeng, cacah 2, tumumpang ing watu kaya encek. Watu mau kanggo nandha kasugihan lan kateguhane wong. Patrape yen arep nandha awak, watu² katumpangake pundak, mlaku ngubengi watu encek, Yen kuwat 3 ubengan temu gelang tandha bisa cukup panguripane, Yen kuwat rambah kaping 5, sugihe tiba sedheng. Yen kuwat nganti 7 ubengan temu gelang, kasinungan teguh timbul, sugih banda banget.

    VII. LAJURAN BANJAR DAWA WIWIT KENDHITING GUNUNG LAWU

    Kang aran Candhi Arga Dalem iku wudjud watu gilang katumpuk-tumpuk, kaya pasang rakiting kraton. Panatane sap²an munggah² mendhuwur dawa. Jembare watara ana 120.000 m². Iku dalane munggah menyang pucaking Gn. Lawu.

    VIII. CANDHI ARGA DUMILAH

    Ing sajrone candhi ana thukulan suket kang aran suket rikman. Wujude putih, dhuwure ± 1 m. Pigunane kanggo tamba kewan lara. Patrape kanggo boreh lan diombekake. Ana maneh suket kang aran kalajana. Wujude riyu², dhuwure watara rong kaki, Miturut dedongengan nalika jaman Purwa, suket mau jen disipatake mripat, bisa nyumurupi bangsane lelembut

    IX. JUNGGRING SLAKA.
    Ing Junggring Slaka -ing tlatahe Gn. Lawu-ana wit aran "wit Manis reja ". Wohe dadi dhaharane para luhur. Rasane legi, gandane arum. Pigunane marakake santosa lan teguh yuwana marang awak [ 41 ]
    X. ARGA SONYA.

    Ing Arga Sonya tinemu ana sareane Sang Prabu Yudhisthira Ratu ing nagara Ngamarta lan Raden Nangkula Sadewa. Ana maneh pendheman asu belang yuyang. Sapa kang ngambah ing kono mesti krungu swara banyu kumresek, mili kumricik, nanging ora ana wujude.

    XI. PUCAKING Gn. LAWU

    Ing pucaking Gn. Lawu ana candhine, aran Candhi Pamujan. Wektu jaman Kadewatan papan mau kanggo memuja para Dewa. Saiki uga kanggo memuja sapa bae kang duwe panyuwun an, murih bisane katarima sedyane

    XII. SENDHANG KAMULYAN.

    Banyune beninge nganti kaya kaca. Yen dicawak anyep banget. Sapa kang wani adus rambah kaping 7, kasinungan padhang atine sarta sasedyane kasembadan. Pratape adus nggango timba upih. Yen ora katarima timbane ora katon.

    XIII. TLAGA KUNING

    Jembare wetara ana 360 m²
    Banyune bening warnane kuning Jerone 36 pecak. Tlaga mau kanggo adus, perlu nandha awak, kojur apa mujur. Yen katarima, banyune sendhang luber. Yen banyune mung setengah, iya mung sesedheng panguripane. Yen ora katarima, banyune sat. Dasare tlaga katon lumut.

    XIV. PASAR DIENG

    Pasare bangsane lelembut.

    Pasarane mung yen dina Jemuah Legi, Swarane kemrumpyung kaya swarane wong ana pasar, ananging ora katon. [ 42 ]

    Ing kono mung katon watu² lajuran akeh. Ya iku kang ing kaalusane awujud lincak kang kanggo dhasar. Menawa ana wong kang pinuju munggah ing puncak, mangka mbeneri pasaran. wong mau bisa tetuku ing kono. Carane kanthi nibakake dhuwit ing watu lajuran kanthi ngandhakake apa sing dituku. Ing kono banjur ana wewujudan wungkusan, isi apa sing dituku lan uga kena dipangan.

    XV. WARINGIN JODHIPATI

    Ing poncot iring kidul Gn. Lawu ana wit waringin, aran waringin Jodhipati. Saben malem Jumuah kanggo papan tirakatane wong kang duwe panyuwun. Yen katarima mesti krungu swara gumaleger nggegirisi. Lan ana swara gereng² kaya gerenge R. Harya Werkudara kang kacarita ing pedhalangan.

    XVI. PRING PRINGGADANEN

    Tanduran pring ing Pringgadani uga kena kanggo papan tirakatan wong kang njaluk karosan. Yen katarima, cangkeme kaya diidoni ing wong. Ing kono wong mau banjur duwe karosan. Kuwat njunjung/ngangkat wit gedhe kang rubuh/prabatang.

    XVII. PRATAPAN PRINGGADANI

    Dununge ing sikile Gn. Lawu kaprenah iring kidul kulon. Uga kanggo papan tirakatan wong kang njaluk rosa. Yen katarima, sanalika awake metu wulune Ya iku brengos, godheg, simbar dhadha. Karosane banjur nggegirisi. Kuwat ngankat rebateng kang diangkat wong 60 ora kuwat Diangkat ijen mak nyiiiiing-- kaya nggawa elar salembar.

    XVIII. Gn. JABAL KANIL

    Dununge ing sacedhake pratapan Pringgadani. Uga papan tirakatane uwong kang ngudi kaluwihan. Patrape sikile dirante, kang [ 43 ]gelangane gedhene sajempolan sikil. Menawa katarima, sajrone 7 dina banjur ana swara jumalegur ngeget-egeti. Wong kang dirante mau kaget, njalari rantene pedhot, ilang lumebu ing sikil. Kadigdayane wong mau menawa ndhupak watu kang gedene sagenthong-genthong, bisa sumyur. Ing kono uga ana jurang kang jerone, tanpa ukuran. metu banyune gumrojog gedhe banget. Saka jerone, tibane banyu ing ngisor ora katon. Diceguri watu sakebo gedhene ora krungu suwarane. Mung ombake banyu kang katiban watu mau ketara banjur dadi kali gedhe, ya iku karan kali Ngumbang umbang, ilene banyu mangulon

    Sarehne lingsir wengi sarta dongenge kaanan ing sakubenge Gn. Lawu wis tapis, para kang padha sanja pamit karo ing duwe omah, padha mulih menyang omahe dhewe².

    Kaya mengkono kesenengane wong² dhek semana.


    ————
    [ 44 ]Ing jaman semana keh²e bocah jejaka kang wis mepek birai, kang dadi kasenengane padha maguru golek kawruh bangsane jaya kawijayan, pengasihan lspne. Uga akeh kang seneng pasang susuk mas, suthang samberlilen lasp. Kang sugih, susuke barlean, dilebokake ing sajrone kulit rai Paedahe agawe sumorote cahyane, kang agawe kepencute wanita kang andulu.

    Dene kang masangake susuk mau wong tuwa kang duwe ngelmune. Awit lumebune barang kang digawe susuk mau dicublesake ing kulit, nanging ora krasa lara. Yen ana jejaka nandang wuyung marang wanita, saben mapan turu ing wayah bengi, kerep ura-ura tembang dhandhang gula kaya ing ngisor iki:

    Ha. Asarkara teka amimbuhi, kusumayu agawe wiwaha, gandes luwes sasolahe: gandrung² linuhung, lurah lereh tan nyuwarchi. Sinawang saking tebihan, lir sotya satuhu, gumebyar lir lintang johar, gilar² cahyane teka nelahi, patut sun ngawulaha.
    Na. Nimas ayu kang milangoni, buron arum kang sabeng wana yen panggih sun arasane; sumber gung ngisoring gunung, wreksa langking sisaning agni, yen lega pinareng. na pun kakang memanut darapon lega kang manah, su- rayeng latri wong manis sun kawulani, sun adhepi saben dina.
    Ca. Ciptaning tyas mung sira wong trincing, kalakona gegan dhengan kunca, runtut lir sekar rinonce: kenceng kadya den ancur. rerapeta kadi kinunci, pun kakang nora oncat malah nedya nedya mbacut; dhuh kusuma ancur kaca yen sun rasa dasihe sangsaya ruci, dhahar saretan eca.
    Ra. Rosing janur miwah witing paritoya mijil kang saking salira, walang kayu ijo lare, dalu² sun luru, dimen enget.

    [ 45 ]nget tambuhing dhiri ; wadung jambe mas rara, nimas sekar biru kang anglengan ciptanira bebek cilik dasihira wira-wiri, arsa panggih mas rara.

    Ka. Kusumayu pujanku wong reki, bendaraku inten wong jatmika, wong ayu kang lengkeh² pujanku wong lengkung, bendaraku wong langking, ingkang mindha musthika, bekti maring kakung, panguripane pun kakang, aprasasat dumunung aneng sireki, lebur luluh sandika.
    Da Amundhuta barang ingkang edi, yen pun kakang nora rubeda, ladenana sasagede, dhuh nimas rasa madu, jenang puhan dhahar Walandi, manis rada sembada yen rinenggeng kidung sela panguleg usada, ora pisan pun kakang sulayeng budi, nedya angestu pada.
    Ta. Tuhu peksi kresna mirah gusti, kedhandhangan tansah nandhang banta, pola lungse sekar pete, dalu sun metu, kongsi pendul mripatku gusti, sun sengguh sira prapta, ndho dhog minta pintu, kanthong klasa wadhah sata. yen tan kopen uripku setengah mati, gesang dadya carita.
    Sa. Sasisane dahana ngemasi, welut wana kang amawa wisa sun kawula selawase: uler kambang riningsun, nora betah pisah sesasi, pun kakang gelem pisah lamun ana besuk, ana sima manak maesa, ana iwak tambra kang tanpa sisik, prawan manak sadasa.
    Wa. Witing klakon nimas bokmenawi, gelem pisah lamun sira nyawa: lamun wus mukti lan kowe, lebura dadi awu, sayek tine kula nglabuhi (wi), aja ta kongsi owah, benjang prapteng tuwuh; sihing widi mring wak ingwang, supaya (w) atresnamu awet kuwawi, anggung sawang sinawang.
    La. Lali lali datan bisa lali, suwe² saya wela², buron gung mawa tetale, kemangi gagange wulung, nadyan pejah isih tan

    [ 46 ]lali, mina kang mindha ula, yayi mbok ya lulut, sihing widi mring kawula, paribasan jenang gula aja lali, yen lali dadi ala.

    Pa. Padma lisah mung sira kang kepi, pala rekta besuk milu sapa, bisa gawe lara cape. Sikut ngisoring pupu, wis tumungkul ingsun ngadhepi, cikbene sira tampa, sihira panglipur sun lakoni lara lapa, dhuh dhuh adhuh, manggis jenar jenang gamping, yayi mundhut punapa?
    Dha. Dhuh mas mirah mundhut cengkir gadhing, apa sira lagi arsa nyidham, apa mundhut suweng gedhe: apata mundhut andhuk, sun kinarya pasatan adhi, cik bene kaya endhang: apa kang sira pundhut, sumarah tumadhah dhadha, nadyan lara katamanan dening bedhil, pun kakang sedya dhadhag.
    Ja. Janji katon manah kula rujit, nora ana kang karya lejar, kajaba yen turu jejer, dhuh nimas sekar tanjung, rumangsaku amung sawiji, rikma ngemak tur panjang, pantes tapih pinjung, yen lumampah lenjang², jayeng tirta sapa wonge nora gonjing, ndulu mulusing jaja.
    Ya. Genta dara kembang blimbing yayi, ingsun sawang katon maya² kendhal toya anggaleyeng, aja ta gawe wuyung, ja wana apoyang-paying, wangsalan kolik priya, tuhu lamun ayu; macan galak sabeng toya, baya Ratih manjalma mring sira yayi, lir Endhang Bratajaya.
    Nya. Nyata nimas yekti kinyis², pakulitan sumunu lir kenya, wis mokal temen yen gonyeh, bayem thukul neng banyu, swara arum kadya menyanyi, ngungkuli para kenya, yen me sem kumenyut, kadya wulan paleroknya srira lurus palarapan kinyis² tuhu musthineng donya.
    Ma. Mas mirahku inten wong sabumi, wong jatmika wong ayu utama, bisa gawe lara ngame, yen suwe nora ketemu, teka

    [ 47 ]kangen temen wak mami, buron kang sabeng rikma, tumonen sliramu nggonku brangta nganti lama, kongsi raga kawala ndaleming, mring kang mindha kusuma.

    Ga. Gagrag peken ingkang pegat mergi, nora wurung sira katutugan, mitran lan ingsun sajege, dhuh nimas sarung jagung nadyan abot kula kadugi, anggere sira lega, pun kakang angugung, mung aja sugih wiraga, iku nora pantes sinebut wong sugih, syukur munggah suwarga.
    Ba. Babu priya timbangane bibi, eman temen sira ana jaba peksi rawa mimba bebek, wis ayo padha mlebu, sariramu ngagema klambi, patut sembagi kembang, sarea njero klambu, kemulan jarik amba, sun kepyuri kembang regulo lan gambir, dimen angganda ngambar.
    Tha. Ninthing ninthing adhine wong ninthing, astanira nggandewa pinenthang, widhanganira andhetheng, athi-athinya nylekenthung, sinomira pating clakenthing, wela² tur cetha neng dhuwuring bathuk, angagem kebayak pethak, teka pantes cundhuke sekar melathi, kadya putri Wiratha
    Nga. Ngegla cetha cahyamu mblerengi, lathinira lir manggis karengat, nyangkal putung uwange, pantes lamun mbesengut, idepira tumawang langit, manise yen tumenga, lamun thenguk tenguk, janma kang sami uninga, pan sadaya kang ndulu sami kepengin, kudu ngajak sandhingan.


    ——oo0O0oo——
    [ 48 ]Ing ngarep wis katerangake, kaanane kutha Sala ing jaman kang kawuri isih sepi, durung reja. Ananging saben ganti taun kaanane kutha saka sethithik ana kaundhakane. Kasurung dening kabudayan ana wae owah²an kang tumuju marang kemajuan.
    1. Pedununge mundhak taun mundhik akeh. Luwih² bangsa manca, Landa, Cina, Arab lspne, akeh kang neneka.
    2. Lakune trem kang maune digeret ing jaran, diganti digeret nganggo locomotief. Lan maneh kang maune lakune saka Purwasari menyang Jebres nganggo ngliwati Pasar Gede diowahi. Saka Purwasari menyang Sangkrah diterusake menyang Wonogiri, kaya sing tinemu ing saiki.
    3. Diyan² ing ratan² gedhe kang maune awujud ting isi lenga pet, diganti listrik. Kang nganakake Solosche Electriciteit Maatscha- ppy, dicekak; S. E. M. (Sem). Manggon kantor lan pabrike ana ing kampung Purwosari. Dene kanggo Kraton diyane listrik nganakake mesin dhewe, manggon ing kulon Setinggil. Tumrap daleme para luhur, sudagar, Landa, Cina lspne ana kang lampu Erogin, petromaks ana kang nganggo listrik, sarana langganan/nyewa marang Sem.

    Bareng jaman R. I., S. E. M. diganti P. L. N. (Perusahaan Listrik Negara). Ing dalan² gedhe diyane ana kang nganggo Neon Kajaba muncule diyan listrik, nalika samana mundhak anane Kantor Pos lan Kantor Tilpun.

    1. Tunggangan kreta saya mundhak akeh. Katambahan anane pit, pit montor. montor, becak. Nanging ya durung sapiraa cacahe. Bareng jaman R. I. tambahe tetunggangan dadi tikel tekuk akeh banget, tanpa wilangan sarta warna-warna, ya iku: Bus, Truk. motor, pit motor lan sepedha. Saka akehe tetunggangan, wong lumaku dharat yen arep nyabrang ratan, kepeksa sok kudu ngenteni suwe.
    2. Maune gambar idup isih durung bisa guneman, alias bisu. Cacahe lagi ana loro, ya iku Purbayan lan Sriwedari. [ 49 ]Liya taun gambare banjur bisa omong. Ora antara lawas ing kutha Sala ana radio; zendhere aran zendher Sri, manggon ana daleme Kanjeng Pangeran Suryoamijoyo. Sijine zendher Nirom, manggon ana Balapan. Ing sadurunge ana radio, wong kang kecukup panguripane padha ngingu gramaphoon.

    Bareng Republik anane gambar idup tambah 4, ya iku: U. P. Dedi, Srikaton lan Star, Gambar idup Purbayan diganti aran "Indra". Wong kang ngingu radio prasasat saben omah duwe, nganti tekan padesan.

    Kabudayan seni ya maju kanthi rikat (pesat) Rontonan Srandul, tabuhane trebang karo angklung, ora mbarang maneh mrana² turut kampung. Olehe main ana gedhung/panggung) banjur ganti jeneng Setambul Jawa. Suwene-suwe diganti aran kethoprak nganti seprene iki. Sandiwara, wayang wong ya tambah, senajan ta wujud barangan lurugan saka liyan daerah. Uga jumedhule Orkes maneka warna arane.

    1. Omah² ing pakampungan kang maune pagere gedheg akeh kang disalini tembok: payon atep disalini gendheng, dadi omah gedhong. Ana kang gagrag lawas, ana kang wangunan anyar/moderen, kang sinebut "Loji".

    Ing antarane taun 1912-1913 kuta Sala ketrajang ambah²an pes. Akeh wong mati saka lelara iku. Pedunung kang kula wargane mati jalaran lara pes, padha diungsekake menyang omak kang wis disedhiyakake, kang aran "barak". Wong² mau jeneng "dibarak". Pangane di cadhong dening Pamarentah.

    Miturut panemune para Dokter lelara pes iku wijine saka pinjale tikus. Awit saka iku Pamarentah ndhawuhake, para pedhunung supaya mateni tikus, kang ketemu ana ngendi bae. Bathange supaya diobong. Buntute didhawuhi ngladekake menyang kaonderan kacamatan kang mbawahake. Sapira ladene buntut diparingi dhuwit minangka pituwase anggone tumindak nggobyak tikus kalayan temenan. [ 50 ]Saben buntut siji diparingi sabribil/ 1/2 sen).

    Sasirnane lelara, omah2 kang maune atep, balungan pring, supaya diganti payon gendheng, balungan kayu. Lan gendhenge saben let 3 larik supaya dilabur. manut ujuring omah Gedheg, pyan uga supaya dilabur Wondene kayu jati wis wujud saka-usuk, Gendheng, paku lan labur diparingi Pamarintah kalayan utang, kang cicilane mayar. Panicile saben sasi.

    Saben dina Rebo pedunung didhawuhi ngetok2ake klasa bantal, ana latar (dipe); sajrone omah supaya disaponi resik. Ing dina mau dianakake pepriksan, utusan saka Kantor Pesbesitijding apangkat Mantri, aran Mantri Woning Inspectie. Yen ana pedunung kang nglanggar, ora ngetokake klasa bantale nganti rambah kaping 3 (telung Rebo), pedunung mau diprekara.

    Awit saka anane lelara pes, njalari owahe kaanan. Kajaba owah2an omah2 kaya kasebut ing dhuwur, uga banjur akeh Dokter kang nyuwita Panjenengan Dalem Ingkang Sinuhun. Yaiku Kanjeng Raden Tumenggung Widyadiningrat, R. T. Nitidiningrat, R. Ngabei Wiryahusada, R. Ng Gitahusada, R. Ng. Mangunhusada, R. Ng. Martahusada lan R. Panji Prawirawinata Abdi dalem Dokter apangkat Mayor abdi-dalem prajurit Sunanan. Ing kala samana Ingkang Sinuhun P. B X. banjur yasa rumah sakit Kadipala. Rakyat kang kataman lara apa bae, yen mondhok ing rumah sakit manggon ing Zaal, tumrap pangan lan tambano ora mbayar, mung asipat lelahanan. Mangkono uza diyásakake Apothik, manggon ana Gladag, kaprenah sakidule Kantor Pos saiki, kang wektu saiki kanggo Kantor Pulisi.

    Golongan agama Kristen yasa rumah sakit ana Jebres, aran Rumah Sakit Zending (Zending Hospitaal), kanggo umum. Yen mondhok ing kono uger mung manggon ing Zaal, ora 5 mbayar apa2 (gratis). Ing Baron uga ana rumah sakit, nganggo aran Militer Hospitaal Iki mligi mung kanggo saradadu Beteng Kang padha lara. Hospital mau saiki wis ora ana. Tilase didegi loji2. Ing Mangkabumen dening Panmarintah Walanda diyasani rumah sakit kanggo [ 51 ]umum, aran Zieken Zorg. kang saiki aran Rumah Sakit Pusat (RS. U.) ing Surakarta Kang mondhok lara ing kono uga lelahanan (ora susah mbayar), waton manggon ing Zaal.

    Ing kampung Pajang diyasani omah kanggo nglumpukake wong miskin, murih ora ngemis ing dalan2, Pangan lan sandhang diparingi pemerintah. Wong2 miskin kang diklumpukake mau padha diperdi makarya gawe kesed, sapu, klasa, Ilne. Dene omah mau diarani "Wangkung".

    Bareng Pamarentah Republiek Kutha Sala akeh kemajuane Omah2 ing pekampungan nganti tumeka ing padesan akeh kang diwangun loji. Yen disawang katon peni. Pekarangane katon resik2 Dalan2 gedhe utawa dalan ing pekampungan diambakake. Pamrihe ora agawe pakewuh marang tetunggangan kang padha simpangan,

    Rumah Sakit jiwa Mangunjayan kang maune durung bacik wangune omah, banjur dibecikake nganggo wangun gagrag anyar. Ing Jebres diyasani rumah sakit kanggo mitulung wong2 cacad tugel tangan utawa sikile. Rumah sakit mau aran "Rehabilitatie Centrem", kacekak: R. C. Ing desa Jajar diyasani rumah sakit kanggo nambani wong lara paru2 Kajaba rumah sakit. ksb. Ing dhuwur akeh polikliniek2 kang manggon ing kampung2 utawa ing desa2. Kabeh2 iku kanggo aweh kemayaran marang rakyat sing mbutuhke pitulungan.

    1. Wiwite kutha Sala arep reja.


    Bareng bengawan Sala ing Bacem lan ing Jurug dikreteg, kutha Sala katon wiwit arep reja. Lakune wong dodolan saka padesan kepenak, ora nyabrang nunggang pareu kaya sadurungana kretege Mangkono uga wong dodol kang saka bagean lor Ya iku kang saka Sima, Kaliasa padha liwat Kalianyar, kang uga wis ana kretege, gawe rejane Pasar Legi, kang banjur didandani kaya kang tinemu ing saiki. Wiwit iku wongdodolan kang padha dodol ing Pasar Gedhe saya akeh. [ 52 ]Ing sarehne bangunane pasar durung becik, ya iku mung omah los jejer-jejer, saka keparenge Pamarentah, Pasar Gedhe banjur didandani. Dadine kaya kang tinemu ing saiki iki. Wektu pasar mau didandani, wong2 kang padha dodolan padha dielih ing tamanan Gladhag, lan sawatara ana Alun2 lor. Bareng wis rampung panggarape, Wong2 kang dielih padha didhawuhi bali. Pasar mau banjur dijenengake "Pasar Harjanagara", Ning jeneng iki ora tau kocap. Umum lestari ngarani "Pusar-Gedhe".

    Goteking dedongengan, lemah kang kanggo Pasar Harja-nagara iku, lemah lungguhe Babah Mayor. Ya iku bangsa Cina kang dibiji dening Pamarentah (Kasunanan ) ngurusi botrepote bangsa Cina ing kutha Sala (Wykmeester) kenthi diparingi pangkat Titulair Mayor. Ing wektu samana para abdi dalem lan kang duwe pangkat apa bae tumeka Kanjeng Pangeran, blanjane ora wujud dhuwit, nanging wujud lemah, kang diarani "lungguh".

    Sarehne blanjane wujud lemah, Babah Mayor akal-akal, lemah lungguhe didegiomah cilik cilik kanggo warungan. Wong kang dodol ana kono dikenakake bayaran. kang diarani "Sapon". Sapira oleh-olehane dhuwit sapon dadi hak milike Babah Mayor. Dene wong kang nyaponi warungan mau diblanja dening Babah Mayor.

    Bareng lungguh lemah diganti wujud blanja dhuwit sabensasi, lemah lungguhe Babah Mayor kondur dadi kagungane Pamarentah. Dening Pamarentah warungan mau dilestarekake Gandheng karo undhake wong kang padha dodolan ana kono saya akeh, warungan mau banjur digawe pasar, karan Pasar Gedhe.

    Paprentahan jajahan diganti paprentahan Republiek. Kaanane kutha Sala saya katon majune. Akeh owah-owahan pembangunan, kayata; Loji Gupernuran dibangun gagrag anyar kang saiki didalemi Wali kota. [ 53 ] -Kantor pos, kantor tilpun, RRI, sekolahan2 llne, iku kalebu pembangunan anyar. Kajaba omah omah, kantor, uga kreteg-kreteg lan pasar-pasar. Ya iku Pasar Singasaren, Pasar kembang, Ps. Ledhoksari llne kalebu Ps. Klewer, kang kapetung pasar kang becik dhewe wewangunane.

     Gotek dedongengan, papan kang kanggo Ps. Klewer iku dhek biyen awujud kampung, jeneng kampung Nglorengan. Anane jeneng Nglorengan, amarga kang manggon ana kono Walanda pranakan jeneng Tuan Lourens, nyambut gawe dadi abdi dalem Ordenas. Bareng Tn. Lourens mati, kampung mau digawe pasar, jeneng Pasar Slompretan. Nanging anane wong dodolan kang manggo ing los2 pasar ora sepiraa kehe, kajaba worg adol wedang lan wong dodol manuk rupa2 kang banjur dipindhah menyang Pasar Widuran tekan saiki Bakul2 kang padha dodolan ana Ps. Slompretan kang akeh para bakul adegan. Daganane awujud bangsane sembet padha disampirake ing pundhak utawa di cangking, Wujude pating klewer, ditawakake rana rene. Saking akehe barang dagangan kang padha pating klewer, katelah pasar mau disebut Pasar Klewer, tekan seprene.

    1. Bareng kutha Sala wis katon reja, ing ngarep dalem Mangkunegaran diyasani los2 kanggo wong dodolan. Nganggo tembung seje didegi pasar, djenengake (Pasar) "Tri Windu Iku minangka pengetan, nalika samana jumeneng Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara VII ngasta paprentahan tetep 3 windu (24 tahun).

     Lor Pasar Legi maune kanggo papan balapan jaran. Ing kono banjur didegi loji pirang2. Wewengkon kono diarani "Vila Park" Dene papan balapan jaran banjur dielih ing Manahan.

     Ing salore papan balapan jaran Manahan, ana papan wujud blumbang kang kanggo langen lan praon diarani Balekambang. Ing kono ana omahe gedhong kanggo papan main kethoprak.

     Ing Purwosari ana pabrike Es rong pagonan. Siji sing duwe bangsa Walanda, aran Tn. Watsch: sijine kang duwe bangsa Cina aran Sie Dhian Ho. pabrike aran Petojo Bareng paprentahan Republiek pabrik mau ditindakake dening bangsane dhewe, yaiku Indonesia. [ 54 ] Ing kutha Sala uga ana papan kang kanggo plesiran angenggar enggar ati. Papan mau dening umum diarani Kebon Raja, utawa Sriwedari mapane ing kidul dalan Slamet Riyadi. Ing kono papan jembar isi tanduran kekombangan lan kewan-kewan. Kebon Raja iku dadi papan hiburane tumrap, rakyat. Tontonane sing ajeg (permanen) wayang wong lan gambar idup. Saliyan dina Ngahad maine sore/bengi. Yen dina Ngahad rame banget. Akeh wong saka sajabane daerah Surakarta kang padha merlokake nonton.

     Ing sasi Pasa ing Kebon Raja dianakake kramean Maleman. Resmine wiwit malem tanggal 21, nganti tumeka dina Bakda riaya. Yen nuju Maleman tambahe bangunan akeh banget. Kanggo enggon tambahan tontonan warna-warna, toko2 restoran2 lan warungan. Tau uga diaranani pameran asil kerajinan rakyat; Tontonane warna-warna kaya ta: Reyog Panaraga, Ledhek slompret, doger, wayang wong, gambar idup, kethopiak, ludrug, sandiwara Ispne. Saben malem selawe mesti dianani main (kembang) api. Kerep uga Kebon Reja kanggo enggon Pasar Malem, sing sipate golek dhuwit. Sawetane Kebon Raja ana omah gedhong kang diarani Museum, kanggo ayimpen barang2 lan buku2 kuna. Yen sumedya arep nonton lumebu Kebon Raja lan lumebu gedhong Museum kudu mbayar. Mungguh kang disimpen ing Museum awujud barang warna warna, kaya ta: tumbak, pedhang, tameng, keris, diyan, dhuwit kuna lan liya-liyane kalebu canthike prau saka kaya diukir adhapur raine buta nganggo rambut, kang diarani Kyai Raja Mala. Miturut dedongen, Kyai Raja Mala iku yasan Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana V, wektu isih Jumeneng Pangeran Adipati Anom. Panggarape wiwit bakalan nganu dadi, diasta dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom piyambak. Bareng canthik lan praune wis dadi, banjur kagem praon ana ing Bengawan karo ingkang rama, Ingkang Sinuhun PB IV, sekalian Prameswari Dalem Kanjeng Ratu Kencana Wungu. Saka kepareng Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom anggone praon nganggo lelangen santi swaran (bokmenawa saiki diarani "Laras Madya); Kanti digerongi dening para abdi dalem wiraswara [ 55 ]

    Kadipaten. Dene lagu dalah cakepane anggitan Dalem Kanjeng Gusti piyambak, kaya ing ngisor iki:

    1. Jamala Jamala sikile sewu, Jamala-Jamala sikile sewu. Jamala-Jamala sikile sewu, Illaha ila, Illaha ilolah.
    2. Oyode-oyode suluring ati, Oyode-oyode suluring ati. Oyode-oyode suluring ati, Iillaha ila, llaha ilolah.
    3. Epange-epange keblat sekawan, Epange-epange keblat sekawan. Epange epange keblat sekawan, Illaha ila, Iilaha ilolah.
    4. Godhonge-godhonge kalimah loro, Godhonge-godhonge kalimah loro. Godhonge godhonge kalimah loro, llaha ila, illaha ilolah.
    5. Kembange, kitab sidik semara kanthi. Kembange, kitab sidik semara katnhi. Kembange, kitab sidik semara kanthi. Illaha ila, Illaha ilolah.
    6. Pentile-pentile puji lan dhikir, Pentile-pentile puji ian dhikir, Illaha ila, Ilaha ilolah.

    mBaleni bab kaanane Kyai Raja Mala. Manawa malem Jemuah utawa malem Anggoro Kasih ora disajeni, kupiyane sok ana lelakon kang ora prayoga. Kaya kang wis tau klakon, yaiku nalika antara taun 1912 ing Semarang ana Tentoonstelling, Kyai Raja Mala kasuwun ngampil, dipitontonake ing satelingen Wasana ing sawijine dina lali ora disajeni. Ing kono ana kedadeyan, Yaiku ana sawijining anak walanda kang nganggo dolanan rambut lan brengose. Dumadakan anak walanda mau tiba klenger. Ana maneh kedadean kang uga nganggo dolanan rambut lan brengose, temahan dadi owah engetane tedan ). Saka ana lelakon kaya mengkono, Tentoosstelling durung bubar, Kyai Raja Mala wis dikondurake bali menyang Musium Sala. Mungguh wujude sajen miturut katrangan saka Musium ya iku: kembang Setaman, wedang kopi lan srabi abang-putih.

    Sakulone Kebon Raja ana papan jembar pinageran tembok saka watu mubeng. Papan iku aran Stadion Papan iku kalamangsa dianggo ajar baris abdi dalem prajurit Kraton (Kasunanan) Yen wayah sore kerep kanggo papan bal-balan, lurugan saka liyan daerah. Yen nonton nganggo mbayar.

    Bareng Pamarentah Republik papan mau kajaba kanggo enggon bal balan, uga kerep kanggo papan Upacara resmi, rapat2 raksasa, main akrobat ispne. Uga kala2 dadi papan nglumpukke pawai yen pinuju dina gedhe. [ 56 ]Gedhong2 ing Kebon Raja akeh kang dibangun nganggo wangun gagrag anyar, kaya ta; Gedhong wayang wong, Gedhong gambar idhup Ispne. Isen-isen kang arupa kekembangan lan kewan2 tambah akeh lan warna-warna.

    Ing sangarepe gedhong Musium dipasangi tugu pengetan. Tugu iku ing perangan dhuwur ana recane swargi R. Ng. Ronggowarsito, Pujangga gedhe ing Kraton Surakarta Hadiningrat, kang misuwur asthane tekan ing liyan praja. Kagawa saka anggone waskitha. Apa kang kasebut ing buku karangane, kaya asipat pameca akeh kang nocogi ing kaanane Anane R. Ng. Ronggowarsito kadunungan kawaskithan, kaya ana paedahe katerangake kanthi cekak kaya ing ngisor iki.

    - Methik buku: Kumite Ronggowarsitan, cithakan Drukkery Mars Surakarta, tahun 1931 jilid I -


    R. Ng. Ronggowarsito iku wektu timure asma Raden Bagus Burham. Lair ing dina Senen Legi, tanggal kaping 10, wanci jam 12 awan, ing sasi Dulkangidah tahun Be 1728. Putra mbarepe M. Ng. Ronggowarsito, Abdi-dalem Panewu carik Kadipaten Anom wayahe Raden Tumenggung Sastronagoro, abdidalem Bupati Kadipaten Anom, iya abdidalem Pujangga ing Surakarta. Buyute R. Ng. Yosodipuro (Tus Pajang), abdi-dalem Kaliwon Kadipaten Anom iya Pujangga ing Surakarta. Wektu R. Ng. Yosodipuro arep mana seda, ngandika marang putrane, ya iku R, T. Sastronagoro, mana panutup wa Raden Bagus Burham ing tembe bakal dadi Pujangga panutup ing Surakarta. Mungguh daleme M. Ng Ronggowarsito (keng ramane Raden Bagus Burham) ana kampung Pasarkliwon, ya iku kang saiki isih karan kampung Yasadipuran, awit tilas daleme R. Ng. Yosodipuro. [ 57 ]

    Kacarita tumrap pangemonge R. Bagus Burham dening R.T. Sastronagoro dipasrahake marang abdi kinasih, aran Ki Tanujoyo, kang duwe kaluwihan weruh lan bisa nekakake bangsane lelembut. Pamomonge Ki Tanujoyo kadhawuhan nyekarep apa kang dadi kakarepake R. Bagus Burham, aja nganti disulayani. Awit saka pangemonge Ki Tanujoyo mung nyekarep, mula R. Bagus banget tresnane marang Ki Tanujoyo. Nganti rina wengi mung melu ana omah pondhokane Ki Tanujoyo. Supe marang rama ibune apa dene marang eyange, ya iku R. T. Sastronagoro. Mangkono uga Ki Tanujoyo uga banget tresnane marang momongane, ya iku R. Bagus Burham.

    Wis tau R Bagus Burham diajak nyegur Kedhung Kol. Tekan ing sajroning Kedhung R. Bagus Burham mirsa omah becik, ana putrine ayu banget. Putri mau kang mbaureksa Kedhung Kol, Dening Ki Tanujoyo putri mau dianggep Gustine. R. Bagus Burham banjur ditinggal dening Ki Tanujoyo ana sajerone Kedhung Kol ngaati sawetara dina.

    Ing kono Sang Putri mirsa R Bagus Burham kepranan penggalihe. R. Bagus Burham banjur kapundhut putra. Mula R. T. Sastronagoro manawa marabi ingkang wayah, ya iku R Bagus Burham Bahureksa Kedhung Kol.

    Bareng R. Bagus Burham wis ngancik umur 12 tahun, saka Keparenge R. T Sastronagoro arep dipuruitake ngaji menyang Ponorogo, kapasrahake marang Kanjeng kyai Iman Besari ing Gebangtinatar. Mungguh Kanjeng Kyai Iman Besari iku putra mantu Dalem Ingkang Sinuhun P B IV: Iya sadulur tunggal guru karo R. T. Sastronagoro. Cekaking carita R. Bagus Burham kelakon dipuruitake, Kang ngetutake lestari pamomonge, ya iku Ki Tanujoyo. Pasinaone R Bagus Burham banget anggone cubluk lan kethul. Ing atase sinau wis pirang2 sasi, durung ana kang dibisani. Kanjeng Kyai Iman Besari mirsa kaanan sinaune R. Bagus Burham, banget anggone kethul, banget lingsem ing penggalih. Mula R. Bagus Burham iya sok dinukanan-pamrihe supaya mletik pikire. [ 58 ]

    Ananging pikolehe isih ajeg, ora ana kaundhakane. Kasenengan R. Bagus Burham sadina-dina sabubare ngaji ing wektu esuk kanca-kancane diajak golek iwak menyang kali, nganti sadina muput. yen ora golek iwak, dolanan benthik, bengkat, tor. Suwe-suwe seneng ngabotohan (keplek kecik Ilne). Tumindak mangkono mau nganti kamirengan Kanjeng Kyai. R Bagus Burham

    Bagus Burham nuli ditimbali piyambakan Bareng wis ngadep, Kanjeng Kyai paring deduka kanthi pangandika lirih, kang dukane nganti nandhes: njalari R. Bagus Burham nangis Wiwit iku R. Bagus Burham pinaringan eling dening Pangeran. Ngrumangsani yen tindake kang uwis2 ora bener. Saundure saka ngadhep, tumekanane pondhokan banjur kandha marang Ki Tanujoyo. Menawa anggone sinau ngaji nganti ora bisa, rumangsa isin, sumedya ora arep mulih menyang Surakarta. Wektu samana umure ngancik 15 (limalas) taun. R. Bagus Burham duwe penjaluk marang Ki Tanujoyo, saben bengi sumedya nglakoni kungkum menyang kali Watu. Lan sadinane mung arep dhahar gedhang klutuk memtah sauler. Ki Tanujoyo njurungi marang kekarepan kang utama iku, Ing batin memuji, muga2 momongane pinaringan kanugrahaning Pangeran. Kelakon R. Bagus Burham saben bengi diterake Ki Tanujoyo menyang kali Watu. Satekane ing kali banjur kungkum. Dene Ki Tanujoyo nunggu ana gisik ing pinggir kali, linggih sendhen watu. Mengkono kang katindakake ing saben bengi. Bareng anggone kungkum ganepe patang puluh dina kari kurang sawengi, Ki Tanujoyo nari marang R. Bagus Burhan, upama diliwetake apa gelem. Wangsulane gelem, Mula angkate sapisan iku Ki Tanujoyo nggawa kendhillan beras sacukupe. Satekane ing kali R. Bagus Burham kungkum kaya adate. Ki Tanujoyo nuli golek rencekan kayu lan gawe keren saka watu kang tinemu sakiwa tengene papan palinggihane Sawise keren dadi lan wis cethik geni. beras nuli dipususi. Sabanjure kendhil isi beras dientepake ing keren. Bareng liwete wis mendhak, Ki Tanujoyo nyumurupi menawa R. Bagus Burhan turu Awit nglepus ana sajeroning banyu, beteke saka sayah lan aripe. Awit pirang2 bengi kurang turu. Ki Tanujoyo wektu iku uga krasa ngantuk. Mula banjur mapan kanthi sesendhen watu. [ 59 ]

    Anggone turu lagi oleh saliyeran, Ki Tanujoyo rumangsa krungu swara mriyem kang unine banter banget, nganti gawe kagete. Ki Tanujoyo niliki momongane, tinemu isih turu, nuli bali menyang papan palinggihane. Ora antara suwe Ki Tanu nyumurupi wewujudan padhang kaya rembulan cumlorot lumebu ing sajerone kendhil liwetan. Weruh wewujudan kaya mengkono Ki Tanujoyo awake gumeter ngoplok, nanging meneng bae, ora kandha marang R. Bagus Burham. Sawise mentas lan salin panganggon kang wis disediakake, R. Bagus Burham banjur dikon mangan. Sarehne ora nggawa piring, an ora ana lawuhe, mula anggone dhahar R. Bagus Burham diiras bae, ya iku segane nung dirogohi nganggo astane. Lagi oleh sawataia pulukan, astane krasa nyenggol barang kaya iwak. Didudut cetha iwak wader. gedhene satebah. Ki Tanu nggraita manawa iwak iku kadadean saka wewujudan kang cumlorot kaya rembulan, keng lumebu ing kendhil. Mung bae supaya momongane ora ngerti bab iku, iya mung ethok2 gumun dene ana kaelokan. Lan akon supaya Den Bagus anggone dhahar sega dalah iwake dientekake. Ing sarehne wis 39 dina ora dahar, lan anggone dhahar krasa enak, sega sakendil lan iwake didhahar nganti entek. Mung kari intip, iwake kari endas lan kepet, dipangan Ki Tanu.

    Sawise dhahar, R. Bagus Burham binuka kawicaksanane. Mirsa kaanane jaman kang bakal dilakone: saged ngertos lan ngandika nganggo tembunge bangsa liyan Nagara tanpa sinau; mirsa marang mobah mosiking titah, kaya kang kalebu ing dedongengan manuk gagak Bacem bebasanan karo manuk gagak Jagalan.

    Kacarita wektu R. Bagus Burham wis dadi abdi dalem, asmane R. Ng. Ronggowarsito, ing sawiji dina pinuju marak ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun P. B. IX Ing kono ana manuk gagak muni gaok gaok, mencok ing dhuwure Panggung Sangga Buwana Wektu iku Ingkang Sinuhun mirsa, banjur ndangu marang Ng. Ronggowarsito, unine manuk gagak kuwi bakal ana wigati apa. R. Ng. Ronggowarsito munjuk manawa ora ana kawigaten apa2, kajaba manuk gagak kang muni iku manuk saka Pacem, ngenteni sasrahan. [ 60 ]

    awujud usus kewan saka manuk gagak Jagalan, Samenenge munjuk ing kono ana manuk gagak mabur saka lor kanthi nucuk usus. Bareng tekan ing dhuwur Panggung, mencok ana. sacedhake anggone mencok gagak Bacem. Usus nuli dicucuk dening gagak Bacem, digawa mabur mangidul. Dene gagak Jagalan bali mabur mengalor. Kaya mengkono iku anggone mirsa marang mobah mosiking titah Wondene tumrape Ki Tanujoyo ngentekake intip lan endas lan kepet iwak, tambah kaluwihane. Ya iku ngerti marang caturane kewan.

    Saulihe saka kali, rehni isih wengi, banjur padha mapan turu. Bareng wancine menyang mesjid, R. Bagus Burham sakancane padha mangkat. kanthi nggawa kur'an. Dene R. Bagus Burham kajaba nggawa kitab kur'an isih nggawa kitab liyane maneh. Kanca-kancane ing batin padha ngeguyu lan ngina, apa bisa maca Ora wurung mung arep agawe dukane Kanjeng Kyai. Satekane ing mesjid sawise sembahyang subuh, para murid kadhawuhan maca kur'ane dewe2. Pamacane bebarengan, suwarane gumrenggeng, agawe regenge masjid. Wektu iku kanjeng Kyai mireng swara, kang lagu lan cengkoke maca beda. Kaya2 Kanjeng Kyai dui ung tau mireng. Dhasar swarane becik tur cetha. Sarehning kang maca bocah akeh, ora gampang bisane meruhi iku swarane sapa. Kanggo nggoleki, bocah2 kadhawuhan maca gentenan siji siji Bareng tekan gilirane R. Bagus Burham, ing kono Kanieng Kyai, para guru ngaji, lan murid padha cingak, dene R. Bagus, Burham teka bisa maca kitab kur'an dalah maknane pisan, pamacane nganggo lagu Buminatan kang ing Ponorogo durung ana Wektu iku uga Kanjeng Kyai ndbawuhake. menawa R. Bagus Burham di puji dadi tetuwane para Guru ngaji ing pondhok Gebangtinatar. Kahanan kaelokane R. Bagus Burham kawentar tekan sakiwa tengene kutha Ponorogo. Kang pada krungu yaiku para Ngalim lan para Mukmin. Saben dina pada teka saperlu pada njaluk berkah, anggone R. Bagus Burham nampa kanugrahaning Pangeran. Bareng R. Bagus Burham wis nampa kanugrahan anggone seneng ngabotohan Ilne bisa sirna. Malah wewatekane malih dadi sabar lan lembah manah, welas marang sapa bae. Kang disenengi saben bengi mung nderes Kur'an. Anggone R. Bagus Burham dadi sesepuhe para Guru ngaji Wis sawatara sasi. [ 61 ]Rehne durung supit, mula nyuwun pamit marang Kanjeng Kyai, arep mulih menyang Surakarta ( Sala ). Kanjeng Kyai marengke malah kepareng ngeterake. Kajaba arep masrahake R. Bagus Burham, lya perlu tilik R. T. Sastronagoro. Cekaking carita R. Bagus Burham lan Kanjeng Kyai sapandereke wis teka ing Sastranagaran. Sawise leren ing kono sawetara dina, banjur kondur bali menyang padhepokan Gebangtinatar.

     Ing dina Rebo Pon tanggal kaping 12 sasi Jumadilakir taun Dal 1742, R. Bagus Burham disupitake nganggo pahargyan godhen nganti telung bengi. Bareng anggone supit wis mari banjur didherekake (disuwitakake Gusti Panembahan Buminata, Kang sabanjure disuwitakake ana kraton. Sarehne anggone suwita mandhep mantep, setya tuhu pangabdine, pungkasaning pasuwitan, kawisuda dadi abdi dalem, apangkat Kaliwon, kaparingan jeneng lan sesebutan R. Ng. Ronggowarsito, Pujangga, gedhe ing kraton Dalem Surakarta Hadiningrat. Misuwun asmane, ngluwihe eyang-eyange.

     Ora jeneng kladuk, yen R. Ng. Ronggowarsito sinebut Pahlawan Agung ing jamane, ing bidhang kasusastran Jawa. Akeh buku2 karangane kang banget maidahi marang bangsa lan nusa. Mula asmane dimulyakake, sarana digawe recane, kapasang ing sadhuwure tugu ing ngarepe Gedhong Musium, kaya kang wis kasebut ing ngarep.


    [ 62 ]

    Saka prapatan sakidul Rumah Sakit Jiwa mangulon tekan kampung Penumping. Ing kono ana tugu, ing perangan dhuwurana pepehan lilin murub, aran Tugu Lilin. Mapane ing ratan gedhe jurusan prapatan Gendhengan mengidul menyan, Baron.

    Anane Tugu - Lilin iku minangka pengetan tumrap prastawa perjuangane para patriot Negara, ya perjuangane bangsa kita, bangsa Indonesia bisa kasil. Bisa ngrebut bumi kita saka regemene penjajah Walanda, njur mbangun Negara Merdika, Negara Republiek Indonesia.

    Tugu, asipat sawiji, utawa manunggal. Lilin murub tegese: urip. Saka bangsa Indonesia manungsal dadi sawiji kanthi alan-alan dasan tekad membaja, bisa katekan sedyane, bisa kasil perjuangane. Bisa nyathok hak azasi dhiri, hak azasine urip, hak azasine bangsane. Bisa ngedegake Negara Merdika.

    Aliya saka mengkono. adege Tugu Lilin iya uga minangka pengetan ing atase madege utawa kadhapuke Pemerintah Daerah Kota besar Surakarta, kang banjur salin dadi Kota Madya Surakarta, Secara resmi.

    Tugu Lilin iku uga dipigunakake dadi simbule Kota Madya Surakarta. Tugune digawe werna putih, tumumpang ing dhasar putih. Putih gambare sipat suci. Ingajab manunggale bangsa Indonesia bi saa kanthi sucining ati. Makarya ngiseni kamardikan kanthi sucining ati. Kanthi jujur lan tumemen. Aja ana sing nyleweng resik jaba njero. Madhep ing Pangerane.

    Ing tengahing awak2an Tugu tinemu gambar keris / curiga ngadeg jejeg. Werdine; olehe padha makarya nindakake paprentahan linambaran pikir landhep lan jejeg ing adil Wong sing padha dipasrahi tugas, miliha wong kang wasis ing bidhange. [ 63 ]Lire adil, upamane ....., upamane looo .. ora ana kang nindakake emban cindhe emban siladan. Migunakake sistem sedulur atawa waris Ispne. jeneng nyimpang saka rasa ngadil. Pamrihe supaya negarane bisa jaya lan bisa mekarake kabudayan asli.

    Ing sangisore gambar keris, kaprenah ing dhasar putih, ana gambar panah, kang siyaga arep dipanahake Pan ..... nah. Jawa dhosoke: mapaning manah. Mapaning ati. Sumelehing ati. Iya ateges wening. Sabarang tumindake kalebu uga nanggapi prastawa kang kanthi pinikir wening. jeneng waspada. Watake rahayu. Mangkono uga patrape wong manah. Panah dipantheng diinceng kanthi satuhu. Yen wis yakin lagi dilepasake. Lumepasing panah sumemprung ngenani lesan/ sasaran.

    Ing sakiwa tengene ompuking tugu, katon lumembaking banyu. ngGambarake Bengawan Sala. Pancen kutha Sala uga sinebut Kota Bengawan.

    Ing sadhuwure ombak banyu anane warna ijo, ngebaki papan ing sajroning buwengan opal, kang uga ngawengi gambar tugu lan panah. Warna ijo, tegese ; urip Kita kudu ngrumangsani padha urip ing bumi Indonesia. Kita kabeh kudu padha ngrumangsani yen diuripi dening bumi pretiwi Indonesia. Mula aja nganti ana sing maro tingal, saya saya mengkhianati Negara. Kita kabeh kudu man unggal, mujudake kesatuan kang kukuh bakuh.

    Opal kang ngaweni kabeh wewujudan kasebut ing dhuwur pinggirane awerna merah putih. Iku mengku pralampita, kıta kabeh rakyat Indonesia urip. dibawah naungan Sang Merah Putih. Kita kabeh kwajiban rumeksa, supaya Bendera Indonesia tetap berkibar diangkasa dengan megahnya.

    Bunderan opal sinangga ing gambar kapas lan pari lan jarit sidamukti, ingapit ing bambu runcing. [ 64 ]Kabeh mau tinemu ing sajroning tameng mawa dhasar warna ireng. Ing pojok kiwa tengen, ana gambar lintang.

    Tameng pralampita perjuangan lan pangayomen. Warna ireng asipat langgeng, kukuh bakuh. Mengku karep: Supaya perjuangan kita tahan uji, kuwawa nyirnakake sakabehing rubeda. Lan disesuwua supaya para pemimpin sing suci, jujur, tumemen tansah oleha pangayomane Hyang Widhi kalis ing sambekala, Lintang, mawa sinar sambekala. Lintang, mawa sinar utawa cahya.
    Ingajab para pemimpin kita bisaa oleh/nampa sinare Hyang Suksma Lire pinaringan ati padhang, ngerti marang kwajibane kang luhur. Lan ngeti marang kabutuhan rakyat. Ngerti marang botrepote rakyat. Ngerti marang panjeriting rakyat kang kasangsaya. Lan bisaa madhangake ati kang peteng.

    Bambu runcing tinemu ing dhasar putih. Bambu runcing ateges/pasemon perjuangan rakyat. Rakyat berjuang kanthi suciningati ngrebut nagara. Kanthi ngurbanake kabeh barang darbeke kalebu uga jiwa ragane. Ewasamono nganti saiki durung bisa uman asil nikmate kamardikan.

    Kapas lan pari mujudake sandang lan pangan. Becik kaudi supaya rakyat bisa kecukup uripe, makmur.

    Jarik mujudake asil deleg/baku/pokok kerajinan rakyat ing kutha Sala. Iba becike yen perusahaan batik pribumi bisa ngrembaka. Sidomukti, ateges pandonga, pamuji. Muga2 anane kemakmuran Indonesia bisa warata, bisaa maratani tekan rakyat ing sekabehe.

    Sejatine apa kang tinemu ing buwengan opal, mujudake sengkalan memet. Terange mengkene:

    1. Panah bedhore ing sentheng gendewa, mengku tegas "rindras". Nerangake watak 6 (nenem).
    2. Banyu, ateges "dadi" awatak 4.
    3. Wiwit bedhor, nyenyep tekan pucuking lilin, mujudake garis lenceng, - terus watak 9.
    [ 65 ]d. Tugu Lilin, pasemon "kesatuan kabangsan" ; ateges : manunggal, watak 1.

     Dadi ganepe muni, rinaras dadi terus manunggal. Karepe sengkalan; 1946.
    mBaleni kapas lan pari, ing sangisore buwengan opal. Gunggung 6 ingatase godhong, kembang, woh kapas, ngemu karep : sasi 6.

     Wulen pari isi gabah 16 iji. Mratelakake tanggal 16

     Surya sangkala memet ing dhuwur wuthe muni : tanggal 16 Sasi 6 taun 1946. Iku titimangsa kadhapuke; daerah Kota Besar Surakarta.

    = TA M A T = [ Katrangan ]

    SEJARAH


    KARATON DALEM

    ING


    SURAKARTA.


    &


    SEJARAHE


    BENGAWAN SALA.

    [ 66 ]
    KAWONTENAN ING KARATON
    DALEM ING SURAKARTA.

     Karaton Dalem ing Surakarta, punika anggenipun iyasa ing tahun Masehi 1744. Dene ingkang yasa panjenengan Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana II.

     Tumrap wangunanipun Kraton gotek pangandikanipun para sepuh, kapiridaken kratonipun Bathara Hendra ing Jonggring Salaka (Kahendran).

     Badhe lumebetipun ing Kraton lampahipun kawiwitan saking ler mangidul, nglangkungi Gapura angka I, ingkang kawastanan Galadhag. Ing rumiyinipun gapura wau awujud konten saking kajeng, ing ngandhap mawi rodha. Sakiwa tengening konten taksih awujud papan wiyar, kangge kandhangan kewan.

     Miturut dedongengan, para Panjenengan Nata ing jaman kina taksih remen mbebedhag. Bilih angsal kewan ingkang taksih gesang, upaminipun kidang menjangan Ispnipun, sami kalebetaken ing kandhang wau. Samangsa salah satunggaling kewen badhe kapragad, panyepengipun kewan sarana kagladag (kagiring). Ingkang kuwajiban nindakaken abdi dalem Gladhag. Lajeng papan panggenan konten mawi rodha (sapunika awujud gapura angka I) kawastanan Gladag.

     Sasampunipun gapura angka I, lajeng nglangkungi gapura angka II, ingkang ing kinanipun ugi awujud konten mawi rodha Papan wau kawastanan Pamurakan. Inggih menika papan kangge muiak kewan, ingkang degingipun kabagek-bagekaken dhateng para abdi-dalem utawi dhateng para kawula ingkang gadhah hak nampi bagean Ing kiwa tengen kaprenah sakidul gapura angka II wonten selanipun kentheng, ingkang ing rumiyinipun kangge landesan pamragatipun kewan. Saking sila kentheng ngidul, ing sisih wetan kataneman wit waringin ingkang kawastanan Ringin Wok (estri). [ 67 ]Ing kilen margi ninangka sisihanipun, kawastanan Ringin Jenggot (jaler). Saking panggenan ringin kalih (Wok + Jenggot) wonten papan wiyar angenthak enthak, inggih punika ingkang kawastanan Alun alun Papan wau ing jaman rumiyin kangge gkadhen ajar-ajaran perang saben dinten Setu kanthi kabarung ungeling gendhing "kodhok ngorek"

    Ing sakubenging Alun alun kaprenah ing ler, kilen lan wetan wonten griya jejer jejer, ingkang kawastan Kapalan. Inggih punika papan kangge ngaso para abdi dalem sakapalipun, ingkang mentas gladhen watangan kalayan numpak kapak. Sareng sampua boten wonten gladhen watangan, griya wau kaangge paleremanipun para abdi dalem Bupati ingkang sami sowan/seba, dhateng Kraton. Griya wau lajeng kawastanan Paseban.

     Ing tengahing Alun-alun kataneman wit waringin sekembaran. ingkang mawi kinurung pager ruji tosaa. Kaprahipun tetiyang sami mastani "Waringin kurung". Wondene wit waringin wau ingkang wetan nama Jayadaru, ingkang ateges; kemenangan". Ingkang kilen nema "Dewandaru", ateges "kaluhuran". Kaprenah kidul ringin kurung ketingal wonten griya ageng apayon gedheg, acagak dcling, ajrambah wedhi. Griya wau kawastanan "Tatag Rambat".

     Sareng jumeneng Dalem Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X Jumeneng dados Nata 1843, tetep 6. windu (48 tahun). inggih punika ing tahun Jawi 1843, utawi tahun Masehi 1913. Tatag Rambat lajeng kabangun. Dados apayon seng, asaka pilar, ajrambah plester Wondene cacaheng saka pilar wonten 48 Minangka pengetan, Jumeneng Dalem Ingkang Sinuhun tetep 48 tahun. Lan naminipun lajeng dipun santuni. Bonten nama Tatag Rambat, lajeng kanamakaken "Pagelaran" utawi Sasana-sumewa" Papan wau bilih dinten ageng kaangge papan pisowanipun Pepatih Dalem sapanekaripun, para Panewu, Mantri Bupati. Sangajengipun Pagelaran wonten mriyemipun cacah 3 iji. Ingkang wetan piyambak nama "Kyai Pancawara" nama wau mendhet sengkalan tahun Jawi, inggih punika "Pandhita Carem. Wuruking Ratu (1567), minangka pengetan titi mangsa pandamelipun. [ 68 ]Kyai Pancawara menika ingkang iyasa suwargi Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, Ing sarehna wujudipun sakalangkung ageng tinimbang sanes2 ipun, amila tiyang2 amastani "Kyai Sapu Jagat".

     Mriyem jejer kalih ing ngajeng Pagelaran, ingkang wujud lan agengipun sami, punika pisusung saking Portugis. Dene namanipun ingkang sisih wetan "Kyai Swuh Brastha", tegesipun ; ical utawi lebur. Ingkang kilen nama "Kyai Segara Wana", tegesipun: seganten lan wana. Namanipun mriyem kalih wau minang. ka pengetan icalipun panguwaos Dalem Ingkang Sinuhun tumrap panguwasa sakiug asil wana. Dene asil asil wau 1 jeng dipun kuwaosi dening Pamarentah Walandi.

     Enget-engetan salebetipun tahun Masehi 1964, saking keparengipun Pemerintah Republiek ndonesia, Mriyem 3 iji kasebut kapindhah. Kyai Pancawara wonten wetan Pagelaran majeng mangetan, Kyai Swuh Brastha lan Kyai Segara Wana kaprenahaken wonten sakiwa tengenipun undhak2an ingkang badhe minggah dateng Siti Inggil, majeng ngaler. Ing sisih kilen Pagelaran Wonten mriyem alit majeng mangilea, nama Kyai Santri, iyasanipun ing jaman kina abdi dalem Keparak. Ing sangajenging Pagelaran iring kilen wonten Tugu minangka pengetan pindhahipun kraton saking Kartasura dhateng Surakarta, jangkep 200 tahun. Pandamelipun tugu wonten salebetipun tahun Jawi 1869 tahun Masehi 1938 Kaprenah ngajeng Pagelaran mojok iring wetan lan kilen wonten griya payon seng ingkang kawastanan Bangsal Pandhengan. Bangsal wau manawi dinten ageng kangge panggenan titihan Dalem kapal ingkang karengga ing prabot (pakean) jangkep. Sawetan lan sakilen Bangsal Pamandangan wonten bangsal asaka pilar ingkang kawastanan "Bangsal Paretan", Bangsal wau bilih dinten ageng kangge panggenaa titihan Dalem kareta kanthi prabot jangkep. Ing jaman kina bilih panjenengan Dalem Nata badhe tindak pesiar (ameng2) titihan sampun sumadhiya ing bangsal wau. Ing samang sawetana ke sampun kabongkar jalaran katrajang ing margi. Ing sawetan Ing Bangsal Paretan ingkang wetan, rumiyin wonten kandhangipun sima. [ 69 ]Kaprenah ler kandhang sima wonten bangsal, nama Bangsal patalon panggenan nabuh gangsa dinten Setu, menawi pinuju ajaran perang kanthi numpak kapal. Sawetan Pagelaran wonten bangsal nama Bangsal Pacekotan, panggenan ngempalipun tiyangtiyang ingkang badhe nampi paring Dalem ganjaran Bangsal ing kilen Pagelaran nama Bangsal Pacikeran, kanggo pakendelanipun tiyang ingkang badhe nampi paukuman Kaprenah sakidul Pagelaran ing iring wetan wonten bangsal alit, nama Bangsał Martalulut Papan pisowanipun abdi dalem ingkang kajibah mriksa prekawis. Dene ing sisih kilen minangka sisihanipun, wonten bangsal alit, nama "Bangsal Singanagara, panggenan pisowanipun abdi dalem ingkang kuwajiban mutus prekawis.

     Ing tengah tengahing undhak2an ingkang badhe minggah dhateng Setinggil wonten sela, kawastanan "Sela Pamecat". Ing jaman kinanipun sela wau kangge landhesan nugel gulunipun tiyang ingkang kaukum pejah. Ing tengah-tengah Pagelaran wonten bangsal, nama Bangsal Pangrawit. Miturut dedongengan bangsal wau asal saking griya ing baita titihanipun Sang Prabu ing Jenggala. Ing tengahing bangsal wonten selanipun pesagi. Kecriyos sela menika Dampar palenggahnipun Sang Prabu Hayam Wuruk ing Majapait.

     Bangsal Pangrawit menika kagem papan lenggahipun Panjenengan Dalem Nata menawi pinuju miyos tinangkil, perlu ndhawuhaken bab bab ingkang gegayutan prekawis maringi ganjaran, utawi ngadili prekawis tumrap tiyang2 ingkang nampi kalepatan.

    II. KAWONTENAN ING SITINGGIL

     Sitinggil utawi Sitibentar punika iyasanipun Swargi Ingkang Sinuhun Paku Buwana III. Jangkepipun nama ; Siti Inggil Binata Warata. Inggih menika titimangsa anggenipun iyasa sinengkalan taun Jawi: Siti Inggil Palenggahaning Ratu (Tahun Jawi 1701). [ 70 ]Tahun Masehi 1774. Minggahipun teng Sitinggil nglangkung konten ingkang kawastanan "Konten wijil". Tegesipun medal prentuling manah utawi: medaling lesan (wicara) Mriyem ingkang kaprenahaken jejer jejer manglung pancak suji Sitinggil, urut ing nama saking kilen mangetan, terangipun kados ing ngandhap menika:

    1. Kyai Bringsing, pisungsun saking negari Siyem.
    2. Kyai Bagus, pisungsun saking Jendral Van der Leen.
    3. Kyai Nangkula, pisungsun saking. V.0.C.
    4. Kyai Kumbarawa, iyasan Mataram tahun Jawi 1545.
    5. Kyai Kumbarawi, iyasan Mataram tahun Jawi 1545.
    6. Kyai Sadewa, pisungsun saking V,O.C.
    7. Kyai Alus, pisungsun saking Jendral Van der Leen.
    8. Kyai Kadhal Buntung, inggik Kyai Pamecut, inggih Kyai Maesakumali, iyasan saking Mataram.

    Mriyem-mriyem kasebut ing nginggil ingkang rakitan kembar wujudipun wonten 3 pasang (6 iji). Punika kangge nggambaraken wontenipun panca indriya (Bolongan talingan 2 : netra 2; bolongan grana 2).

     Wontenipun bangsal bangsal ing Siti Inggil.
    1. Bangsal Sewayana, kabangun dening Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X ing tahun Jawi 1843 tahun Masehi 1913.
    2. Bangsal Mangunturtangkil, palenggahan Dalem Ingkang Sinuhun manawi pinuju dinten Riyadi, kados ta:
      1. Grebeg Mulud, ing tanggal 12 Rabingulawal.
      2. Grebeg (Bakda) Pasa (Idhul Fitri).
      3. Grebeg (Bakda) Besar (= Idhul Adha) tanggal 10 Besar.
    3. Bangsal Witana panggenan para abdi dalem ingkang ngampil (mbekta) ampilan upacara Kraton menawi pinuju Bakda.
    4. Bale Manguneng panggenan pandekekipun Mriyem Nyai Setomi.
    5. Bangsal Ngalun-alun,, panggenan nabuh gamelan nuju dinten ageng utawi Bakda,
    [ 71 ]
    6. Bangsal Gandhek Tengen, panggenan nabuh gameian kodhok ngorek menawi pinuju dinten ageng utawi Bakda.


    7. Bangsal Balebang, panggenan yimpen gamelan. Wondene ingkang kasimpen ing ngriku:
    a. Kyai Singakrura, gamelan kangge nabuhi ajar ajaran perang.
    b. Kyai Rendeng, gamelan kangge nabuhi ajar ajaran olah raga.
    c. Gamelan Sengganiraras utawi Gentana, kenging kaangge gendhing kilenan utawi wetanan.
     Anggitanipun R. Lurah Sastrawidata Gurawan.
    d. Kyai Sukasih.
    e. Kyai Pamedharsih.
    f. Kyai Banjit, katabuh minangka tandka yen dinten ageng.

     Ingkang kasimpen ing salebetipun dhimpil ( kamar) :

    1. Bendhe Kyai Samparan.
    2.   "    "  Dewadenta.
    3. Gong Kyai Surak.
    4. Gong Kyai Kanigara.
    5.   "   "  Kumitir.
    6.   "   "  Bajraherawana.
    7. Bangsal Gandhek Kiwa, panggenan nyediyakaken pasugatan ing dinten Riyadi (Bakda)

     Medalipun saking Sitinggil nglangkungi konten nama Konten Renteng, ateges mangu2 (gajeg2) ugi ateges paben salebetipun manah ugi kenging dipun tegesi samar2.

    II. KAWONTENAN SAKING KONTEN RENTENG
    DUMUGI KONTEN MANDHUNGAN.

     Saking Konten Renteng mengidul lemebet konten gapit ingkang nama Konten Brajanala Tegesipun; Braja = landhep: nala = ati. Wetahipun: landheping ati. Sakiwa tengenipun kontena bagian jawi wonten bangsalipun, nama Bangsal Brajanala. [ 72 ]Ing bagean nglebet kiwa tengening konten wonten bangsal nama Bangsal Wisamarta. Tegesipun toya racun. Sanginggil konten bagean tengah, wonten wacucal lembu salembar wangun pesagi, minangka sengkalan memet. Cethanipun; lulang sapi siji = 8, ilang: 0 sapi: 7 siji: 1 taun Jawi : 1703, taun M:schi 1782. Punika titimangsa pandamelipun konten Brajanal. Wondene ingkang iyasa Ingkang Sinuhun Paku Buwana III. Kaprenah iring kilen wonten bangsal, ingkang rumiyinipun pangzenan pajagen Compagnij (prajurit cavalori Walandi ugi kawastanan Legunder) ingkang kawajibaken njagi Kraton. Gotek pangandikanipun para sepuh, Legunder ingkang jagi nampi pa ing Dalem cadhong tedha lan arta. Ing iring wetan wonten bangsal, panggenan pajaginipun para abdi Dalem prajurit Kaprenah ing sakidul Konten Brajanala wonten emper ingkang kawastanan Maderata. Bilih Ingkang Sinuhun badhe tedhak nitih rata, minggah mandhapipun wonten ing bangsal ngriku.

    IV. KAWONTENAN ING SALEBETING KRATON.

     Saking Maderata mlebatipun ing Kraton nglangkungi konten ageng, ingkang kawastanan Konten Kamandhungan, ingkang tegesipun kendel ( mandheg ). Gotek saking dongenganipun para sepuh hilih nalika. taksih jaman Kadewatan, ing Konten Kamandhungan, ngriku kendelipun R. Janaka ngentosi timbalanipun Batbara Hendra.

     Ing sanginggilipun Konten Kamandhungan wonten gambar lambang karij ian Jawi, inggih punika "kapas" pari, lan makutha raja Menggah werdinipun : kapas = sandhang : pari = pangan : makutha kaluhuran. Lambang/simbul kasebut ngemu pitedah, bilih ngagesang boten namung ngoyak kacekaping sandhang tedha, nanging ugi kedah ngudi gegayuhan luhur, kinanthenan ing tarak brata. Bagean nglebet saking konten wonten pengilon ageng tumemplek tenbok. Wontenipun kaca pengilon kapasang ing ngriku. boten teka nyedhiyani kangge ngadi busana. Nanging mengku pikajeng langkung wigatos. [ 73 ]Supados tiyang tiyang ingkang sami langkung ing ngriku - rehne badhe mlebet ing Kraton - sami ngiling pribadinipun. Supados tiyang tiyang wau sami suci manahipun. Awit ing Kraton mekaten taksih kathah papan ingkang gawat.
    Rampung nglangkungi Konten Kamandhungan, ing ngriku wonten bangsal. Ingkang iring wetan nama Bangsal Marcukundha Papan pasowananipun para abdi dalem prajurit. Ing kinanipun papan wau kangge ndhawuhaken putusan utawi ancaman dhateng para abdi dalem ingkang kalepatan. Dene bangsal ingkang sisih kilen nama Bangsal Sumarakarta. Ing kinanipun panggenan misudha abdi dalem Panewu, Mantri, Salajengipun kangge papan pasowan anipun para abdi dalen nglebet Kraton Saking plataran tengah tengahing bangsai, lajeng mangidul lumebet konten ageng malih ingkang kawastanan Konten Sri Manganti. Menggah tegesipun : Sri = ratu : Manganti = ngenteni Gotek dedongengan Konten Sri Manganti wau kaangge nggambaraken nalika jaman Kadewatan, papan anggenipun Bathara Hendra ngentosi pisowanipun R. Harjuna. Konten Sri Manganti kasebut kabangun dening Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV ing tahun Jawi 1718, tahun Masehi 1792. Ing sanginggilipun konten wonten gambar ambang kerajaan : Sri Makutharaja. Kiwa tengening konten gambar : kapas, pari Gambar gambar wau ngemu raos, bilih kaluhuraning negari mekaten, yen negari wau mirah sandhang lan tedha.

     Ing sang nggilipun konten kantor paccosan Sri Manganti wonten gambar minangka sengkalan tahun Jawi, inggih punika: Sanjata kasalira rasaning Narendra (= tahun Jawi 1685). Ing iring kilen ugi dipun wonteni sengkalan tahun Jawi: Sanjata tepun rasaning janma (= tahun 1585). Sengkalan tahun kasebut minangka pengetan adegipun (pandamelipun) Konten Sri Manganti. Saking konten Sri Manganti mlebet mangetan sekedhik dumugi ing plataran ingkang katancman wit sawo kecik cacahipun 88 wit Tademan sawo kecik 88 wau, saking pangandikanipun abdi dalem anerangaken, bilih saking weca pangandika Dalem Suwargi Ing[ 74 ]kang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X ing taun Jawi 1888 tanah Jawi sampun boten dipun kuwaosi Walandi, sarta kawontenanipun negari sarwa (asal saking sawo) sae (becik, asal saking : kecik).

    V. BANGUNAN2 ING KRATON.
    1. Praba Suyosa (dalem ageng), majeng ngidul. Papan pangadhepipun para putri, yen Kraton wonten kaperluan.
    2. Parasetya, papan palenggahan Dalem Ingkang Sinuhun mirsani ringgit wacucal, bilih Kraton ringgitan. Wekdal suwargi Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Paku Buwana X, Parasedya kaagem kantoran padintenan saha kaagem manggihi tamu ingkang boten dines (resmi).
    3. Sasana Sewaka, papan palenggahan Dalem Nata yen pinuju lenggah siniwaka: lenggah ing dhampar; ing sawingking palenggahan dipun wonteni rerenggan awujud "Traon", ingkang winastanan "Bale Buka Sri".
    4. Pandhapi Ageng: majeng mangetan. Dalemipun Ageng majeng ngidul Nalika ingkang jumeneng Nata suwargi Ingkang kaping X, Pandhapi Ageng kasebat, Saben dinten Senen Kemis kaagem lenggah sinewaka.
    5. Sasana Handrawina Kagem kenbul bujana bilih wonten tamu Agung. Utimi kaagem dhahar sesarengan kaliyan para putra santana, bilih ing Kraton wonten damel/kaperluan para putra.
    6. Paningrat, emper mubeng, ngubengi Pandhapi Ageng.
    7. Maligi, panggenan kangge supit (tetak) para putra-putra panjenengan Dalem Nata.
    8. Ing sakidul Pandhapi Ageng wonten papan panggenan gamelan Kyai Kaduk Manis lan Kyai Manis Rengga Gamelan wau saben dinten Senen kaungelaken. Saben dinten Rebo kaungelaken kangge ajar-ajaran beksan Serimpi. Dene ing dinten Sabtu kangge ajar2an beksa bedhaya.
    9. Kaprenah sawetan plataran wonten bangsalipun 3, inggih punika; [ 75 ]
        .
      1. Bangsal bujana; ingkang iring kidul kangge papan maringi segahan dhahar sasaminipun dhateng para pandhereki pun tamu Agung ingkang sowan ing Kraton.
    10. Bangsal Pradangga; ingkang tengah panggenan ngungelaken gamelan, bilih ing Kraton wonten damel (kaperluan)
    11. Bangsal ingkang ler papan panggenan ngungelaken muziek utawi strijk orkest, bilih ing Kraion wonten damel.
    1. Sasanaprabu; punika panggenan kantoripun ingkang Sinuhun. Dene prenahipun Sasanaprabu punika wonten sakidul ipun Parasedya. Wondene kantore wakilipun Ingkang Sinuhun kaprenah saleripun Parasedya.
    2. Gedhong gedhong ingkang ngubengi Plataran kangge kantor ingkang nindakaken kaperluan Kraton.
      1. Sasana Wilapa kantor Sekretariat.
      2. Panti Wardaya kantor Perbendaharaan.
      3. Reksa Hardana Kantor Kas Kraton.
      4. Bale Kretarta kantor Perlengkapan.
    3. Miturut pengetan, Panggung Sangga Buwana ing dinten malem Jumuah tanggal 22 23 Mulud 1886, utawi tanggal 18/19 Nopember 1954 wanci jam 24.00 kabesmen (kobong).

    Wiwitipun kabesmen saking Payon Tutup saji (pucuk) Dene kabesmenipun. saking latu punapa, boten saged kasumerepan, boten saged mesthekaken (nemtokaken), Panggung Sangga Buwana ing saderengipun kabesmen, bagean ing nginggil kawastanan Tutup saji. Ing ngriku wonten tromol bleg, tumumpang ing meja pesagi, ingkang kaapit-apit ing kursi kalih. Miturut dedongengan tromol wau isi pangagemanipun Kanjeng Ratu Kidul. Sadhiyan kagem santun, bilıh rawuh ing Kraton. Nalika sugengipun Kanjeng Ratu Pembayun putri Dalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana VII (ingkang wadat boten kersa krama) prasasat saben wulan kamirengan suwantening kenthong gobyog (kenthongan kaungelaken ing pundi2 panggenan), ingkang kawastanan "Lampor". Inggih lampor wau kangge tandha rawuhipun Kanjeng Ratu Kidul. Ingkang manggihi rawuhipun kanthi kaalusan (nguarohsukma) Kanjeng Ratu Pembayun. [ 76 ]Papan anggenipun manggihi wonten ing Tutup Saji. Dados kursi ingkang ngapit apit meja kasebut minangka kagem palenggahanipun Kanjeng Ratu Kidul sakaliyan Kanjeng Ratu Pambayun. Sareng Kanjeng Ratu Pembayun surut, lajeng boten wonten suwantenipun lampor.

     Nama Panggung Sangga Buwana punika mendhet sengkalaning tahun Jawi. Menggah terangipun mckaten: Panggung saking aksara Jawi; pa gedhe = angka 8. Song = o: ga gedhe ( aksara Jawi) = 7 Buwana = 1. Kempaling angka saking sengkalan, ing tahun Jawi dhawah tahun 1708: Tahun Masehi 1782. Ing pucuk ing panggung ugi wonten memet (sengkalan memet punika kawujudaken gambaran) utawi wujud barang), inggih punika gambar naga mabur dipun tumpaki tiyang Cethanipun: Naga muluk tinitihan janma. Naga= 8: muluk = 0: titihan= 7: janma = 1. Dados wonten tahun Jawi 1708. Punika kangge pengetan iyasanipun Panggung Sangga Buwana. Wondene ingkang iyasa suwargi Ingkang Sinuhun Paku Buwana III.

     Ing saleripun Pandhapi Ageng wonten konten ingkang kawastanan "Konten Wiwarapriya". Sakidulipuu wonten konten nama "Konten Wiwarakenya". Sakidul palataran wonten konten nama "Konten ljo utawi Konten Sri Mangunti kidul Sakidulipun Konten ljo wonten konten nama Konten Magangan".

    VI. WONTENIPUN TITIHAN DALEM KARETA.

     Ing sangajengipun Konten Talangpaten wonten gedhongipun kreta titihan Dalem Nata. Uruting aama saking wetan mangilen:

    1. Kyai Retna Juwita, Kangge titihanipun wakilipun Ingkang Sinuhun ngrawuhi uleman rapat.
    2. Kyai Siswanta, kaangge titihan methuk kulawarga Kraton.
    3. Kyai Marasseba, kaangge titihan methuk manawi wonten tamu saking salebeting Nagari.
    4. Kyai Retna Pambagya, kaangge titihan methuk saking sajawining Negari. [ 77 ]
      1. Kyai Rajapeni, kaangge titihan bilih Ingkang Sinuhun kepareng besiar mubeng2 utawi ngubengi kitha.
      2. Kyai Retna Sewaka, kaagem titihan bilih Ingkang Sinuhun tedhak layat.
      3. Kyai Garudhapura, kaangge titihan methuk, bilih Kraton wonten tamu Agung.
      4. Kyai Garudha Kancana, kaangge titihan kirab, sasampunipun Ingkang Sinuhun kajumenengaken Nata. Tedakipun mawi upacara Kraton.
      5. Kyai Manik Kumala, kaagem titihan mriksa barisan yen pinuju parade Utawi kaangge besiar panganten putra Dalem, sasampuaipun 7 dinten saking panggihipun.


      TA M A T.
      [ 78 ]
      SEJARAH BENGAWAN SALA.

       Ing sawiji dina Eyang R. M. Ng Tiknopranoto lenggeh ana pandhapa, diadhep para wayahe gedhe cilik cacah 13. Wektu iku Eyang ndangu marang wayah2e, "Apa putu2ku bisa menyanyi lagu Bengawan Sala (Solo)? Ature para wayah asaur manuk; "Sageeeed - - Eyang!!! Eyang banjur dhawuh; "Coba padha menyanyia bebarengan"! Wayah-wayah nuli padha menyanyi bebarengan Ana salah siji sing mimpin, supaya olehe menyanyi bisa rampak lan laras, supaya bisa gawe renaning penggalihe Eyange. Aba ne : Ji . . ro . . . . lu.!!!
       Bengawan Solo, riwayatmu ini,
       sedari dulu jadi perhatian insani.
       Musim kemarau, tak brapa airmu.
       Dimusim hujan air meluap sampai jauh.
        Mata airmu dari Solo terkurung gunung Seribu,
        Air mengalir sampai jauh akhirnya ke laut.
       Itu perahu riwayatnya dulu,
       Kaum dagang selalu naik itu perahu.
       Sawise meneng anggone menyanyi, Eyang nuli ndangu; Apa putu-putuku samene kehe iki ana sing ngerti, ing endi mungguh tuke Bengawan Solo?" Atur wangsulan para wayah: "boten ngertoooooos, Eyang banjur ngandika maneh: Putu-putuku kabeh, pada rungokna lan gatekna! coba dak wiwitane ndongeng, methik dedongengan sejarahe Bengawan Solo kalayan cekak. Wektu Eyang isih sekolah kaya kowe, Eyang tau maca buku Bibliotik, cap2an ing pangecapan Papirus Betawi - saiki Jakarta - tahun Masehi 1916. Karangane R. Adipati Arya Reksakusuma, Bupati Bojanegara. Critane mengkene:

      I TUK LAN ILINE BANYU BENGAWAN SALA.

       Mungguh tuke Bengawan Sala iku ana ing tlatah Karesidenan Surakarta, kaprenah ing tembing kidul wetan, ing pagunungan Sewu. Saka etuk mili ngidul ngulon, dadi watese Kabupaten Pacitan karo Kab. Wonogiri. Banjur menggok mengulon, lumebu bawah Wonogiri. [ 79 ]Bareng ana ing Kakap menggok ngalor bener. Ana sakidul kutha Wonogiri Bengawan Sala kaejogan iline banyu kali Keduwang, kang etuke saka ing Gunung Lawu. Sawise ngliwati kutha Wonogiri iline menggok ngalor-ngulon, kaejogan iline banyu kali Dengkeng, kang tuke saka Gn. Merapi. Saka kono iline banyu nekuk ngalor ngetan. Bareng tekan kutha Sala, kaejogan iline banyu kali Pepe, kang etuke saka Gn. Merbabu - Iline bengawan Sala isih ngalor ngetan. Nuli kejogan iline banyu kali Kedhungbang, kang tuke saka Gn. Lawu. Bareng iline banyu tekan ing desa Sokawati lor kutha Sragen, ing kono Bengawan Sala banjur nekuk ngetan tekan ing wates Kab. Ngawi karo Sragen kejogan iline banyu kali Kedhung-bantheng, kang etuke saka Gn Lawu. Wiwit saka kono iline banyu Bengawan Sala mlebu ing tlatah Kab. Ngawi Iline banyu mengetan bener. Tekan kutha Ngawi tempuk karo Bengawan Madiun, kang uga aran kali Genthong. Wiwit saka tempuran kono, Bengawan Sala banjur dadi kali kang gedhe, kena diambah ing prau nganti tekan ing muwarane (anjoge ing sagara).
       Anane kali Genthong kasebut Bengawan Madiun amarga ngliwati kutha Madiun. Bengawan Madiun (kali Genthong) banyune gedhe, saka kejogan iline banyu kali ing tlatah Panaraga, Magetan, Madiun lan ngawi. Saka kutha Ngawi Bengawan Sala menggok mengalor lumebu ing laladan Karesidenan Rembang. Ana kongalor no dadi watese Kab. Blora karo Bojanagara. Iline saya ngalor ngenceng mangetan. Bareng tekan Cepu kejogan iline banyu kali Bathokan, kang tuke saka Gn. Gamping kaprenah lor-wetan kutha Blora. Saka kono iline meggak-menggok mengetan lumebu kutha/Kab. Bojanagara. Bareng tekan sawetene kadhistrikan Padhangan kejogan kali Gandhongan, kang etuk saka Gn. Pandhan. Mengetan maneh kejogan banyune kali Tidhu. tuke ugar saka Gn. Pandhan wiwit saka kaonderan/kecamatan Malo, iline banyu Bengawan Sala nekak-nekuk mangetan bener. Tumekane Kab. Boja-negara kejogan kali Kening, kang tuke saka pagunungan Gamping, ing laladan Kab. Rembang sisih kidul wetan. Iline terus mengetan, dadi wates Kab. Bojanegara karo Tuban. Bareng tekan salore kaonderan Kapas kejogan kali Pacal, kang etuke saka gu[ 80 ]nung Pandhan. Bareng iline tekan saelore kadistrikan Pelem, nekuk mengalor. Tekan Kadhistrikan Rengol nekuk mengetan nganti tumeka ing Babat Saka Babat ilining banyu ngalor ngetan dadi watese Kab. Tuban karo Gresik, banjur lumebu ing laladan Gresik, iline nekak-nekuk mangetan.
      Bareng iline tekan sakidule kutha Sedayu, banyune Bengawan Sala banjur wutah ing sagara, ing salore supitan Madura.

      II. BENGAWAN SALA GEDHE PITULUNGANE TUMRAPE WONG AMONG DAGANG LAN LELUNGAN

       Ing jaman kuna ing sadurunge ana sepur, para among dagang lan wong lelungan lakune padha metu ing Bengawan Sala, kanthi nunggang prau Wektu samana prau kang ngambah Bengawan Sala nganti atusan cacahe. Tumindake mung ing mangsa rendheng, awit banyune gedhe. Dene yen mangsa katiga ora bisa tumindak jalaran banyune cilik (sethithik). Yen banyune Bengawan gedhe, akeh prau padha momot dagangan saka Ngawi menyang Cepu, Bojanagara, Babat, Sedayu lan Gresik. Bengawan Sala katon rame. Prau dagang pating sliri, milir utawa nungsung ilining banyu (milirmudhik) saka Gundih tumeka Surabaya.
      Papan kang kanggo labuh prau dagang dadi papan kang reja.

      Akeh wong dodolan bangsane jajanan warna-warna, kaya ta: sega wedang, gethuk pohung, puli, legandha. wajik ispne. Para pemborong cina kang mborong kayu jati, cukup kayune dicemplungake ing Bengawan sarana digandheng-gandheng mujudake gethek. Prasasat tanpa ragad. Mung mbayar tenaga kang diprecaya, kang tumindak kanthi nunggang gethek saka kayu-kayu mau karo nggawa satang. Kaya mangkono kalayan rikat saka daerah kehutanan, upamane saka Cepu, Bojanagara lspne kayu bisa dikirimake menyang Surabaya lllne. [ 81 ]
      III. PENGHASILAN KANG TINEMU ING BENGAWAN SALA.

       Ing pinggir pinggire Bengawan Sala tinemu akeh lemahe kang mawur, kedadeyan saka lemah canmpur wedhi lembut, lumrah diarani "wedheg". Wong2 kang dedunung ana sacedake Bengawan akeh kang pada ngusungi wedheg mau, kanggo ngurug latare, bisa agawe gasik. Ana maneh lemah kang katut banjir, mandheg ing pinggir, kang aran waled. Wong nati padha mbutuhake waled mau, kanggo ngrabuk tetanduran, marake subur.

       Ing setren pinggir Bengawan tinemu akeh tanduran kang subur subur, ya iku tembako, Jagung, terong, krai, semangka, lombok, kancang Iline. Wong2 kang dedunung ana sakiwa tengene Bengawan, panggaotane padha golek wedhi, krikil saka Bengawan Oleh olehane didol menyang ngendi-endi: pepayone kanggo nyampet kabutuhane uripe. Kijaba golek wedhi lan krikil uga akeh kang paniguripane golek iwak, awit ing Bengawan Sala pancen akeh iwake warna warna kaya ta ; iwak badher, wagał, lempuk rengkik, kakap, wader pacal, trumpah, urang. senggaringan lspne.

       Piranti kang kanggo golek iwak ya iku; jala, samber, jaring, pancing, bandhang, cundhit, sisir, ayap, benco, waring, cempuling Ispne.

      IV. BEBAYA ING BENGAWAN SALA.

       ing mangsa rendheng yen udane wis ora leren leren, lan terkedhang pirang-pirang dina udan terus terusan, Bengawan Salanjur banjir. Yen banjir sok ngedab-edabi Banyune luber nganti adoh saka lajere. Ngelebi desa-desa sawah sawah ing sakiwa tengene Wong2 sing kebanjiran padha ngungsi golek urip Omah akeh sing ambruk njur katut ing banyu. Prabot omah akeh rusak lan keli. Mengkono uga kewan2 ingon Kebo sapi ora bisa diungsek ake akeh sing ilang utawa mati. Luwih2 bangsane kewan iwen.

       Sawah2 pirang2 hektar padha rusak, ketrajang ilining banyu Tanduran-tanduran akeh kang mati, saka bosok. Saka kesuwen kerendhem ing banyu. Wis ora kalap Kapitunan bisa jutaan. [ 82 ]V. PAPAN URUTE BENGAWAN SALA ANA KANG GAWAT

      1. Kerek.
        Saelore Kutha Ngawi, ana panggonan kang diarani Kerek. Anane aran Kerek, jalaran samangsa ana prau kang mudhik, ana kono prau mau kudu dituntun nganggo dhadhung, kagered ing wong lumaku urut pinggire Bengawan, sebab iline banyu santer banget, lan dhasare Bengawan banget miringe, watune mlapar.
      2. Kedhung Maya.
        Kacarita ing sangisore Kerek ana desa aran desa Kuwung. panggedhene desa aran Kyai Ageng Kuwung. Ing sawiji dina Kyai Ageng pinuju mlampah2, priksa ing kali kurung ana bocah lanang keli, kesangsang ranggot Dening Kyai Ageng bocah mau ditulungi, tinemu isih urip. Bocah banjur kadadekake panggone, dikon angon kebo Sarehne ketemune kesangsang, bocah mau dijenengake Jaka Sangsang Mungguh Jaka Sangsang iku sejatine ing ngarep anak angkate mBok Randha ing Jambe, wujude bagus.

       Ingon-ingon kebo Kyai Ageng akeh Dadi bocah pangone iya akeh Kebo2 mau yen diplegungake ing plegungan katon, kumruwet kaya semut, Tilase papan plegungan saiki dadi kali, katelah jeneng kali Semut.

       Kocapa sawijining bengi Jaka Sangsang lan kanca kancane bocah pangon pandha turu ana pandhapane Kyai Ageng. Wektu lingsir wengi Dewi Maya, putrine Kyai Ageng Kuwung pinuju metu, mirsa kabener ing awake Jaka Sangsang ana cahya mencorong Sang Dewi nuli marani. Jarik kang dienggo Jaka Sangsang banjur dibundheli. Esuke Sang Dewi matur marang Kyai Ageng. nyuwun supaya didhaupake karo bocah pangon, kang jarite ana bendhelane.

       Kyai Ageng banjur nimbali kabeh bocah2 pangone. Sawiso nglumpuk, dititik. Jarik kang ana bundhelane, ya iku kang dienggo Jaka Sangsang Sarehning Jaka Sangsang wis diwasa, [ 83 ]banjur didhaupake oleh Dewi Maya. Ananging panggalihe Kyai Ageng lingsem, dene putra putrine oleh pangone. Saka lingseme Jaka Sangsang sumedya dipisahake karo Dewi Maya. Kyai Ageng oleh akal. Jaka Sangsang arep disuwitakake menyang Krato Pajang Klakon, ing sawiji dina Jaka Sangsang diparingi layang dening Kyi Ageng Layang supaya diaturake menyang Pajang Cekaking carita ana Pajang pasuwitane Jaka Sangsang ditampa, lan kalebu kasihan Gandheng rupane bagus, Jaka Sangsang banjur kapundhut mantu, kadhaupake karo putrane putri, kang sulistya ing warnane Sarehne ana Pajang wis lawas, Jaka Sangsang pamit karo garwane arep tilik menyang desa Kuwung. Sang putri Nglilani.

       Dewi Maya kang wis suwe katinggal dening kakunge, ing sawiji dina mangkat saka daleme, nedya nusul menyang Pajang. Lampahe nyabrang Bengawan Sala, kang wektu iku banyune kena disabrangi. Lampahe tekan tengahing Bengawan keplesed dhawah, slirane kentir, keli kecemplung ing kedhung, dadi lan sedane.

       Nalika iku, lampahe Jaka Sangsang tekan kono Mireng ramene wong2 kang padha tetulung, Jaka Sangsang nginguk banjur ing kedhung. ing kono mirsa Dewi Maya awe-awe. Jaka Sang-sang nuli ambyur ing kedhung, dadi lan sedane.
      Putri Pajang kang wis sawetara lawas tininggal ing kukunge, nuli nusul menyang desa Kuwung. Lampahe tekan ing sacedhake kedhung ana kang matur, menawa Jaka Sangsang seda kecemplung ing kedhung Mireng paturan mau, Sang putri banjur nyemplung ing kedhung, dadi lan sedane. Awit saka kaanan mengoko mau, kedhung banjur diarani Kedhung Maya. kang pikolehe dadi papan gawat. Menawa ana prau liwat ing kono, kang pada nunggang Kudu pada meneng, ora kena rembugan. Awit yen pada rembugan, apa maneh nyuwara clometan, praune mesti bilai, kerem.

      3. BENGAWAN GUWA SENTANA

       Ing sangisore (urute) Kedhung Maya, ana pupan kan gawat maneh, karan Bengawan Guwa Sentana Anane diarani mengkono, amarga iline banyu Bengawan notog watu gedhe. [ 84 ]Ing sadhuwure watu ena Guwane: ing sadhuwure guwa ana kuburane. Papan mau dadi patilasane Kanjeng Sunan Bonang.
      Lakune prau yen liwat ing kono, kang padha nunggang ora kena rembugan sora. Menawa wani nerak, ya iku rembugan sora, praune mesti nemoni bebaya. Kang mesti kerem utawa pecah.

       Mungguh anane Guwa Sentana iku miturut dedongengan, kalayan cekak kaya ing ngisor iki:
      Ing pucaking gunung Bonang ana benggole durjana, jejuluk Blacak Ngilo Blacak Ngilo misuwur digdayane lan sekti. Wong2 ing Bonang lan sakubenge padha susah atine, sebab tansah dicolongi bandhane. Kanjeng Sunan Bonang mireng pasambate wong2 padesan kang rumagsa dijarah rayah bandhane dening wong2e Blacak Ngilo. Ing sawiji dina Kanjeng Sunan Bonang manggihi Blacak Ngilo. Paring dhawuh supaya dhewek meareni tindake kang agawe susahe wong2 ing padesan. Blacak Ngilo krungu dhawuhe Kanjeng Sunan ora nggugu, nanging malah muring2 ngajak adu kasekten Pangajake dituruti dening Kanjeng Sunan. Wektu iku Blacak Ngilo muja gandhen dadi jago.
      Kanjeng Sunan muja palu dadi jago. Nuli padha diedu Jagone Blacak Ngilo kalah, badhar dadi gandhen. Warna-warna kesektene kang diwetokake, nanging mung tansah kalah karo kesektene Kanjeng Sunan Pungkasane adu kasekten. Blacak Ngilo Ngajak (main) dhelikan. Kanjeng Sunan diaturi nggoleki anggone ndhelih. Blacak Ngilo ambles ing bami, menthungule ana pinggir Bengawan Sala. Papan menthungule Blacak Ngilo dadi guwa, kang banjur aran Guwa Santana. Wektu Blacak Ngilo menthungul, Kanjeng Sunan wis ana papan ing dhuwure guwa kang saiki awujud kuburan.

       Sarehne Blacak Ngilo wis rumangsa lalah kasektene Sarta wis sayah, mula banjur sumendhe marang kersane Kanjeng Sunan Bonang. Papan mau saiki aran desa Mendhen.

      4. BENGAWAN PASAR SORE.

       Ing desa Jipang kadhistrikan Panolan, Kab. Blora, ana papan tilas kratone Adipati Jipang asma Arya Panangsang. Mungguh pernale kraton ana sapinggire Bengawan Sala. [ 85 ]Sisih kulon Kraton Bengawan Sala disundhet kagawe Bengawan karan Bengawan Pasar Sore. Sudhetan mau tumeka kali Kecing, terus gathuk karo Bengawan Sala.
      Dadi kratone kaubengan ing Bengawan Jembare papan kang dienggo kutha dununge kraton ana sapal pesagi. Wektu sugenge Arya Panangsang kersa gawe watu gedhe kaentha gong. Watu mau dicemplungake ana ing wiwitane sudhetan Bengawan Pasar-Sore. Prau prau kang liwat ing kono kudu ngati-ati. Sebab yen nganti natab watu gong, praune mesthi pecah.
       Mungguh Arya Panangsang iku putrane Pangeran Seda Lepen (putrane R. Patah. Sultan Demak) Sedane Pangeran Seda Lepen wektu jumeneng Sultan Demak, disedani dening putrane Pangeran Trenggono ya iku Pangeran Prawata. Awit saka sedanne keng ramane, ya iku Pangeran Seda Lepen, Pangeran Prawata banjur disedani Arya Panangsang. Nanging Arya panangsang durung lega penggalihe: arep nerusake panyidrane marang putra-putrane Pangeran Trenggana. Klakon nyidra garwane Ratu Kalinyamat. Banjur ngangkah arep nyidrapi Sultan Pajang, nanging ora bisa klakon. Ratu Kalinyamat lan garwane Sultan Pajang iku pada putrane Suwargi Sultan Trenggana. Sultan ngerti marang karepe Arya Panangsang kang ora becik. Mula Jipang banjur di Jurugi saka Pajang. dadi perang rame. Wektu arepe perang ana Swara keprungu, sapa kang wani nyabrangi Bengawan Pasar Sore bakal asor jurite. Sarehne watake Arya Panangsang brangas, Bengawan Pasar Sore disabrangi. Tumeka sisihe (sabrange) Bengawan Arya Panangsang ditumbak dening Ki Ageng Pamanahan mbrodol ususe Usus kumlewer disampirake ing Wengkingane kang saiki ditiru kanggo rerenggan awujud kembang gombyoke keris penganten. Arya Panangsang durung seda, malah ngamuk punggung, agawe pepati akeh. Sarehne tituhane jaran nglumba2, wangkingane modot nggesrek usus, Usus cedhot. Arya Panangsang dhawah, terus seda. Prajurit Pajang banjur padha surak mawurahan jalaran perange menang.

      5. TINGGANG.

       Sangisore Bengawan Pasar Sore ana kedhunge, aran kedhung Braja, kang kejogan iline banyu kali Tinggang, kang tuke saka gunung Ngancik. Anane aran inggang, gotek dedongengan ing jaman kuna ana buta mati kuna panahe Kyai Ageng range. [ 86 ]Patine buta mau mbreganggrang. Luluhe dadi Tinggang Ing papan mau isih tinemu balung gedhe gedhe, kakira balung buta.

      6. BENGAWAN GETAS.

       Kaprenah sangisore Bengawan Pasar Sore, ana papan kang gawat Ya iku tengah tengale Bengawan Sala ana pulone jejer loro Menawa tukang nglakokake prau ora ngati ati, praune notog pulo mau bisa pecah utaw kerem Awit menawa banyune gedhe, pulo mau klelep ora ketok.

      7. KEDHUNG WER PITU

       Sangisore Bengawan Getas ana kedhunge, aran Kedhung Wer pitu. Prenahe ana ing tekukan Bengawan kang banyune mulek.
      Ing kono ana pulone cilik kakum ing banyu, ora ketok. Anane diarani kedhung wer pitu, ing kunane, yen ana prau liwat kono, sarate kudu mungser (oleg) kaping pitu.

      8. SOBRAH PANGANTEN

       Ing dhukuh Semandhing bawah desa Kemiri, ana wit gedhe jejer loro, thukul ing tengah-tengahing Bengawan Sala. Papan mau karan Sobrah panganten. Goteking dedongengan ing jaman kuna ana panganten sarimbit nyabrang ana kono kintir keli, kang wekasane ilang.
      Sailange penganten nuli ana wit thukul jejer loro. Dikira wit mau kedadean saka penganten kang ilang Tukang nglakokake prau yen liwat ing kono, kudu meneng, ora kena rembugan. Lupiyane manawa nerak pepaline para kupa, praune mesti nemoni rubeda.

      9. KEDHUNG WALIYAN.

       Sacedhake Bengawan Sala ana desa aran desa Pethak. Ing kono ana kedhunge, aran kedhung waliya. Lumrahe ing akeh kedhung mau ana kang mbau reksa, awujud setan gundhul, aran Kyai Singajaya. [ 87 ]Manggone ing wit asem gedhe ing pinggir kedhung. Wit asem mau dadi pepundhen kanggo panuwunan wong kang nyuwun sugih.
      Kajaba ana ing wit asem. Kyai Singajaya Mangon ana wit ingas kang tukhul ing pinggir Bengawan ing desa Majenon. Wit mau uga dadi pepundhen, ya iku yen ana wong duwe gawe nganggo nabuh gamelan kudu caos dhahar mrono. Yen ora caos dhahar, kang duwe gawe mesthi nemu alangan.


      10. KEDHUNG SRUNGGA

      Bengawan Sala nalika iline ana sacedhake dhukuh Kampak desa Tanggir, ana kedhunge aran kedhung Srungga. Ing kedhung kono ana bayane gedhe, katiban watu gedhe ora bisa obah Sabanjure baya mau dadi dhanyange kedhung kono. Saben ing mangsa labuh, yen ana swara gumludhug asal saka kedhung mau, miturut piyandele wong tani ing desa kono, anggone tetanen bakal akeh asile


      11. PASAREAN TULUNG

      Kaprenah ing sakulone kutha Bojanagara, dumunung ing sa pinggire Bengawan Sala, ana desa aran Tulung. Ing kono ana pasarean kang gawat, Dene kang sumare ing kono jejuluk Gusti Raden. Ya iku putra Pajang kang kaseser perange karo (mungsuh) Mataram.

      Mungguh halade pasarean mau, yen wong ing desa Tulung kono ana ngombe inuman keras, bangsane arak (ciu), wong mau mesthi edan, ora suwe banjur mati.


      12. PASAREAN BUYUT KENCANA

      Saelor wetane kutha Bojanagara ing pinggir Bengawan Sala kang sisih lor ana gununge cilik, bawah desa Banjarsari. Ing kono ana pasarean aran pasarean Buyut Kancana, uga karan pasarean Buyut Sanga. [ 88 ]Amarga ing pasarean mau kang sumare jejer sanga Gotek dedongengan kang sumare ing pasarean mau putra pajang kane lolos tinggal praja. Lolose saka Pajang sagarwa putra. banjur dhedhukuh ana Banjarsari nganti sasedane Pasarean mau saben taun disadrani dening wong2 ing desa Banjarsari : kasuwun sawabe berkahe, supaya slamet lan nemu mulya uripe. Dene pasareane Buyut Hirapati kanggo pasadranane wong2 kang padha nglakokake Jru lan gethek aja diganggu gawe dening baya. nemua slamet ing lakune Anane pasareane Buyut Hirapati dadi pasadranane tukang nglakokake prau utawa gethek, miturut gotek dedongengane kaya ing ngisor iki:

       Ing sawiji dina Nyai Buyut Hirapati kadherekake putrane mususi beras menyang Bengawan sajrone lagi mususi Nyai Buyut disarap baya, kagondhol menyang kedung Depis desa Sima. Dohe saka dhukuh Banjarsari watara 4 pal. Putrane mirsa menawa ingkang ibu digondhol baya, nuli kondur matur ingkang rama, ya iku Kyai Buyut Hirapati. Ki Buyut nampa ature putra, banjur rawuh ing Bengawan, nggebyur ing banyu. Wektu iku ki Buyut mirsa garwane kagondhol ing baya, Menyang endi parane baya dening Ki Buyut tansah ditutake. Wekasan lakune baya tekan ing kedhung Depis Ora antara suwe Ki Buyut uga rawuh ing kedhung Mirsa ing kono ana guwane nuli dileboni Lagi ngancik ing cangkeme guwa, Ki Buyut kraos manawa manggon ing alam kaalusan Cangkeme guwa malih katon gapuraning karaton Ki Buyut terus lumebu, mirsa guwa mau malih awujud kraton kang endah rerenggane.
      Dene baya2 kang ana kono padha awajud manungsa Mung Nyai Buyut Hirapati malih awujud pitik babon putih ana ing kurungan.

       Cekaking carita Ki Buyut ketemu ratune baya. Ratune Baya nyumurupi Kasektene Ki Buyut banget gumune, lan rumangsa kasoran prabawa. Mula iya ora wani apa2. Ki Buyut ngandika, rawuhe ing kono perlu mundhut kagungane pitik babon putih kang ana ing kurungan. Lan mundhut baya kang nggondhol garwane, perlu arep dipidono. [ 89 ]Ratune baya ngaturake, lan nyumanggakake apa kang dadi kersane Ki Buyut Kanthi ngasta pitik babon putih Ki Buyut nuli kondur. Tumeka ing dalem pitik babon putih malih dadi Nyai Hirapati. Sawise lerem sawatara, kanthi ngasta gembel lan dhadungduk, Ki Buyut rawuh maneh ing kratone baya. Sarawuhe ing kono baya kang nandhang luput banjur dikalungi dhuk sarta dititihi, didawuhi ngeterake kondur mengyang Banjarsari.
      Lakune baya kanthi nglangi Ing sadalan-dalan congore dipenthungi dening Ki Buyut nganggo gembel, nganti gobrah getih. Bareng tekan gisiking Bengawan sacedhake daleme Ki Buyut baya banjur katuntun munggah ing gisik. Putra wayahe kang methukake rawuhe, didhawuhi menthungi baya kang mentas dititihi.
      Para putra wayah banjur padha tumandhang Ana kang menthungi nganggo alu: ana kang mbandhemi nganggo watu Ing sarehne baya wis rumangsa luput lan banget kelaran, mula banjur matur marang Ki Buyut, nyuwun ngapura lan mertobat. Ora bakal ganggu-gawe marang putra wayahe. Lan prasetya, ing tembe buri yen baya mau ngetok, putra wayahe Ki Buyut aja nganti menyang Bengawan. Awit wektu iku ing Bengawan ana baya lanjon kang golek mangsan Sawise ngaturake prasetya, baya diparingi pangapura, nuli lunga nggebyur ing Bengawan. Sabanjure baya mau dadi danyang ana Bengawan kono. Tumeka saiki, yen ana baya kang gulune kalungan ireng ngetok, wong2 ing desa Banjarsari padha ora wani menyang Bengawan.


      TAMAT.
      [ 90 ]
      LELANA MINGGAH REDI LAWU

       Kacarios ing kampung Jayengan Surakarta, wonten satunggil ing jejaka sampun lola, nama Jaka Lelana Menggah Wewatekanipun jejaka wau anocogi sangat kaliyan namanipun, inggih punika remen lelana lan amesu brata.

       Anuju satunggaling dinten ngajengaken tanggal sapisan wulan Sura, Jaka Lelana tuwuh sedyanipun badhe minggah ing Redi Lawu. Kajawi kepengin badhe nyumerepi kawontenan ing pucaking redi, ancasing cipta badhe amesu brata, nyenyadong parimarmaning Pangeran ingkang murbeng jagat, sageta sinembadan punapa ingkan sinedya.

       Nalika bapakipun taksih gesang, piyambakipun asring dipun dongengi bab kawontenaning satunggal-tunggalipun papan patilasan ardi-ardi, pasareyan-pasareyan lan sapanunggilipun ingkang asring kangge panepen utawi pajiarahan. Dados boten nama aneh yen piyambakipun mengertos dhateng wewaler-wewaler ingkang boten kenging tinerak, punapa dene tata-cara tuwin sesaji ingkang kédah katindakaken. Upaminipun: menawi sumedya minggah dhateng pucaking redi Lawu, kedah tatag teteg sarta adhedasar suci ing lahir batosipun, Dene wewaleripun boten kenging mengangge ingkang sarwa ijem warninipun.

       Sareng sampun kacekap anggenipun ngrakit pirantos2 ingkang badhe kabekta minggah, Jaka Lelana bidhal piyambakan. Badhe bidhalipun, ngucapaken mantra wasiyat saking bapakipun, murihipun supados rahayu ing lampahipun. Menggah rapalipun makaten: Sengkala sengakala padha suminggaha, durga mandheg, gajah mungkur rahayu slamet saka kersaning Allah Sang Hyang Ibu Bantala, Sang Hyang Bapa Hanantaboga, niyatingsun lumaku rina kalawan wengi. Ana sangkala enggal balia saking karsaning Allah. [ 91 ]
       Sasampunipun ngucapaken mantra lajeng nggedrug (njejak) siti rambak kaping tiga, tumunten bidhal.
       Lampahipun dharat saking kampung Jajengan mangaler dumugi margi agengg Keprabon menggok mangetan nglangkungi Gladhag, pelken Harjanagara (katelahipun kawastana Pasar Gedhe), Mesen, Jebres, Jurug, Palur, terus mengetan bablas.
       Wetawis wanci bedhug siyang, lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi Tawangmangu, Lajeng kendel wonten sangandhapipun wit klengkeng ingkang ayom, perlu ngaso. Sareng sampun ngaso ing sawatawis Jaka Lelana nglajengaken lampah. Saking Tawangmangu merginipun sampun wiwit minggah, arahipun ngidul ngetan. Watawis wanci Asar lampahipun Jaka Lelana dumugi ing dhukuh Tara, laladan Kalurahan Blumbang. Ing padhukuhan wau kewontenanipun hawa sakalangkung asrep Sarehne sampun badhe nyelaki wanci seraping surya jejaka wau lajeng pados pasipengan. Kaleresan ingkang dipun jujug, griyanipun juru panedah margi dhateng redi Lawu, nama Pak Kartasentana. Jaka Lelana sasampunipun uluk salam, ingkang gadhah griya medal. Salajengipun Jaka Lelana anglairaken panembung, menawi kepareng sarta boten wonten pakewedipun badhe nedha sipeng sedalu kemawor. Pak Kartasentana saderengipun suka wangsulan, pitaken dhateng Jaka Lelana bab nama, griya sarta sedyanipun badhe dhateng pundi. Jaka Lelana ugi suka wangsulan ing saperlunipun. Enggalpun panembungipun Jaka Lelana neda nyipeng, dipun tampi kanthi bingahing manah.
      Jaka Lelana sasampunipun reresik badan lajeng jagongan kaliyan pak Kartasentana, sinambi wedangan lan nedha pohung bakaran.
      Pak Karta: Gus, sampeyan kok boten mawi rencang niku asale minggah teng redi Lawu empun rambah ping pinten?
      Jaka Lelana: Pak, kula dereng nate minggah, enggih nembe sepindah niki, dados kula mung majeng tekad mawon. Dene sababe kula boten ngajak rencang, kabekta kula niki lare lola tur ontang anting. Dados mrika-mrika empun kulina ijen mawon.
      Pak Karta: We lha, kok ageng tekad sampeyan. Napa boten ajrih yen manggih alangan onten mergi? [ 92 ]Jaka Lelana: Kula boten gadhah raos ajrih lan semelang. Awit begja cilakane badan niku mung Pangeran ingkang nguwaosi, Kula mung saderma anglampahi.

      Pak Karta: Nggih Gus, kula nderek ngemum mawon.

      Jaka Lelana: Pak rehne kula dereng ngertos mergine, yen sampeyan lega manahe, kula nedha ancer2 urut2ane margi ngantos dugi pucak.

      Pak Karta: nggih ta nek ngoten, ning sing ajeng kula criyoskeniku margi sing sering kula langkungi mawon Cobi sampeyan mirengake. Saking dhukuh Tara ngriki lampahe ngidul ngetan nglangkungi dhukuh Blumbang. dhukuh Tlagadlingo anjog Cemara Sewu. Saking Cemara Sewu ngaler ngetan menggak-menggok ; nekuk ngidul terus minggah ngetan Yen empun dugi papan sing namane Tamansari enten ngriku sampeyan ampun kaget lan ampun ajrih. Jalaran kaprenah kidul kilen Tamansari niku dununge kawahe redi Lawu. Swantene kawah gemludug. damel mirising manah.

      Gandane lirang nduleg: sing beten betah ambete. nggih marakake sesek Saking Tamansari margine minggah ngaler ngetan, anjog jurang Pangarib-arib. Enten ngriku sampeyan nggih kedah kendel caos dhahar. Awit jurange lebet sanget, tur gawat, Wiwit ngriku sering kedhatengan amphuhan, sing disetani ampuhan niku peteng kados pedhut nggembuleng, mawi nyuwanten kumrasak ngujrih-ajrihi, hawane kekes atis.

       Saking jurang Pangarip arip mergine wiwit minggah ndeder, puruge mengetan dugi Punthuk Papon Saking Punthuk Papon mergine mengidul dugi Penggik, terus dugi Ondharante; terus anjog Cakrasrengenge. Onten ngriku sampeyan kedah kendel caos dhahar. Yen mireng swanten peksi crat-cret, sampeyan telingke prenahe swara. Yen empun cetha dununge swara sampeyan turut kangge, panuntun lampah sampeyan, murih bonten keblasuk Miturut piandele tiyang-tiyang ing ngriku, peksi wau namine Jalak Gadhing Wulune ijo, cucuk kuning, nganggo jamang kuning kados enco Peksi wau utusane Sinuhun Lawu, didhawuhi nedahake margi dha teng sinten mawon sing redya sowan.

       Saking Cakrasrengenge mergine ngidul ngilen, menggah malih dugi Harga Dalem, nggih ngriku niku sing disetani palenggahane Sinuhun Lawu. [ 93 ]Sampeyan enten ngriku mung kudu meleng lan empun kendhat enggene totor, awit hawane kekes atis. Onten ngriku sampeyan nggih kudu caos dhahar.
       Jaka Lelana : Wah, kula rumaos gamblang, pak, mirengake ancer2 sampeyan. Dados sinaosa kula dereng nate minggah, nanging yen ngugemi crios sampeyan wau, tentu saged dumugi puncak kanti wilujeng.
      Pak Karta ; nggih mugi2 sageda kabul sedya sampeyan, Gus.
      Jaka Lelana : Napa sakiwa tengene pucak niku nggih enten papan sanese sing kramat?
      Pak Karta: O, papan pundhen niku kiwa tengene pucak kathah sanget. Kejawi niku guwa-guwa nggih sawatawis.
      Sasumerep kula mawon, papan pundhen niku Argadumilah, Argapurusa, Argadumeling. Argakembang, Tlagakuning, Pasar Diyeng Sendang Drajat, Kahyangan, Selapundutan lan Cakapawenang.
      Dene cacahe guwa kirang langkung anten pitu: Setupa. Segala-gala, Sitlorang, Lumbung Siliyur, Siteplok. Mangling. Sumur Jalatundha.
      Jaka Lelana: Kados empun cekap nggen kula nedha seserapan pak Kula matur nuwun lan nedha sawab pamuji. sageda kadumu gen sedya kula. Rehne kula empun kraos arip, kula nedha lilah sampeyan ajeng mapan tilem.
      Pak Karta : nggih-nggih, mpun ngriku disekecakake kados enten griyane dhewe.
       Ing wanci dalu boten kacariyosaken reroncenipun. Sareng wanci bangun, sasampunipun reresik badan. Jaka Lelana pamitan Pak Karta badhe nglajengaken lampah, sarta nglairaken panuwun, nggenipun sampun dipun tampi kalayan sae saha dipun sukani ketrangan warni - warni, ingkang migunani tumrap - sedayanipun. Pak Kartasentana nglilani saita njurung pamuji, mugi manggiha wilujeng tuwin sageda kasembadan sedyanipun. Benjing menawi mandhap kemawon puruna kampir malih. Kacarios ampahipun Jaka Lelana tansah ngengeti sacaya cariosipun Pak Kartasentana. [ 94 ]Enggaling carios lampahipun dumugi ing Cakrasrengenge watawis wanci jam 17.00 kanthi wilujeng. Liripun wiwit bidhalipun saking dhukuh Tara ngantos dumugi Cakrasrengenge boten kapapag ampuhan. Namung ing katebihan piyambakipun nyumurupi lampahing ampuhan. Wujud sarta swantenipun ngepleki kados ingkang kacriyosaken Pak Kertasentono. Pancen inggih ngajrih-ajrihi yektos. Wonten ing Cakrasrengenge Jaka Lelana lajeng kendel caos dhahar. Kawontenanipun sepen anglangut: punapa malah wekdal semanten nuju jawah riwis2. Nanging boten antawis dangu lajeng terang, langitipun sumeblak
      Miturut kapitadosanipun jejaka wau, bilih wonten pratandha antawisipun kepareng punapa ingkang dipun sedya Salebetipun caos dhahar wonten swanten crat cret ingkang kapireng lajeng dipuntilingaken. Prenahipun saking kidul kilen. Sabakdanipun caos dhahar Jaka Lelana nglajengaken lampahipun ngener ngidul ngilen anut prenahing swantenipun peksi wau. Marginipun minggah mayat Sareng pikantuk kalih onjotan, ing ngajeng watawis let 5 meter ketingal wonten jalak lincek2, mlampah nolah-noleh kaliyan mungel crat-cret. Jaka Lelana namataken ulesing peksi. Wulunipun ijem, cucuk jene, mawi jamang jene. Piyam bakipun lajeng kengetan dongengipun Pak Kartasentono ing dhukuh Tara. Dados peksi wau sampun tetela, bilıh Jalak Gadhing. klangenanipun Sinuhun Lawu, ingkang kautus nuntun ing lampahipun. Peksi jalak lajeng mabur mangilen. Jaka Lelana ngucap suka syukur ing Pangeran. Lajeng ngetutaken aburing peksi jalak Gadhing ngener mangiler. Enggaling cariyos ing wanci ± jam 18.30 lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi ing Arga-Dhalem, njujug ing bangsalan. inggih punika griya mawi payon lan gebyog saking seng, nanging boten mawi konten.

      II. KAWONTENAN ARGA DHALEM.

      Ing Arga Dhalem kawontenanipun sampun peteng. Mila Jaka Lelana lajeng damel obor. Kaleres ing sakiwa tengening bangsalan ngriku wonten kajeng pating tlecek, lajeng dipun kempalaken, perlu kangge totor. Sareng angpenipun damel bedhihan sampun dados, jejaka wau minggah kanthi mbekta obor, badhe caos dhahar telenging Arga Dhalem. [ 95 ]Sareng dumugi nginggil, Jaka Lelana radi nggragap manahipun. Awit nyumerapi tiyang sepuh jaler linggih. patrapipun kados saweg semadi Jaka Lelana kendel sekedhap, namataken tiyang sepuh wau, punapa inggih temen tiyang saestu, punapa bangsaning lelembat Sarehne dipun kedhepaken ambal kaping tiga tetep taksih katingal, piyambakipun wantun mastani tiyang saestu. Mila kanthi tatag Jaka Lelana nglajengaken lampah, dumugi ing griya alit kados patrolan, mawi payon sarta gebyog saking kajeng Jaka Lelana kendel, lajeng mapan linggih. Salajengipun caos dhahar, mbesem dupa, Sarampungipun caos dhahar lajeng wangsul dhateng bangsalan ing ngandhap, perlu nyelaki bedhihan ingkang sampun kadamel ing saderengipun minggah, awit atisipun anglangkungi. Dene tiyang sepuh ingkang saweg pitrap semedi wau lestantun wonten ing nginggil. Jaka Lelana dumugi ing bangsalan ngandhap, sasampunipun nambahi kajeng ingkang kangge totor, lajeng mapan linggih, amiwiti panekung pun Tanceping cipta nyuwun parimarmaning Pangeran, sageda kasembadan sasedyanipun. Ing dalu boten kacariosaken reroncenipun Namung kadhang2 kapireng swantenipun kewan wana ing katebihan.
      Ing wanci enjing umun2 Jaka Lelana sampun tangi, nanging dereng wantun nilaraken panggenanipun. Awit kejawi pedhutipun taksih kandel, tisipun ngantos tumrecep kados rumasuk ing bebalung. Sareng Sang Bagaskara sampun ngatinggilaken sorotipun. Jaka Lelana saweg nilar papanipun mingguh malih dhateng telenging Arga-Dhalem, perlu caos dhahar. Sarampungipun caos dhahar, lajeng patrap semedi, Saparipurnaning semadi Jaka Lelana menyat, badhe wangsul mangandhap malih. Nanging dereng ngantos mlampah, kapireng wonten swantenipun tiyang celuk2 Jaka Lelana nolah-noleh, madosi asaling swanten. Ingkang celuk2 wau boten sanes tiyang jaler sepuh ingkang dipun sumerepi winginipun dalu. Jaka Lelana lajeng murugi.
       Tiyang sepuh lajeng wicanten: Nak aja dadi atimu, ya, aku nungkak krama karo kowe Anggonku duwe patrap mengkono kuwi ora duwe karep ngremehake marang kowe, nanging murih luwih rumakete. [ 96 ]Jaka Lelana mangsuli: Inggih, boten dados menapa pak.
      Tiyang sepuh: Jenengmu sapa, ngger? Lan saka ngendi asalmu?
      Jaka Lelana: Nama kula Jaka Lelana. Asal saking Negari kampung Jayengan Sawangsulipun bapak asma sinten, lan ingkang dipun dalemi pundi?
      Tiyang sepuh: Jenengku Kyai Wangsadirya, asal saka dhukuh Bangsri, ing tanah wetan. Apa tekamu mrene ora ngango rewang ngger?
      Jaka Lelana: Bonten pak. Kula namung Piyambakan kemawon
      Kyai Wangsadriya: Wis rambah kaping pira anggonmu munggah mrene kok wis wani dhewekan.
      Jaka Lelana: Inggih saweg sepisan menika, pak.
      Kyai Wangsadriya: We lha, kagolong kendel temen kowe, ngger. Rahayune ora keblasuk-blasuk
      Jaka Lelana: Inggih, angsal pangestunipun bapak, lampah kula wilujeng. boten manggih alangan satunggal punapa.
      Kyai Wangsa: aku mono wis marambah rambah anggonku mrene. Dadi kene iki wis ambah2anku, prasasat wis omahku.
      Jaka Lelana: kula nyuwun seserepan, Pak Griya alit ingkang wangunipun kados patrolan lan mawi payon sarta gebyog saking kajeng menika kangge menapa?
      Kyai Wangsa: O. ngertia ya ngger Nalika kunane manawa ana jumenengan Nata, Ingkang Sinuhun banjur utusan nglabuh pangageman sarta sesaji mrene. Pangageman dalah sesajine didokokake ana omah cilik kuwi.
      Dene utusan Dalem banjur ngujubake, perlune, tata kramane ganep. tetembungane susila lan wijang. kaya2 lagi matur ana ngarsane Ingkang Sinuhun temenan. Sawise mengkono abdi dalem Juru suranata lan mutihan ndongani ajad Dalemn. Dongane warna loro, Buda lan Arab Dene saikine omah cilik kuwi kanggo ndokokake wilujengan saka para sadulur kang rumangsa katarima panyuwune Sawise disajekake sawatara, banjur lagi dikepungake marang para, sedulur kang pinuju jiarah mrene
      Jaka Lelana: Menawi dhangan, kulu nyuwun dipun dongengi sakawit sinten ingkang mara-tapa ing redi Lawu ngriki. [ 97 ]Kyai Wangsa: lya prayoga. Nanging luwih dhisik kowe dak jak mubeng2, nonton kaanane pucak dalah sakiwa tengene, dimene mundhak sesurupanmu Mengko yen wis kemput anggone, nitiprik sa, kowe bakul dak dongengake riwayate sing seckawit maratapa ana kene. Saiki ndelenga keblat papat sakubenge, mungguh kaindahane Alam gumelar, kang tinitahake dening Gusti kang murbeng jagad.
      Jaka Lelana ugi mituhu ningali keblat sekawan Kawontenan sakubeng ing pucak ingkang tiningalan saestu damel lam-laming raos Satemah saya ageng kapitadosanipun, bilih namung Allah piyambak ingkang weaang amurba tuwin amesesa alam donya dalah saisen-isenipun. Saya anengsemaken malih nalika piyambakipun nyumerepi ngalempakipun ampak-ampak ing iring ler lan wetan, tebih saking Arga-Dhalem, ing salajengipun dados mega pethak sami mlampah urut urutan kaprenah sangandhaping redi, purugipun mangile
      Kyai Wangsidriya nudingi mangandhap kaliyan wicanten ngGer, mara delengen lakuning mega sing urut urutan sangisoring gunung kae. Kajaba becik sesawangane, aku lan kowe iki rak kaya Raden Gathutkaca sajrone crita wayang purwa. Lire wis ngrasakake turu ana sadhuwure mega malang.
      Jaka Lelana: Inggih, kasinggihan ngandikanipun bapak.
      Kyai Wangsa: Wis ayo saiki ngetutna aku, daktuduhake patilasan2 kang ana sakiwa tengene Arga Dhalem kene.
      Jaka Lelana: Mangke rumiyin, Pak. Kula taksih dereng telas2 pangungun kula, dene kawontenanipun Arga Dhalem kok benten sanget kaliyan nalika dipun tingali saking ngandhap. Katingalipun Saking ngandhap mencu kados tumfeng, nanging kawontenanipun kok jebul bawera.
      Kyai Wangsa lya pancen bener mungguh kandhamu iku. Mungguh kaanan ing Arga Dhale n iku yen diemper-emper pepetane kaya Siti Inggil ing Surakaria Mara tamatna, wewatesane mubeng kagawe saka watu tinata tharik-tharik. Saka papan kono dalane mengisor nganggo undhak-undhakan uga sa ka watu, tumeka papan kang ana bangsale kang dipayoni lan digebyogi seng Saya nggumunake maneh, dene sangisore Arga Dhalem ora ana wit witan kang gedhe lan dhuwur. Kabeh padha racak endhek tur ora ana godhonge. Mung ing Arga Dhalem dhewe kang kethukulan wit kang gedhe lan dhuwur. [ 98 ]Anehe, wit2an kang racak cendhek2 sanajan isih padha seger2, , nanging yen kapecok kanggo totor, kayune iya gumridig kaya kayu guring bae.
      Jaka Lelaa: Punapa sanginggilipun Arga Dhalem taksih wonten papan kangge pepunuhen, pak?
      Kyai Wangsa: O, isih ana ngger. Ing sadhuwure Arga Dhalem isih ana pucak loro manch. Sig dhuwur dhewe aran Arga Dumiling: sangisore aran Arga Dumilah, banjur Arga Dalem kene, sing umume kanggo Jujugane para Sadulur kang suncaya nyuwun barkah dulem Sinuwun Lawu
      Jaka Telana: Lha, sapunika kula rumaos sampun gamblang kawontenan ing Arga Dhalem ngriki. Sapunika sumangga kula dherekaken tindak2 nitipriksa kawotenan sanes2ipun.
      Kyai Wangsadriya mlampah ngaler ngilen (mandhap) dipun tutaken Jaka Lelana dumug papaa wiyar ngen tak enthak boten katuwuhan punapa2, kajawi sela pating jenggeleg. Papan wau dipunwastani Pasar Diyeng, inggih punika pekenipun para lelembat. Awit yen ngleresi pekenan kapireng swanten warni-warni, nanging boten wonten wujudipun. Sacelakipun peken wonten tumpuka sela, ingkang winangun kados kuburan. Miturut gotek, punika pasareanipun Kyai Sapujagad. Saking Pasar Diyeng lampahipun Kyai Wangsadriya tuwin Jaka Lelana ngaler ngetan dumugi papan ingkang pinageran mawi sela mubeng, inggilipun watawis sameter kepara langkung sekedhik. Ing ngajengan mawi kori blak2an. Salebetipun papan wau wonten sela winangun kados meja. Sanginggilipun meja wonten selanipun ingkang kawangun kados tumpeng ageng alitipun cekapan. Saleripun meja wau wonten griyanipun alit kados patrolan, kadamel saking kajeng dalah sapayonipun Papan wau dipun wustani Sela Tumpeng utawi Sela pundhutan. Miturut kapitadosanipun sadherek, sinten tiyangipun ingkang kuwawi mbekta sela tumpeng wau ngangge tangan kiwa (patrapipun kasangga ing epek2) lumampah ngubengi meja sela wau, badhe kadumugen ing sasedyanipun. Dene griya alit kados patrolan wau kangge pandekekan wilujengan sauba rampenipun saking para sadherek ingkang rumaos katarimah panyuwunipun.
      Kyai Wangsadriya kaliyan Jaka Lelana wangsul malih dhateng Arga Dalem, ngaso wonten bangsalan ingkang ginebyog sarta pinayoman seng. [ 99 ]Sasampunipun aso ing sawatawis Kyai Wangsadriya criyos dateng Jaka Lelana, bilih badhe katedahaken dunungipun Sendhang Drajat. Saking Arga Dalem lampahipun mangetan lajeng nekuk mengaler. Sadumuginipun ing papan ingkang dipun sedya, Jaka Lelana gumun sanget, dene ingkang kawastanan Sendang Drajat menika toyanipun sekedhik sanget, bebasan kados pagupakan maesa.

      Nanging ingkang nggawokaken malih bilih toya ing sendhang wau dipun angsu ngantos pinten² klenting, kawontenaning toya boten asat. Kyai Wangsadriya criyos dhateng Jaka Lelana, tembungipun; ngGer, miturut kepercayane sedulur akeh, sing sapa kuwat adus grujug banyu ing Sendhang Drajat kena nganti rambah kaping 7, bakal katarima panuwune. Apa kira² kowe keduga dakdusi nganggo timba kuwi nganti rambah kaping 7? Wangsulane Jaka Lelana: Inggih, pak, kula namung nderek kersa panjenengan. Salajengipun Jaka Lelana, dipun grujugi mawi toya ing sendhang drajat ngantos rambah kaping 7. Sinaosa namung pitung timba, nanging raosipun dhateng badan sakalangkung njekut. Ewa semanten saking dayanipun manah mempeng, Jaka Lelana babar pisan bonten ngraosaken atis. Sarampungipun adus Jaka Lelana dipun jak wangsul malih dhateng Arga Dalem, sami leren wonten ing bangsalan.

      Kyai Wangsadriya miwiti rembagan tembungipun: ngGer, aku arep nyritakake asal usule Kanjeng Sinuhun Lawu, sarta mula bukane ngratoni para lelembut ana ing ardi Lawu kene. Mara saiki wigatekna, dakwiwitane saka Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan.

      Sang Prabu Brawijaya V, ya iku Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan jejuluk Sang Prabu Kertabumi, kagungan putra kakung lan putri cacah 101, Nalika samana Sang Nata dalah para kawula ing Majapait padha nganggo panutan Agama Budha Senadyan Sang Brawijaya ngrasuk agama Budha, nanging penggalihe andanardana, Lire ora nglarangi, menawa ana kawula sing nganggo panutan agama liya. Kajaba saka iku, uga maringi palilah marang Sunan Ngampel Denta, anggone sumelya mencarake agama Islam ana ing pulo Jawa. [ 100 ]Sarta banjur diparingi tanah predikan, minangka padhepokane, Sunan Ngampel Denta iku putra keponakane prameswari Nata. Bareng Kraton Majapait kabedah dening R. Patah, Sultan ing Demak Miturut pengetan rusake Kraton Majopait ing taun Masehi 1470. Taun Jawa sengkalane n uni : Sirna = 0; llang = 0. Kerta (ning) = 4. Bumi = 1. Dadi cethane; Sirna Ilang Kertaning Bumi taun Jawa; 1400 Sang Prabu Brawijaya nandang gerah ana ing pandhepokane Sunan Ngampel Denta (Surabaya) Ing wektu iku putrane Sang Prabu kang angka 23 asma R. Gugur ngadhep ing ngarsane ingkang rama kang pinuju gerah Sawise R. Gugur nampa pangandikane Sang Prabu kang werna2, ing kono Sang Prabu banjur surut ing kasidan jati (seda). Saparipurnaning pangruktine layon, R Gugur banjur dhedhukuh ana ing sikile gunung Lawu nganti sak muksane, kang sabarjure jumeneng Sinuhur Lawu. Dene padhukuhan kang tilas didalemi tumeka saprene karan dhukuh gugur. Kajaba kang ana ing Ga. Lawu iku Sinuhun Lawu ana maneh kang sinebut Sunan Lawu Mungguh dedongengane mengkene:

      Nalika ingkang Sinuhun Paku Buwana VI ing Surakarta kakekandhangake menyang Ambon garwa Dalem ya iku Kanjeng Ratu Ageng ora nderek, amarga mbobot sepuh Bareng wis tumeka wancine arep mbabar ingkang raka Gusti Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi Surakarta III. nenggani (anggone ingkang rayi arep mbabar). Ing kono Gusti Kangjeng pangeran mireng cengering bayi. Nanging ora ana wujad: kijabaug Ing batos Gusti Pangeran sakelangkung lingsem panggalihe. Ora antara suwe kapireng maneh cengering jabang bayi : dipirsani, jabang bayi maujud (= ana). Ya iku kang ing tembe jneneng Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX Dadi cethane Kangjeng Ratu Ageng mbabar kembar. Nanging kang miyos dhisik ora ana - Gampang - ana ilang. Miturut lumrahe ing akeh anak kembar iku kang lair dhisik, dianggep kang dadi enom Dene kang lair keri kang dadi tuwa.

      Kocapa ing sawiji dina, wektu Iagkang Sinuhun Paku Buwana IX isih timur, ngarepake supit, Ingkang Sinuhun nandhang gerah, njalari prihatose penggalihe Kangjeng Ratu Ageng sakulawar[ 101 ]ga Kraton Awit saka iku ing kraton rina wengi dianani tetuguran Ana kang marak ing ngarsane Kangjeng Ratu Ageng ana ing pesareyane ingkang putra kang lagi nandhang roga. Ana kang manggon ing pacaosane dhewe2. Ing wektu samana ana jejaka bagus kang pasuryane ngepleki pasuryane Ingkang Sinuhun kaping X, sowan ana ing pasarean Ing kono sgawe cingak lan kagawokane Kangjeng Ratu Ageng dalah para kang padha ana ing pasarean.

      Kanjeng Ratu nuli ndangu marang jejaka kang nembe sowan Thole, kowe kuwi sapa lan saka ngendi pinangkamu lan apa perlune, dene tekamu marak ora ana kang nglarapake? Jejaka banjur munjuk: Ibu, punapa Ibu kesupen, bilih dalemnpunika putra panjenengan dalem piyambak Miturut fangandi king guwagarba dalem, adalem lajeng kapundhut dening Eyang kanipun Eyang Sinuhun Lawu, si Sampunipun edalem air sasinuhun Lawu kabekta kesah, salajengipun kapundhut putra. Wontenipun adalem marak, kejawi sowan tuwi ugi badhe nyaosi jejampi gerahipun kakungmas punika.
      Cekaking carita Ingkang Sinuhun banjur diusadani. Sanalika bisa waluya. Sawise iku jejaka mau nuli nyuwun pamit, kondur menyang Lawu. Kangjeng Katu nglilani sarta paring trima kasih, dene puputrane wis mari gerahe Dene kondure jejaka mau sawise metu saka kamar banjur ora katon. Goteking ngakeh jejaka mau kang senebut Sunan Lawu Uga ana dedongengan dak rungu saka abdi dalem Kraton. Surakarta kang wis sepuh yuswane, nerangake : Nalika kang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Ingkang minulya sasaha Ingkang Wicaksana Paka Buwana X; samangsa ing Kraton ana dhayoh Walanda kang sajak ngrembug babagan wigati lenggahe Ingkang Sinuhun katon ana kang ngamping ampingi, kang pasuryane kaya Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX kang wis suwarga. Mung bae kang bisa sumurup mau mung abdi dalem kang wening atine. Dadi ora sadhengah abdi dalem kang weruh.

      Mengkono ngger dedongengane kalayan cekak kahanane kahanane kang jumeneng ana Arga Dalem kene. Jaka Lelana miner dedongengan wau sanget anggeaipun migatosaken. [ 102 ]Kyai Wangsadriya nglajengaken rembag tembungipun: ngGer, coba delengen kaanane isen isen jagad olehe warna-warna kaanane nyenengake sarta ngresepake ing pandulu. Kaanane tetanduran katon ijo arayo royo godhong. Gunung2 kasawang kadi kadohan katon pating jenggeleg biru wernane. Kali2 lan bengawan katon pating jlarit. Mungguh gunung2 iku miturut dedongengan kedadean saka banyu kang aran tirta kamandhanu, kang ora oleh panas soroting srengenge, banjur njendhel dadi embag, suwe2 dadi lemah. Mungguh keng dadi gunung iku embag kang pepunthukan ing negara kang hawane adhem, ing kono ana pepunthukan salju kang kaya gunung. Ana kang rata. Mung bae samangsa kena panas soroting srengenge, salju mau ajer dadi banyu.

      Awit kaanan kang tinemu dadi isen isening jagad iku katitahake urip, perlu ayake aku nyritakake bab dumadine jagad saisine, methik saperlune saka buku Darmasonya, anggitane Sang Bagawan Yogiswara ing Mamenang. Terange kaya ing ngisur iku:

      III. DUMADINE JAGAD

      Mungguh kang gumelar. jagad kang kapisan iku diarani "So nyaruri". Tegese; suwung utawa sepi. Mulane mengkono amarga titahing Pangeran durung padha dumadi. Kang lagi dumadi dhisih ya iku: Surya, candra, kartika lan suwasana.

      Mungguh suwasana iku saikie aran "amun amun". Amun-amun iku minangka kekandange surya, candra lan kartika. Dene surya, candra lan kartika iku mau ing jero prdha kebekan amun-amun, Patang prakara. Mau langgeng ing kaanane lan ora kena owah gingsir ing salawas lawase apa dene jejeg ing wujude lya iku kodrating Pangeran kang dhisik dhewe. Kaanan papat iku padha kasinungan wahyaning wahyu ing kauripan. Ing tembe bakal kuwasa anartani ing kauripan kita iki kabeh. Dene kodrat papat kang wis katerangake ing dhuwur, wujud utawa gedhe cilike, apa dene panguwasane beda-beda. Pratelane kaya ing ngasot iki:

      1. Candra (rembulan) wujude sumunu semu kuning maya-maya. Kuwasane ing tembe bakal kawasa mahanani jaga raya iki kabeh. [ 103 ]
      2. Pamanggone ngumandhang ana sadhuwure rembulan watara lettelung atus pindulu. Kuwasane ing tembe iya bakal mimbuhi maratani jagad raya iki kabeh.
      3. Surya (srengenge), wujude abang amarkata. Gedhene luwih saka ge lhene lintang. Pamanggone ngumandhang ana sandhuwure lintang. watara let telung atus pandulu, Kuwasane ing tembe bakal mahanani urub-urube jagad raya iki kabeh.
      4. Swasana iku gedhene sa (k) srengenge. Rupane ireng meles amaya-maya. Kuwasane dadi kekadangane sakabehing dumadi iki. Kuwasane iku saka lembute lan jembare tebane, tur mesti anane.

      Sawenehe para winasis agawe perlambang : kodhok ngemuli lenge, utawa rangka manjing curiga, curiga manjing warangka.

      Anane kaparibasakake mengkono, amarga swasana iku nadyan ing sajerone watu iya isih kebekan dening kaanane swasana. Ing mangka watu iku ing jaba iya manggon ing sajroning swasana. Ing sajroning alam "sonyaruri" jagad iki isih jenjem premanem, angin durung ana lumaku banyu sagara durung ana. Bebasan isih suwung tumlawung, kejaba mung serat soroting srengenge, kang sumebar angebeki sa (k) bawana kabeh. Serat soroting srengenge, iku ndarteni daya panas. Lawas2 nabeti marang suwasana mau. Tabet panasing swasana suwe2 tumeka ing antariksa (awang) tumanduk ing rembulan lan ing lintang2. Rembulan lan lintang bareng kena dayaning panas, temahan padha kumaringet Dene kringete rembulan lan lintang2 padha tumiba ing gunung cakrawala kang sisih lor kang aran pul elor (Noord pool). Wondene kringete rembulan lan intang2 mau diarani tirtaprawita", kang tegese bayu kang kawitan". Lawas2 tirtaprawita mau banjur mili Tampa kendhat, sarta iline angubeagi sakubuking jagad iki kabeh. Ing kono tirta prawita banjur karan "tirtakamandhanu", kang tegese banyu kang mili malengkung, Mungguh warnane tirtakamandhanu iku putih kaya kapuk kapas, sarta mawa cahya maya2. Iline tirtakamandhanu bareng temeka ing poking bawana kang ireng kidul kang diarani "pul kidul" (zuid pool), temahan tempuk lan panasing srengeage. Ing kono nuli padha arebut daya, [ 104 ]padha kuwate lan padha kuwasane. Nalika padha nedheng-nedhenge tempuke Tirtokamandhanu karo daya panasing srengenge, temahan nganakake swara humyung. Saka kuwate sakaro karone, temahan kawawa ngobahake bawana iki kabeh. Obahing bawana bareng ketempuk dening daya kang padha rebut daya ing ngarep, wekasan srengenge, rembulan, lintang apa dene swasana, padha mubeng nyakra minggilingan dhewe-dhewe. Tirtokamandha nu kang tempuk karo panas kang tampa kendhat ing sadina dina ing kono wiwite ana bengi lan rahina (awan). Ing nalika iku Tirtokamandhanu ilang adheme sarta srengenge ilang panase. Sailange adhem lan panas, temahan padha sumaring saring adhem lan pinas, tumuli kumpul, manggon ana swasana Jlantahe tirtokamandhanu sarta jlantahe panas kang kasar padha tumus tumeka sajroning bawana, dumadi dadi jalanidhi, kang tegese banyu kang bener, utawa banyu wantah. Wondhene jlantah kang alus padha bali marang Sunung cakrawala. Kabeh mangkono ing salawase. Iline tirtokamandhanu mau santosane kalawan daya prabawane dhewe. Prabawa iku diarai banyu Mangkono uga panasing srengenge iku uga mawa daya prabawa rog prakara mau, nalika tempiking tirtokamandh inu lan panasing srengenge, temahan kumpul dadi siji Ing kono banjur sinebut maruta" utawa markuta, kang tegese amoring daya loro. Maruta banjur manut salaku jantrane tirtakamandhanu. Mula lakune angin iku kasarane kena daya prabawane panggendenge banyu. Ing wektu iku bawana wis kadunungan kodrat cahya campuran rong prakara, ya iku kang dhisik banyu, banjur maruta. Bareng wis mangkono banjur ora diarani alam sonyaruri, ananging banjur diarani "alam tirtayoga" kang tegese "banyu tumitah utawa" tumitahe banyu kang kapisan Banyu-banyu kang tinemu ing sisih lor (Noord pool) lan ing sisih kidul (Zuid pool) kaanane isih padha njundhel Anane mangkono jalaran adoh karo srengenge. Dene banyune kang padha ajer mung kang dumunung ana tengah Ewadene manava banyu mau kataman ing dayane adhem ing wektu bengi. iya bisa kumpul ing sawatara, katıtik saka tibaning ebun ing wektu esuk. Nanging manawa kena panasing srengenge, banyu kang kumpul dadi encer. Mengkono ing salawas-lawase. [ 105 ]
      IV. SALEBETIPUN JAMAN TIRTAYOGA

       Ing sajroning jaman tirtayoga iku ana wahyaning wahyu kauripan telung prakara. Siji dumunung ana sendhang cakrawala, yaiku wahyuning tirtakamandhanu, ing tembang Sanskriet diarani manik "I O. Ma," kang tegese "urip", warnane putih hamancur. Loro: dumunung ana ing maruta. Rupane : ireug sumorot. Ing tembung Sanskriet diarani manik "Is Maya". kang tegese: rembesing kaweningan. Telu dumunung ana ing srengenge. Rupane abang amblerengi. Wujuding sorot kaya purnamaning rembulan. Ing tembung Sanskriet diarani manik mulat, kang tegete; murub

       Mungguh kaanane manik tetelu mau padha arebut daya, arebut panguwasa Dene kang kuwasa daya panggendenge, ya iku manik I. O. Ma; manik Is Maya lan manik Mulad kena panggendenge manik I O Ma mau banjur campur dadi sawiji. Cimpure manik tetelu iku temahan banjur padha ilang sipate, ya iku kung putih ilang putihe; kang ireng ilang irenge; lan kang abang ilang abange Ing wasana salin warna dadi cahya biru maya2 asemu ijo banjuraran "trimurti" kang tegese; amore cahya tetelu, utawa kahalusan tetelu Trimurti iku tetep bangsane ngaluhur, yektine dene bangsane cahya, gesang tanpa suksma utawa tanpa raga. Trimurti iku binasakake urip ora ana kang nguripi. Yen ing tembung Arah diarani "Nur" Yen para alli badi ing tanah Eropah padha ngarari "Zel". Ing nalika iku Trimurti manggon ana samadyane Tawang. Ya iku kang diarani Alam-Antara. Mungguh Alam Antara iku ana tengah tengahe dhuwur lan ngisor, apa dene tengah tengahing elor lan kidul, wetan lan kulon. Tengah2 mau saikine terusing mangisor ana sakdhuwure bumi Mekkah. Nalika imurti jumeneng ana ing Alam-Antara, sesilih Tripurusa: kang tegese wahyu tetelu Mulane sinebut "Tipurusa", amarga jumekuwasa anarik sarisarining Bawana. Sajroae Alam Tirtoyaga iki kage wis ora mobak mosik ing sadina- dinane. sarto pengkuh anggone angukuhi marang kahen ngane. Mula saya lawas saya tabih kasantosane, utawa tambah2 wahyaning wahyune. Ing wasana wakasa anarik sarisaniring Bawana. Sajrone alam Tirtoyaga iki kabeh, apa dene serat sorote. [ 106 ]Tripurusa mau, temahan padha anguripi sarupane beburon seron ing mangsa iku. Dene sakabehing beburon ing nalika anggone dumadi ana sajerone Alam Tiroyoga mau kang dadi pratandhane, kabeh padha mawa cahya kaya dene lintang alihan, iku sejatine beburon. Mungguh kaanane beburon ing awang-awang mau, kakeh padha ora keaa ing pati. amarga bakal ora kena hawa sesukering bumi ing selawas-lawase. Beda karo beburon kang padha ana sajerone jalanidhi. Sanadyan ing alam Tirtayoga ragane iya padha ndarbeni cahya, nanging sarehne bakal padha katabetan hawaning bumi, mula ing tembe bakal kena ing pati Amarga ing alam iku kena diarani alam kahalusan-uga kena diarani karaton "Siwandakara", kang tegese kabeh kang padha dumadi ing alam mau padha ndarbeni cahya kang mencorong.

       Tripurusa ing sadina-dinane ora kendhat anggone kataman sarining panas, sarining banyu lan sarining angin. Lawas2 sari tetelu mau kuwawa anglimputi Tripurusa. Bareng wis sawatara kandel, kumpule sari tetelu mau kuwasa dadi kekandhange Tripurusa, sarta banjuur awujud kang diarani sarira, uga kena diarani sarining hawa kang tegese sari banyu. Bareng Tripurusa manggon ana sarira, banjur aran Pramana, kang tegese katon utawa maujud. Kang binasakake maujud iku sariraning Pramana. Wujud sarira mau lawas lawas tumulidadi gatra manusa banjur aran Bathara, kang tegese alus. Sawise mangkono Pramana banjur kena diarani "Raga Bathara", Bareng wis aran Raga Bathara, Pramana tumuli tuwuh panguwasane cacah limang prakara, ya iku kuwasa andulu tanpa netra; angganda tanpa grana: ngandika tanpa ngucap: amiyarsa tanja karna: amirasa tanpa sarana. Mungguhterange kaya ing ngisor iki:

       Ing nalika sajrone Alam Tirtayoga durung ana carane wong pedha mangan lan turu, apa-dene suka lan prihatin utawa laralan kapenak. Pramana mau saya lawas saya tambah dayane kasantosan. Yen rina kuwasa ngukut sarining srengenge. Yen bengi kuwasa ngukut sarining Tirtakamandhanu. Lawas2 tambah praba utawa kaya Wane, mancorong cahyane kaya purnamaning wulan utawa kasrengenge. [ 107 ]Kang mengkono iku mratandhani wis sarira wahyu. Tetepe manawa wis sarira wahyu, dene ora obah katempuh gedhene maruta ; ora panas kataman prabawane srengenge ; ora adhem kekuming Tirtamarta. Terange mangkene :
      Sapira santosane maruta, isih kalah karo santosaning Pramana. Sapira panase Sang Bagaskara. isih kalah kalawan panasing Pramana. Mangkono uga sapira ademing Tirtaprawita isih kalah karo adheme Pramana. Saya suwe serat soroting Pramana mau saya tambah akeh sarta warna² rupane. Ana kang ijo, ana kang abang ana kang kuning ana kang wungu, ana kang dadu, ana kang ireng, ana kang biru, ana kang putih lspne Rerupan samono mau. bareng oleh daya wahyune Pramana, wekasan padha urip dhewe², apadene banjur sumewa ing ngabyantarane Pramana Rerupan mau ing tembe bakal dadi wijining dumadi.

      Anggone arep mencarake tuwuh, sakehe wiji iku diarane Hapsara; yen ing tembung Arab diarani “Rochani”, yen ing tembung Walanda isih diarani ”Ziel“. Para Hapsara mau ing tembe bakal dadi wewijangane dumadi dhewe-dhewe. [ 108 ]
      V. WERDINIPUN WIJI TIGANG PREKAWIS

       Mungguh werdine wiji telung prakara iku, siji rupane putih. Wiji kang rupane putih iku asal saka sarining Tirtakamandhanu, arane Pramana kang tegese; suci utawa padhang: yen ing tembung Arab diarani "Rokh rakhmani".

       Loro rupane abang. Wiji kang rupa abang iku asal saka sarining srengenge, arane "Mulad", tegese: murub utawa padhang (terang). Ing tembung Arab diarani "Rokhilapi".
      Telu: rupane ireng. Wiji kang rupa ireng iku asal saka sarining Marute, arane "Murti", tegese: alus. Yen ing tembung Arab diarai "Rokhrabani".

       Mungguh wiji telung prakara iku anggone bisa dadi wiji, manawa wis campur dadi sawiji, utawa rupa sawiji. Dene manawa isih mligi wujud dhewe2, iya bakal ora kuwasa dadi wiji.

       Cethane kaya ing ngisor iki ;

      1. Wiji kang rupane biru-amarakata, iku pratanda wiji asli saka sarining Maruta, kawoworan sawatara wiji saka sarining Tirtakamandhanu, katambahan sawatara wiji saka sarining Srengenge. Manawa wiji mau bisa dadi, ing tembe dadine bocah, wewatakane bakal cubluk, guru aleman nanging langgeng legawane.
      2. Wiji kang biru enom semburat maya2, iku pratandha wiji asli saka sarining Maruta; kawoworan wiji sarining Tirtakamandhanu utawa wiji sarining Srengenge rada kaduk, Manawa wiji mau bisa dadi, ing tembe kaanane dadi bocah wewatekane bakal nrima sarta kadunungan budi welasan.
      3. Wiji kang ijo maya2 iku isih sarining Maruta, kawoworan wiji sarining Tirtakamandhanu sawatara; sarining Srengenge rada kaduk, iku wis kena diarani Trimurti, ananging adon-adone durung satimbang. Kang mangkono iku ing tembe menawa wiji mau bisa dadi kaanane dadine bocah bakal lantip lan darbe nanging rada budi, sedheng, apa dene kadunungan sabar atine, nanging rada amem wicarane.
      [ 109 ]
      1. d. Wiji kang rupane ijo mancur maya2 iku tetep adone wiji Trimurti sa (k) - ukur: ilang wujude putih, abang lan ireng, mung mligi salinggane Pramana ya iku kang diarani sajatine rupa, Ing tembe manawa wiji bisa dadi, kaanane dadine bocah bakal ndarbeni budi lilan temen lan narima, utama lan tata-titi teteg ngati ati Apa maneh kadunungan heneng hening awas iling, apa dene tetep mantep tur lantip marang kabudayan.
      2. e. Wiji kang rupa kuning semu suminar, iku isih sarining Trimurti, nanging adon-adone rada kaduk wiji sarining srengenge, apa dene wijine sarining Tirtakamandhanu Kang mangkono iku bakal mahanani kaya adege Trimurti, kang kasebut ing dhuwur mau; kaceke mung ndarbeni cipta wasesa; kang diarani cipta wasesa iku tukuling karsa; pangiyas marang sapepadhane tumindhak.
      3. f. Wiji kang rupa abang abra mblerengi, iku pratandha sarining Srengenge kawoworan sarining Maruta lan sarine Tirtakamandhanu mung sethithik. Kang mangkono iku ing tembe yen wiji mau dadi bocah, bakal mahanani duwe watak landhep budine sarta sugih panggraita, kalawan panas beranan, tur sentosa amisesa nanging yen wis kataman makartine cipta, cepak semining lila legawane.
      4. g. Wiji kang mung wungu warnane, muyek amarkata, iku pratandha sarining Srengenge kawoworan sarine Tirtakamandhanu sethithik kang akeh sarining Maruta. Kang mangkono iku ing tembe yen wiji mau dadi bocah bakal duwe wewatekan drengki angkara murka, sarta cugetan aten, ora ngandelan, culika, durjana tur gedhe kiyase marang sapepadhaning tumitah, apa dene buteng utawa rupak budine, adoh welas asihe, cepak kasusahane. Kang mangkono iku adat ing tembe bakal ndarbeni lara rong prakara. Manawa larane tumanduk ing raga, dadi lara kang ora bisa waras; yen tumanduk ing panon, dadi edan.
      5. h. Wiji kang rupa dadu, dumilah asemu maya2, iku pratandha sarining Srengenge, kawoworan sarining Tirtakamandhanu cukupan, sarining maruta rada kaduk. Kang mangkono iku ing tembe manawa wiji mau dadi bocah, bakal mahanani duwe wewatekan gedhe panjangkane, ngrebda angga tunggine, gedhe ang-
      [ 110 ]karane, tipis budi dayane. Kang mangkono iku ing tembe bakal mahanani nduweni lara panas sarta suda ing pandulune.

       Mungguh pencaring wiji kasebut nduwur kalebu ing mangsa sajrone Alam Tirtayaga. Awit isih padha raga cahya kabeh.
      Muncaring cahya mau wis ora beda karo urubing Pramana. Mula kena binasakake araga suksma, "sarira Bathara". Dadi ing wektu iku durung ana lara lan pati. durung ndarbeni sedya lan karsa. Mung jumeneng kalawan heninge bae.

      VI. WEWAHING KODRAT CAMPURAN

       Ing dhuwur wis katerangake bab ana banyu jalanidhi kang ing saben bengi kataman dayaning adhem, kang satemah kumpul (njendhel) Yen awan kataman hawa panas satemah ajer. Ananging ajere banyu jalanidhi mau anteng kanthi njlantah. Jlantahe lawas2 awujud dadi embag, kang sabanjure dadi lemah, kang tegese lemes. Sarehne embag mau ing saben dina tansah katambahan suwe2 dadi kandel awujud dadi lemah sinartan oleh siliring, angin lan panasing Srengenge, temahan dadi akas.
      Ing sajeroning lemah tansah katambahan jelantah.

       Mungguh santosaning lemah mau kadaya saka sari telung prakara, Ya iku sarining Srengenge (panas) sarining banyu lan sarining angin Sari telung prakara iku anggone tumanduk ing lemah salawase.

       Saka panuksmane sari tetelu wekasan mahanani wewujudanya iku thetukulan lan sapepadhane. Bareng lemah mau wis ana thethukulane, banjur diarani bumi, kang tegese: wadah Bareng kaanane bumi saya lawas saya kandel, panusupe sari tetelu mau banjur ora bisa lestari tumeka ing jeroning bumi. Amarga kaanane sari tetelu mau isih kagolong sari kasar, Lire saben kena daya adhem kumpul. Yen kena daya panas ajer
      Ajer sari tetelu mau mahanani sari alus kang kawasa tembus ing wis padha bumi, andiyani dadi panguripane thethukulan kang wis pada tumuwuh ana bumi utawa beburon kang wis padha tumitah ana ing kono. [ 111 ]Mungguh kahalusane sari tetelu kang tembus ing sajerone bumi iku mau nganakake jelantah kang banjur campur karo jelan tah kang ana sajrone bumi campuran jelantah mau temahan dadi wujud wolung prakara.

      1. Manik2 sapanunggalane.
      2. Emas.
      3. Salaka.
      4. Timah.
      5. Tembaga.
      6. Wesi.
      7. Uyah.
      8. Walirang.

      Mungguh wewujudan wolung prakara mau, ing nalika kataman adhem kumpul. Manawa kataman hawa panas, kawawa metu hawane kanthi oleh campuran saka sari telu saanane. Ananging cecampuran ing hawa wolung prakara mau, sejatine isih kasar. Mula anggone arep njedhul marang Bawana durung bisa. Jalaran kapepetan ing bumi. Hawa wolung prakara mau yen kataman adhem njendhel; yen kataman panas ajer. Ajere hawa mau nganak ake sarining hawa kang alus, kawawa nembus ing bawana, banjur nartani panguripan, iya sing diarani asthagina. Tegese kaanan wolu kang kaanggep urip. Wondene jalantah hawa kang padha keri ana sajrone bumi mau dadi wewujudan limang prakara.

      1. Pulung. Rupane biru semu ijo. Iku pratandha saka cahyane manik-manik (bangsane akik), emas sarta tembaga. Pulung mau ing tembe iya bakal dadi sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang den luluti (katiban) pulung, bang sane kang darbe cipta welas asih marang saliring dumadi.
      2. Wahyu. Rupane putih sumirat kuning. Iku saka cahyane manik emas sarta timah utawa salaka. Wahyu mau ing tembe ya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti (ketiban) wong teaceping ciptane marang lila legawa,temen lan narima.
      3. Handaru, rupane kuning, kumunir. Iku pratandha saka cahyane manik2emas, wesi, salaka. [ 112 ]Handaru mau ing tembe ya bakal kanggo sarana kanggo nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti wong kang tanceping ciptane kang marang martapa mardi aksama.

      4. Teluh braja. Rupane abang sumirat wungu Iku pratandha saka cahyane tembaga, wesi timah lan walirang. Teluk braja mau ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang diluluti wong kang tanceping batine jail muthakil lan mbethithil.

      5. Guntur. Rupane wungu sumirat dadu. Iku pratandha saka cah, yane wesi, tembaga uyah lan walirang. Guntur iku ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang den luluti wong kang tanceping ciptane angkara murka. Samono mau dadine kalawan diesthi. Kalakone kudu kinanthenan tapa brata.

      Mungguh tumibane pulung, wahyu Isine, terange mengkene:

      1. Tanceping ciptane kang marang welas asih, mangka kinanthenan ing tapa brata, mengkono iku mau, adate tumuli cepak tibaning pulung.
      2. Tanceping ciptane kang marang lila legawa, temen lan narima mangka kinanthenan ing tapa, adate tumuli cepak tibane wahyu.
      3. Tanceping ciptane kang marang mertapa mardi aksama, mangka kinaathenan ing tapa brata : adate tumuli cepak tibane ndaru.
      4. Tanceping ciptane kang marang drengki, srei, jail muthakil mbetitil, mangka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane teluh braja.
      5. Tanceping ciptane kang marang angkara murka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane Guntur.

      Mungguh kaaman limang prakara kasebut ing dhuwur, kena diarani darajad kang tegese wadhahing hajat. Dene cethane kaya ing ngisor iki.

      1. Pulung. Pikolehe sinupeketan ing akeh, apa dene linuhurake ing asmane, tur rinaksa ing kasangsarane ing pepadhane tumitah.
      2. Wahyu. Pikolehe linulutan sarta jinurungan dening pepadharing tumitah
      [ 113 ]
      1. Handaru Pikolehe kareganan (dihargai) sarta kena keringan dening pepadhane tumitah.
      2. Teluh braja Pikolehe sinengitan dening sapepadhane tumitah, mangkono iku adat cepak ing sangsarane, adoh kabegjane tur cumawis kacilakane.
      3. Guntur. Pikolehe rinuketan marang sapepadhaning tumitah. Kang mengkono iku cepak bilaine tur cumawis bebayane.

       Mungguh kedadeane emas, inten sapepadhane apa dene wahyu sapanunggalane, terange kaya ing ngisor iki.

      1. Emas, kedadean saka kringete rembulan awor bun sumusup ing bumi.
      2. Inten, kedadean saka kringete lintang awor embun sumusup ing bumi.
      3. Manik2 kedadean saka kringete swasana (umun2). awor bun sumusup ing bumi
      4. Wesi, kedadean saka swasana; awor watu sumusup ing bumi.
      5. Timah kedadean saka amun2 awor watu lan lebu sumusup ing bumi.
      6. Walirang, kedadean saka hawa panas sumusup ing bumi.
      7. Uyah, kedadean saka banyu segara kentir sumusup ing wedhi.

       Mungguh rerupan pitung prakara kasebut ing dhuwur, mahanani daya kaalusan cahya kaya ing ngisor iki.

      1. Emas, manik, wesi, salaka dadi Andaru Sapa sing katiban ndaru, kasinungan bisa simpen emas, dadi lan kasugihane.
      2. Inten (manik2), emas, timah lan salaka, dadi wahyu. Sapa kang kaiban wahyu, Kasinungan bisa dadi wong kang mangku pangwasa utawa kasinungan bisa nyimpen barang inten, dadi lan sugihe.
      3. Manik2, emas lan tembaga dadi Pulung Sapa kang katiban pulung, kasinungan disihi wong akeh, bisa dadi paguron, lan linulutan bangsane akik, mirah, jumerut sapepadhane.
      4. Wesi tembaga, timah lan welireng. dadi Teluhbraja. Kang mesthi duwe lara bubrah, upamane kowak sapepadbane. Nanging linulutan bangsane wesi, timah lan tembaga. (Lumrahe pakaryane dadi bangsane pandhe). [ 114 ]5. Welirang, uyah, wesi, tembaga, dadi bledeg.

       Mungguh metune Wahyu lan Teluhbraja iku ing wayah sore antarane jam 19.00 tumeka jam 23.00. Dene Andaru lan Bulung metune ing wayah bangun esuk.
      Watara 03.00 tumeka jam 05.00. Tumrap metune bledeg mungsaben ing mangsa udan. Yen wektu udan metune ing wanci bengi utawa bangun euk, ing mangka kawoworan bun upas, njalari bisa nuwuhake lelara kolera.

       Bareng kaanane bumi naltka wis tumuwuh, banjur ingaranan jaman Tirtayoga. Tegese lestarine urip utawa mauripan. Ing mangsa iku isih anuhoni saka pakartine dhewe. sarta lestari anggone lumaku panarimane. [ 115 ]
      VII. KAWONTENAN JAMAN TIRTOYOGA

       Ing sajrone jaman Tirtayoga kaanane thethukulan ing bumi wis gumelar warna-warna. Mangkono uga sato-kewane, kutu2 walang ataga wis ana Awit saka rembes jcbusing sari bumi saya ngrebda, mula sari kang dumunung ing Ngarca-pada iku isih kalebu sari kasar Amarga isih akeh tabeting hawa bumi.
      Sari kang alus kasar mau manawa kena hawa adhem njendel. Yen kena hawa panas ajer-kanthi, metu uwabe, ya iku sari kang padha muksa ing gegana tumanduk ing Pramana. Dene sari kang kasar isih padha keri ana ing Ngarca-pada.

       Kaanane Pramana terus terusan tansah kataman dening sarining bumi. Lawas2 sarining bumi mau anglimputi kaanane Pramana. Bareng Pramana wis kalimputan ing sarining bumi, dadi tambah antebe. Wasana Pramana tumurun ana samadyaning tawang yaiku ing sangisoring tawang, ing sandhuwuring bumi. Pramana manggon ana kono. Yen kena dayaning panas, kaanane kumringet. Karinget mau diarani "Mani" Mungguh Mani mau saben kena daya adhem njendhel. Ananging saben kena dayane panas, ajer. Lawas2 encer njendhele mani mau ing jaba temahan kumulit, kang diarani Jantung. Jantung mau nalika kena dayane panas, kumringet Kringete suwe2 kuwawa mahanani:

      1. Ati amperu (paru-paru), rupane ijo, kaprenah ing dhadha kiwa ngisor susu iya sanubari.
      2. Ati maknawi, rupane abang tuwa, kaprenah ing dhadha tengen dhuwur susu.
      3. Ati putih (maras), rupane abang enom, kaprenah dhadha tengah ndhuwur susu tengen let 4 nyari.
      4. Ati jantung (wuluag) rupane abang tuwa, kaprenah ing dhadha kang ndhekok ndhuwur.
      5. Ati pengasih rupane abang sap sapan. Kaprenah ing dhadha tengen sangisore susu rada buri.
      6. Ati sir. rupane abang semu kuning. Kaprenah ing dhadha tengen, sangisore susu bener. [ 116 ]
        1. Ati manguni ( thinthil ), rupane putih semu abang, Kaprenah sangisoring susu kiwa buri, gathuk limpa lan paru2.
        2. Ati pusuh ( limpa ), rupane ijo semu abang. Kaprenah ngisor susu kiwa let satebah malang.
        3. Ati jantung, rupaue abang wungu, kaprenah ing dhadha bener kang legok rada ngisor, ya kang kumringet.

        Kajaba kang kapratelakake ing angka 1 tumeka angka 9 ing nduwur uga mahanani anane jerawan, kabeh iya saka jantung kawitane. Wondene kang bareng dumadine jeroan, iya iku banyu2 apa dene cecalone balung2.

        Mungguh cecalone balung iku diarani sungsum. Sungsum iku kedadean saka mani nalika kataman ing pepanas. Bareng tumekane kataman daya adhem temahan njendel mujudake reragangane sarira. Dene kang minangka cocithakane ragangan mau saka serat sorote Pramana.

        Ing wektu iku serat sorote Pramana wis kalimputan ing kaanane sungsum. Serat sorote Pramana bareng wis kalimputan ing sungsum banjur diarani Suksma. Sungsum kang suwe2 kena daya panas lan adhem wekasan dadi akas, temahan kumulit. Mungguh kaanane sungsum ing sadina-dina ora kendhat anggone kejogan saka mani. Ing kono njalari bisa semi, tembusan dadi otot-otot sapanunggalane. Iku kang dadi kekuwatane sarta kencenging kulit sarta daging, lan minangka pikuwatan adon-adon sambungane balung. Samektane ragangan iku kabeh saka Pramana saya tanbah antepe, temahan tumiba ing Ngarcapada. Ana ing Ngacapada sari kang padha mesat menyang gegana nahanani dadi lidhah, kilat kalawindha nglimputi. Pramina banjur pecah. Pepecahane sari temahan pithathit sapanunggalane Sarirane sari kang nglimputi Pramana, babar dadi sarira dhampit, kang tegese dhempet utawa pipit. Bareng kena dayaning panas tumuli kawawa pisah maujud dhewe dhewe agatra lanang lan wadon. Ing kono banjur asesilih aran "Hapsara lan Hapsari". Hapsara kang lanang Hapsari kang wadon. [ 117 ]Bareng sakehing wiji kang padha ditinggal ana ing Alam Samjaruri kadayan panggendenging Pramana temahan tumurun ing ngarcapada manjing ing guwa garbane Hapsara, kang banjus kawawa sarupa karo Pramana. Sawise Pramana kataman dening panuka maning wiji, banjur semi tuwuh kekarepan kang marang cumbana. Mung bae wektu iku patrape sa cumbana tumindake kalawan cipta sasmita.
        Rasaning cipta sasmita mau bisa tumindak ing Pramaning Hapsari kang sabanjure njalari mbobot (meteng) temahan mbabar manungsa sajodo ing sabanjure. Manungsa kang padha tumitah ing jaman iku ragane isih padha alus alus. Anane mengkono jalaran durung kalabetan dening sarining bumi kang kasar sarta durung ana kang nyandhang utawa mangan. Wondene kang minangka dadi sandangane kanggo nglimputi wewadine ya iku urubing cahjane dhewe. Dene kang minangka dadi pangane sarupane sara-sari kang arum-arum gandane. Mula uripe manungsa ing wektu iku durung kena ing lara lan pati, apa maneh ketaman suka lan prihatin. Ing jaman iku diarani jaman Kadewatan, kang tegese kealusan. Awit saben muksa kawawa nggawa ragane dhewe2 Jaman kadewatan iku lawas rong ewu taun. Ing temburg Jawa jaman mau diarani jaman Purwa, kang tegese jaman wiwitan utawa kawitan. Ing tembung Sanskriet diarani "Masidhem". tegese jenjem, utawa jejeg. Manawa ing tembung Arab diarani "alam Makdam". Makdam kang tegese kawitan.

        Manungsa ing jaman Tirtayoga: isih padha anuhoni makartining Pramana Anane mangkono, amarga ponca driya durung kawawa pencar, Anane durung pencar awit sari sarining jagad durung bisa tumular, kagawa cahyane Pramana durung wigar. Dadi empaning karsa iya durung tumangkar Ing jamin Tirtayoga para manungsa isih padha lepas pandulune (isih padha awas), jalaran kalis dening pepadhange Srengenge, utawa terang pamiyarsane tengen) Anane mangkono amarga ora katabetan kumaraning amboning bawana, apa dene padha tetep pamicarane. Awit isih jagad. Sarta landhep ing panggandane kagawa kalis saka ambon anuhoni krenteging ciptane kang sejati. Mungguh kang diarani cipta kang sejati iku kang isih mlingi, durung kawoworan karsa. [ 118 ]
        VII. DUMADOSING MANUNGSA

        Sapungkure jaman Tirtayoga, gumanti jaman kang diarani jaman Dwaparayoga kang tegese jaman kamokalan. Ing sajron jaman mau kasnane bumi saya tambah kandele, lan metune hawa ne bumi sangsaya akeh. Thetukulan. sato2 wis mawarna warna. Ing Jaman iku ragane manungsa utawa kewan-kewan amiwiti kasare, apa dene panca-driya uga wis miwiti pencare. Pencaring pancadriya mau temahan kawawa nuwuhake karsa ing dudu sawantahe. Ing kono tumuli pada thukul ing pepinginane utawa kekarepane. Bareng wis mangkono tumuli kelu pada mangan woh the thukulanebumi, kaya dene pakartine kewan spne Mula ing jaman iku manungsa padha tambah ing kaagalane, temahan nyudak ake kapitunane kang tumrap sudaning kasektene. Saya lawas saya muadhak kekarepane wekasan padha tuwuh akale anggone padha sacumbana kanthi kalawan ragane. Kang mangkono iku ndadekake suruting (sudane) urub mancaring Pramana, sapanunggalane. Ing jaman Dwaparayoga wis ora ana wong mati kang bisa muksa. Yen ana kudu kalawan tapa brata. Apa maneh wis ora ana wong sekti, yen ora kudu gelem kalawan ngengurangi. Ingsareh ning jaman iku wis padha tumindak kang kanthi raga, dadi anggone mencarake wiji iya kudu asarana nggarbini (meteng). Amarga ing jaman iku daya panggendenge ora kawawa anarik wiji manawa ora kalawan heninging atine (ciptane). Wondene mungguh terange kaya ing ngisor iki.

        Saupama ana wong kataman heninging ciptane, kang suwene ora kurangg sapandurat, iku daya panggendenge lagi kawawa narik wiji. Nusupe wiji mau mbarengi nalika lebuning napas, banjur sumesep ing utek rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari ya iku sesarining utek, kang mangon ana satelenging manik. Wiji mau ana kono. kawasa sumusup tumeka Pramana, kang kawawa amor sarahsa lan sacahya, utawa sakehe karsa kang mangkono mau adat banjur nuwuhake adrenge sacumbana Adrenge sacumbana mau yen cinegah dadi pacdah. Yen linantur (tinurut) dadi batur. Lire mangkene ; [ 119 ]Sing sapa kasusupan wiji, ing mangka bisa kawawa nanggulangi (nyegah) iku sayekti tambah muncaring pangeksine (awas). Manawa den turuti, kawawa mahanani dadi putra. Terange kaya ing ngisor iki:

        Yen ana wong arep cumbana, mangka metune napase kang banter metu bolongane irung kang kiwa, iku cumithaking wiji manggon ana panon (bayu sari utek kang ana telenging manik) kang tengen, iku bakal nuwuhake wiji lanang. Kosok baline manawa metune napase kang banter metu bolongan irung kang tengen, iku cumitake wiji manggon ana panon kiwa, iku bakal nuwuhake wiji wadon.

        Manawa metune napas padha bantere metune ing bolongan irung kiwa tengen, iku cumithaking wiji ana satengahing panon. Ing kono tembung Jawa tengahing panon iku diarani manon. Ing tembung Arab diarani "Iksan Kamil", kang tegese kumpuling rerembes utawa paguting parembes. Wiji mau bakal mahanani putra wandu, ya iku: ya lanang, ya wadon Mungguh kang mesthi dadi wiji iku kumpule sari tetelu ya iku; sarining Tirtakamandhanu sarining Srengenge lan sarining Angin, kaya kang katerangake ing Dhuwur. Menawa adon2 sari tetelu mau ora ganep, kang mesthi wiji mau ora dadi. Upama dadia ya ora lestari uripe.
        Terange mangkene:

        Manawa sari Tirtakamandhanu karo sarining Srengenge nanging tanpa sari Angin kang mesti ora kaw.wa dumadi dadi manungsa. Kaya mangkono sapiturute.

        Mungguh purwane ana umur dawa lan umur cendhak, iku ora liya mung saka kurang lan luwihe adon adone sari tetelu. Wondene anane putra kembar iku wektu sacumbana kataman heninging Cipta suwene nganti rong pandurat. Nganti kawawa narik wiji loro saka santosa apa dene luwih kuwasa daya panggendenge wiji kang cumithak ana punon kang sisih. Wondene manawa putra, cumithake ana panon kiwa tengen."

        Ing wekdal samanten Ki Wangsadriya kendel anggenipun dogeng lajeng cariyos dihateng Jaka Lelana, tembungipun. [ 120 ]ngGer, dedongengan bab dumadineng agesang kaya cukup dakpugel samene bae. Ya mung lowung kanggo nambahi sesurupanmu. Jaka Lelana ngaturaken sangat gunging panuwunipun, dene Kyai Wangsadriya sampun kepareng maringi dedongengan, ingkang piyambakipun dereng nate mireng utawi manggih ingkang kados makaten. Ing Sarehning Jaka Lelana anggenipun Wonten ing redi Lawu sampun tigang dinten tigang dalu, piyambikipun lajeng nyuwun pamit dhateng Kyai Wangsadriya; badhe mantuk. Kyai Wongsadriya nglilani kànthi paring pepuji, mugi2 lampahipun manggiha raharja. Dene Kyai Wangsadriya kantun anggana.
         Lampahipun Jaka Lelana medal ing margi ingkang dipun langkungi wekdal minggahipun mandhapipun saking ngredi langkung rekaos, amargi kedah ndegeg. Perlunipun saged nahan, sampun ngantos kejlungup. Kosok wangsul kaliyan kala minggahipun. Lampahipun kedah ndungkruk, supados saged rosa panapakipun suku. Sareng sampun dumugi ngandhap terus mantuk boten mampir ing griyanipun Pak Kartasentana ing Tara, KI. Blumbang. Awit miturut kaol kina, bilih tiyang kesah jiarah mekaten, kirang prayogi yen ta wangsulipun ngangge mampir2 mara tamu.
         Cekakipun cariyos Jaka Lelana sampun dumugi ing griya, ing kampung Jayengan Surakarta. Sadumugipun ing griya lajeng sesuci adus kramas, ngiras ngicalaken sayah lan adamel segering badan. Sareng anggenipun ngaso sampun sawatawis dinten, Jaka Lelana kesah malih sumedya sowan gurunipun, nama Kyai Karsa dimeja ing Pantaran. Awit Jaka Lelana kemutar, blih ing sale betipun wulan Sura Kyai Karsadimeja adat ingkang sampun kepareng amedharaken kawruh menapa kemawon dhateng para siswanipun. Lampahipun ing margi boten kocap. Gancaripun carto Jaka Lelana sampun dumugi ing dalemipun gurunipun. Ing ngriku sampun kathah para siswa ingkang sami dhateng perlu badhe nampi petedah2 tumrap kawontenanipun kawruh warni-warni, ingkang tundonipun murih wilujeng ing gesangipun. Sasampunipun para siswa nglempak, ing Wanci lingsir dalu Kyai Karsadimeja kaadhep para siswa wonten ing griya pandhapi, paring piwulang kados ing ngandhap punika. [ 121 ]Menggah manungsa gesang punika wiwit lair saking guwa-garbaning biyung, saben 8 tahun wewatekanipun sontan-santun. Mila lajeng dados kalimah ing akathah, manawi lare sapun umur 8 tahun, ajeng dipun pengeti, sarana wontenipun wilujengan windonan. Dene yen sampun dewasa, saben umur 32 saha umur 64 tahun, dipun wonteni pengetan tumbuk yuswa. Ing atasipun tiyang2 ingkang sami kecekap ing gesangipun pengetan tumbuk yuswa mekaten mawi dipun wonteni jagongan. Ngangge ngulemi sanak sedherek tuwin mitra kawruhipun, kanthi ngawontena ken wilujengan. Cacahipun tumpeng sami kaliyan cacahing tahun umuripun. Namung ingkang ageng cekap satunggal. Sanes2ipun cekap alit-alit.

        Menggah sontan santuning watak wau ing ngriki kula wastani santuning "alam", ingkang ateges santuning pangalaman. Wondene peprincinipun santuning alan kados ing ngandhap punika :

        1. Wiwit jabang bayi dumugi umur 8 taun, punika ngambah alam Rinaja Putra tegesipun watakipun "kemratu-ratu. Liripun pikajenganipun kedah katurut, kedah dipun emong sapikajenganipun, boten kenging dipun sulayani lan dipun canthulani. Lare umur samanten wau lintrahipun dereng mangertos dhateng kabetahan adeging gesangipun ingkang sepuh, ingkang dipunmangertosi namung wonten. Nedha punapa kemawon kedah saged kaleksanan, cepak muringipun, cepak tangisipun.
        2. Wiwit umur 8 taun dumugi l6 taun, ngambah ing alam "Sukakarya" : tegesipun wewatakanipun Sampun ngancik remen dateng pedamelan Liripun asring purun dipunkengken, reresik griya, rerencang wonten pawon, sanajan boten ajeg, mlebet sekolah ingkang ugi kalebet karya (nyambut damel). Wiwit umur 16 taun dumugi umur 24 taun, anganmbah ing alam "suka busana" lan ing alam "suka wanita". Tegesipun wewatakanipun saweg remen2ipun angadi busana, liripun remen mangangge ingkang sarwa sae.
        [ 122 ]Saweg rerembagan kemawon kaliyan kancanipun ingkang nunggil barakan, ingkang karembag inggıh panganggen utawi barang ingkang sae. Utawi rehne saweg amepek berai, estria, jalera limrahipun ingkang karembag inggih bangsanipun raos sengsem. Yen jaler rembagipun tumuju dateng estri, yen estri dhateng jaler. Mekaten ugi bilih ura2 utawi menyanyi, ingkang dipun senengi inggih bangsanipun gandrung2 sasaminipun. Tumrap lare jaler umur samanten wau ing jaman kina limrahipun sami remen pados kawruh bangsanipun pangasihan lan jaya kawijayan.
        1. Wiwit umur 24 taun dumugi 40 taun ngambah ing alam "suka pangreksa". Tegesipun wewatakanipun remen ngreksa dateng kawilujenganipun anak semahipun. Ing jaman kina limrahipun umur 24 taun dumudi 40 taun punika remen pados seserapan bangsanipun jampi2 tuwin saratipun tiyang gegriya, murih manggih wilujeng ing sakukubanipun.
        2. Wiwit umur 40 taun salajengipun ngambah alam "suka pralaya". Tegesipun tiyang umur2an semanten punika remen pados seserepan ingkang magepokan kaliyan kawruh kabatosan Saweg rembagan kemawon ingkang kalimrah inggih babagan kawruh2 kabatosan. Awit saking mekaten pangudinipun dhateng kadonyan limrahipun lajeng kirang rosa (kathah panarimahipun). Katitik mengangge kemawon inggih sampun sami suda kabesusanipun. Lajeng gadhah raos kathah narimahipun. Uger panganggeaipun sampun resik lan pantes, sampun cekap. [ 123 ]
          K. MANUNGGILIPUN KAWULA GUSTI.

         Menggah ingkang kawastanan "manunggalipun kawula Gusti" mekaten langkung rumiyin perlu madosi, pundi ingkang kawastanan "kawula", lan pundi ingkang sinebut "Gusti". Awit saking kawontenan wau, sagedipun nyumerepi, ing riki perlu kapendetaken pepiridan saking dedongenganipun para sepuh. Terangipun kados ing ngandhap punika.
         Ing dedongengan wau katerangaken, bilih kempalipun sari tetiga ingkang kadunungan wahyu panguripan, inggih punika sarining toya, srengenge lan sarining angin (Banyu, Geni, Angin) ingkang lajeng kawastanan "Trimurti", inggih punika gesang, ing tembung Arab kawastanan "Nur"; ing tembung Walandi kawastanan "Ziel" tumrap limrahipun ngakatah kawastanan jiwa", ingkang tegesipun wiji saking kuwasaning sarining hawa tetiga (Trimurti), inggih jiwa wau ingkang kawastanan "Gusti".
         Sareng "Trimurti" manggen wonten alam + Antara", inggih punika manggen ing tengah-tengahing jagad, liripun ing sanginggilipun Bumi, lan sangandhapipun Langit, ing ngriku lajeng kawastanan Tri Purusa". Tegesipun wahyu panguripan ingkang santosa, sampun boten mobah mosik. Saking angsal tambahing serat soroting Srengenge, sarining Toya lan sarining Angin Tri Purusa" kumulit, lajeng awujud sarira (raga) Inggih raga punika ingkang kawastanan "Kawula" Gesangipun raga angsal soroting jiwa, katam bahan saking jawi, inggih punika saking serat soroting sari 4 (sarining Bumi, sarining Geni, sarining Banyu lan sarining Angin), ingkang temahan gesangipun raga sakalangkung rosa, ngawonaken daya gesang saking nglebet, inggih punika saking soroting jiwa. Mila gesangipun jiwa lajeng kabuntel (kaesuk) dening gesangipun raga, njlari gesangipun jiwa kalimputan ing pepeteng.
         Angsal tambahan soroting sari sekawan wau, gesanging raga ajeng pecah dados gesang sekawan ingkang dumunung wonten raga lajeng dados wewatàkan sekawan prekawis, inggih punika: [ 124 ]

        1. Gesanging Aluamah, kedadosan saking sarining Bumi, Wewatekanipun rosa angangsa-angsa angkara murka, angangah-angah kedah mamah.
        2. Gesanging Amara, kedadosan saking sarining Latu (Srengenge). Wewatekanipun: sereng, getapan, brangasan remen utawi gampil muring2.
        3. Gesanging Suffiah, kedadosan saking sarining Toya. Wewatekanipun: penginan, nmelikan, ewan, dahwen.
        4. Gesanging Mutmainah. kedadosan saking sarining Angin. Wewatekanipun: lumuhan, sabar narima, Pikajenganipun namung dhateng kanikmatan.

         Menggah gesanging jiwa lan gesanging raga kawontenanipun sami rebat kuwaos. Saking rosanipun gesanging raga limrahipun ing akatah gesanging jiwa kalindih, inggih punika ketunggangan. Hawit saking rebat kuwaos wau, lajeng seged nyumerepi, pundi ingkang rosa. Manawi ingkang rosa gesanging jiwa, kawontenan adeging gesangipun manungsa katingal ayem, tentrem, seneng, lan boten ngadahi kasamaran dhateng kawontenan ing donya, sampun boten rosaa. Tumrap nyandhang mengangge sanadyan boten samrahipun ngakathah sampun narimah lan sampun remen. Nanging ingkang mekaten wau ing antawisipun gesang bebrayan pinanggihipun inggih kirang prayogi Nama kirang utawi boten rumeksa ing prajanipun. Kosok wangsulipun bilih ingkang langkung rosa gesang ing raga, adeging gesangipun manungsa kawontenanipun namung remen ompak2an. Liripun remen mubra mubru nedha eca, tilem sakeca, nyandhang mengangge sarwa sae Bojo nedha ingkang ayu tur rangkep rangkep, senadyan ingkang dipun angge gesang mubra-mubru wau barang saking anggenipun tumindak ingkang boten prayogi. Upaminipun nggedhor korupsi, mandung. ngapusi lsp. Mekaten punika tumraping ngakathah dipun wastani sampun risak morilipun.

         Awit saking cengkahipun gesang kekalih kasebut ing nginggil lajeng kados pundi sigedipun mbudidaya murih sagedipun manunggilaken, ingkang lajeng saged kawastanan "Manunggiling Kawula Gusti"?. [ 125 ]

        Bab manunggilaken wau kedah adhedasar emut dhateng Ingkang damel Gesang, sinartan ing kawruh lantaran brata. Bokmanawi kenging kangge ular2ing sawatawis, punapa ingkang kawrat ing tembang sinom ing buku "Wedha Tama" kados ing ngandhap punika :

        "Nulada laku utama, kang tumrap wong tanah Jawi, Wong Agung Ngeksi Ganda, Panembahan Senapati. Kepati amarsudi, sudaning hawa lan napsu, (gesang raga) pinesu ing tapa brata, tanapi ing siang ratri, amemangun karya nak tyas ing sasama."

        Wonten malih pambudidaya sagedipun manunggilaken gesang kekalih wau inggih punika kedah katindakaken makaten: Lair (gesanging raga) den udi, liripun nyambut damel murih saged kacekap ing gesangipun. Batin (gesanging jiwa) den perdiliripun kedah kaperdi emutipun dhateng Ingkang Maha Kawasa Gesangipun raga sageda dipun reh, sampun ngantos gadhah tindak ingkang kirang prayogi. Sampun ngantos adamel kapitunanipun sanes/liyan. Manawi saged nindakaken ingkang kados mekaten, bokmenawi gesangipun saged tuwuh seneng, tentrem, boten gadhah kasamaran tur ageng panarimahipun. Kenging kawastanan boten katumpakan dening pakartining napsunipun.

        Menggah wohing tumindak ingkang sampun saged manunggilaken gesanging raga lan jiwa, tumrap srawungipun kaliyan sinten kemawon saged longgar, sakeca tur boten anguciwani. Awit lair batosipun sampun saged jumbuh.

        Ing ngajeng sampun kapratelakaken bilih rosaning gesangipun raga adamel petenging gesangipun jiwa, ingkang satemah tansah damel reribet. Wondene menggah kawontenanipun reribet kados uran2 (tembang) sinom kalih pada paringipun tiyang sepuh kados ing ngandhap punika : [ 126 ]
        1. Karana kaanan donya, mung tansah ngribeti pati, yen den kerem karemana, sarta banget den tresnani, mesthi nemu bilai. Lire kerem iku, kerem marang pra wanita, anggeyot anggrobag sapi, mungguh kerem marang sawarnining tedha.
        2. Dene diarani tresna, marang bandha drajit rabi, anak putu nora beda, iku kabeh angribeti, yen padha angoncati, wekasan agawe kisruh. Lamun banget tresnanira, kang tentu gingsir pinanggih, ora liya mung kang eling lan waspadha.

        {{gap}]Mekaten menggah kawontenaning reribet utawi pepeteng ing gesangipun jiwa yen kawengku ing gesanging raga. Awit gesang ing raga mekaten remen dateng kanikmatan ing donya.

        XI. SAMBATIPUN GESANGING RAGA.

        Ing nginggil sampun katerangaken bilih gesanging raga punika remen sanget dhateng kawontenaning donya. Ananging gandheng kaliyan indhaking umur, ingkang njalari sudaning kekiyatanipun raga, punapa malih damel boten sekeca raosing raga, mahanani gesangipun raga kepeksa asesambat sarta ngudarasa dhateng badanipun piyambak, manawi nggadhadi raos bosen. Wondene pasambat lan pangadarasa gesinging raga kados uran2 tembang sinom kados ing ngandhap punika :

        1. Anane wong ana donya, rasa urip angebosi, baku urip tri pra- kara dhahar sare dateng wingking, lamun gothang sawiji, nora penak raosipun bentayangan luru tamba, supaya, bisaa mari, ewadene isih njaluk umur dawa.
        2. Umur dawa malah lara, sudane piranti diri, netra lan pamireng suda, waja sirna kari gusi. Keju kemeng ndhatengi, rengkeng2 lampahipun, ewadene isih arsa, amengku parawan sunthi, nguja hawa kaya Menggung Wiraguna.
        3. Perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun, mula urip nora penak, montang-manting saben ari, saka iku nyuwuna bisa sampurna. [ 127 ]4. Murih bisane sampurna, lakune kang ngati-ati, kang becik kalakuanira, aja siya mring sesami, tumindak welas asih, marang pra titah sadarum aja agendhak sikara, tumindak kang ora becik, angudia kautaman uripira.

        Ing nginggil sampun katerangaken, bilih baku gesanging raga punika angsal daya serat soroting gesangipun jiwa: amila bilih gesanging jiwa ngoncati gesanging raga lajeng tanpadaya, kados uran-uran dhandhang gula kalih pada ing ngandap punika :

        1. Ngendi benjang goningsun ngemasi, ngong wus wikan wisma geng kang kobar, anggereg pangalad alad. Upama ingsung lampus neng sajrone wisma kabesmi, wangkeningsun katiban, ing wreksa kang murub, gumuruh swaraning tangga, ting garubyug anyirep ubaling agni, ingsun ora miyarsa.
        2. Ngendi benjang nggoningsun ngemasi, ngong wis wikan wong nderes kang tiba, kongsi tekang kantakane. Upama ingsun lampus kang lantaran mengkono yekti, wangkeningsun gumlimpang neng jroning nerungkut, gumuruh swaraning janma, rerebutan samya amitulungi, ingsun nora miyarsa.

        Saparipurnaning anggenipun nerargaken pamanggih bab sambutipun gesanging raga, Kyai Karsadimeja lajeng nerangaken bab tumimbal lair. Menggah jiwa ingkang dipun tumimbalaken lair, punika supadosa ngrampungaken pedamelan2 ingkang dereng rampung, rikala gesangipun ingkang rumiyen. Awit saking punika sami kangkaha gagedipun sampurna, sampun ngantos wongsal-wangsul malih.

        Ing tembung sirom ing nginggil nerangaken: "ana donya rasa urip angebosi " Punika jumbuhipun kaliyan sawenehing kawruh kebatosan, bilih gesang punika yen sampun wonten raos gela lan kemba, ing gesangipun, punika mratandani bilih sampun nyelaki bade kukud ing yuswa (tilar donya).

        Kejawi ingkang katerangaken ing nginggil. Kyai Karsadimeja nerangaken malih pamanggih, bilih "karsa" punika dados "kaagunganipun". Pangeran Ingkang Maha Kawasa. [ 128 ]Wontenipun dados ”kagungan” awit Pangeran badhe nitahaken sagunging dumados, wiwitanipun saking ”karsa“ Sasampunipun "karsa", Pangeran lajeng ngawontenaken Rasul (utusan). Ingkang kautus inggih punika Mokhamad, Mila lajeng sinebut “Mokhamad niku dadi utusane Pangeran“ Utusan wau kaparinganngampil kaelokan kaelokan lajeng wasesa ingkang makartinipun masesa kawontenan punapa kemawon. Salajengipun “sampurna“, inggih punika blegering wujudipun dumadi menggahoncek-oncekanipun mendhet saking dumadosipun manungsa panika saking Karsaning Pangeran. Lajeng adamel utusan, ingkang angampil kaelokan2(kalangkungan2 sasaminipun) Menggah dunungipun “karsa “ punika wonten ing sirah. Dene kaelokan dunung pun wonten ing dhadha, kaprenah susu kiwa tengen Lajeng ngewontenaken “wasesa", dumunung ing padharan, kaprenah ing lempeng kiwa. Ingkang tumindak inggih punika ”napsu". Barang wujud punapa kemawon saged klebet, Sasampunipun wasesa lajeng sampurna. Inggih punika sampun jangkep dados baleger wujuding manungsa Awit saking kawontenan wau bilih gadhah gegayuhan tuwin ngudi dhateng kasampurnaning, gesangipun ing lair utawi ing batos, sagedipun manggih kaelokan, kedah saged amasesa ing wasesa, kados ingkang kawrat ing buku Wedha-tama “kang wasesa, winasesa (a-nyulayani hawa napsu).

        Ing sarehning sampun boten wonten ingkang katerangaken malih, Kyai Karsadimeja lajeng cariyos dhateng para siswa ingkang sami ngadhep, bilih pamanggih ing nginggil, leres lepatipun kaborongaken dhateng para siswa. Para siswa lan Jaka Lelana nampi pangandikanipun Kyai Kartadimeja ing nginggil, sakalangkung anggenipun nggatosaken. Gandheng sampun boten wonten ingkang kadhawuhaken, para siswa kalebet Jaka Lelana sami nyuwun pamit, badhe wangsul Kyai Karsadimeja anglilani kanthi njurung pamuji, mugi2 lapahipun ing margi dumugi ing griyanipun piyambak2 sami manggihaken karaharjan.

        Para siswa lan Jaka Lelana lajeng sami bidhal, lampahipun ing margi boten kacriyos


        T A M A T
        [ 129 ]
        KATERANGAN

        Menggah tembang sinom angka 3 ingkang suraosipun: “perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki, nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun“.

        Punika terangipun makaten : Gesang ingkang rumiyin punika, miturut kawruh kebatosan, manungsa katitahaken gesang wonten Alam donya manawi pejah, ing mangka jiwanipun boten/dereng saged wangsul ing Alam kamulyan langgeng, inggih ing pangayunaningnPangeran Sejati (sampurna), jiwa wau taksih kedah tumimbal lair malih dhateng Alam donya, Mekaten wau bilih jiwa wau saged nampi pangapuntenipun Gusti Ingkang murbeng gesang.
        Dene yen boten angsal pangapunten, tetep manggen wonten ing alam Kafiruna (Alam panasaran) Wondene umur dawa, punika ing sayektonipun ing atasipun ngelmu kabatosan ateges ukuman dawa, Tembungipun sanes "dipun paringi wektu panjang“, kangge nyekapaken ”kuwajibaning gesangipun“. Ewa semanten ugi kathah ingkang mbungaken "ganjaran" kangge lintunipun tembung ukuman. Upaminipun “saweg ginanjar sakit“, Senajan sakit menika boten sakeca, ewa semanten dipun tampi kados ganjaran saking Gusti ingkang Maha Agung. Pamila ing atasipun ngelmu kasuksman langkung perlu "mati(kang) sampurna", katimbang "umur dawa" awot saking punika prayogi kaudi, supados kita saged pejah kanthi gampil, pinarengan margi pandhang, boten ngangge sekarat (rekaos).

        Wondene umur dawa kaanggep danguning paukuman, punika kula pethikaken dedongengan kalayan cekak, Inggih punika lelam pahanipun sang bisma. Terangipun mekaten.

        Kacurios ing satunggaling dinten Sang Hyang Guru (Bathara Guru) lenggah kaadhep Dewa cacah 9. Ing wekdal wau dewi uma sowan. Dereng ngantos lenggah wonten angin ageng nempuh sariranipun, ngantos pangagemanipun kabur, Ing ngriku dewi uma pinanggih ngliga salira datanpa awer awer (wuda mbalejed). [ 130 ]Dewa 9 nyumerepi kawontenan wau, ingkang 8 lajeng sami ndingkluk. Dados anggenipun nyumerepi namung sadlerengan. Ananging Dewa ingkang satunggal boten ndingkluk, kados patrapipun Dewa-Dewa sanesipun, nanging malah namat-namataken ngantos kados paribasan "Kedhep tesmak" ( = kami tenggenen ). Sang Hyang Guru mirsa kawontenan kados mekaten wau, ndadosaken dukaning panggalih, lajeng dhawuhaken paukuman dhateng Dewi Uma tuwin Dewa cacah 9. Inggih punika sami kaandhapaken dhateng Ngarcapada. Dewa cacah 9 ing tembe dados putranipun Dewi Uma. Dewa ingkang namung sadlerengan anggenipun nyumerepi (pangliga sariranipun Dewi Uma), keparengipun Sang Hyang Guru, Dewa-Dewa wau namung sakedhap wontenipun ing ngaraca pada. Kosok wangsulipun Dewa ingkang ngantos kami tenggengen wontenipun ing Ngarcapada, inggih dangu/lami.

        Kocapi satelasing dhawuhipun Sang Hyang Guru, Dewi Uma tumedhak ing Ngarcapada,anjalma dados putra putrinipun Pandhita linangkung.

        Cithakan:GapmusikSatunggaling dinten Sang Prabu Santanu pepara nitih kuda,rawuh ing padhepokananipun Sang Pandhita, Sang Prabu mirsa ing Padhepokan wonten wanodya ingkang sulistya ing warni adamel kasmaraning penggalih. Sang Prabu lajeng ndangu dhateng Sang Pandhita, sinten ta wanodya wau. Sang Pandhita munjuk bilih wanodya wau putranipun nama Dewi Sulistya Wati. Saking kasiking kasmaran, saking keparengipun Sang Prabu. Dewi Sulistya Wati punika panjalmanipun Dewi Uma. Dene Sang Pandhita Sang Dewi dipun timbali, supados marak ing ngarsanipun Sang Prabu. Sasampunipun marak Sang Dewi kaparingan dhawuh, punapa ingkang dados keparengipun Sang Prabu, Sang Dewi munjuk sandika angestokaken, uger Sang Prabu kersa nuhoni janji, punapa ingkang dipunsuwun dening Sang Dewi. Inggih punika punapa ingkang katindakaken. Sang Prabu boten kenging nyaruwe lan angaru biru kedah namung sak kendel. Sang Prabu nyagahi [ 131 ] Kalampahan Sang Dewi lajeng kapundut dados Prameswari. Anggenipun pala krama piannggih sami sih-sinisihan, atut rukun kados mimi amintuna. Kocapa Sang Prameswari mbobot, lajeng mbabar miyos kakung kanthi wilujeng. Ki jabang sanget pekik ing warni. Sasampunipun dipun rukti ing samestinipun, Ki jabang lajen kabopong dening Sang Prameswari, kacemplungaken ing bengawa. Sang Prabu mirsa tumindhakipun Sang Prameswari ingkang kados mekaten wau namung kendel kemawon. Awit enget dhateng punapa ingkang kajanjekaken dening Sang Prameswari, wekdal badhe kapundhut garwa. Tumindak ingkang kados mekaten wau ngantos rambah kaping 8. Saben Sang Prameswari kagungan putra, putranipun lajeng kacemplungaken ing benawi. Inggih putra 8 wau panjalmanipun Dewa 8, ingkang rikala Dewi Uma ngliga sarira (wuda) wonten ing Kahyangan, anggenipun ningali namung sadlerengan.

         Sareng Sang Prameswari kagungan putra malih, inggih punika mbabar putra ingkang kaping 9, badhe tumindhak kados ingkang sampun, Sang Prabu kapeksa nggondheli, boten kepareng bi lih putra wau kacemplungaken ing benawi kados ingkang sampun-sampun. Cekaking carios Sang Prameswari kaliyan Sang Prabu lajeng padudon rame. Wekasan Sang Prameswari lajeng muksa, badhar dados Dewi Uma, wangsul dhateng Kahyangan. Sampun pundhat saking wasesaning Sang Hyang Guru. Wondene putra angka 9, punika panjalmanipun Dewa ingkang kami tenggengen nyumerepi Dewi Uma inggih punika Sang Resi Bisma, inggih punika ingkang sedanipun ing perang Barata Yuda. [ 132 ]
        GAMBAR DENAH SAWIJINING KRAMEAN SEKATEN ING SURAKARTA MANGGON ING ALUN? LOR.


        KATRANGAN:

        Dl. : Dalan 9. Pajagan Kepaleri.
        O ; Ringin Kurung 10. Toko Wangi2an & Obat2an.
        1 2 : Los Pameran 11. Alat Pemadam Api.
        (Tentoon Stelling) 12. Pejagan Pulisi.
        3. : Gambar Hidup. 13-15 Restoran2.
        4. : Kemd. soreng 16. Kompl Tontonan Cilik cilik
        5. : Ged way. wong. 17. Kompl Warung Makanan.
        6. : Rest Jepang 18. Kompl. Toko toko.
        7. : Kompl Tontonan Cilik2 19. Kompl. Angkringan.
        8. : Kompl. Angkringan. 20. Masjid Gedhe


        [ Pratélaning isi ]

        Angka ISINING BUKU Kaca :
        1. Purwaka 3
        2. Sejarahe kutha Sala 4
        3. Omahe rakyat 5
        4. Diyan 5
        5. Tata tentrem 6
        6. Kaanane rakyat 8
        7. Sandhang panganggo 12
        8. Pangupa jiwa 13
        9. Kasenengane rakyat 15
        10. Tetunggangan lan dalan 19
        11. Tontonan 20
        12. Kramean Sekaten 25
        13. Bab omong²an yen pinuju sanja 32
        14. Kasenengane bocah jejaka 44
        15. Salin tahun 48
        16. Kawontenan ing Kraton Dalem ing Surakarta 66
        17. Bengawan Sala 78
        18. I. Lelana minggah Redi Lawu 90
        19. II. Kawontenanipun Arga Dhalem 94
        20. III. Dumadine Jagad 102
        21. VI. Salebetipun jaman Tirtayoga 105
        22. V. Werdinipun wiji tigang prakawis 108
        23. VI. Wewahing kodrat campuran 110
        24. VII. Kawontenan ing jaman Tirtoyoga 115
        25. VIII Dumadosipun manungsa 118
        26. IX. Santuning alam 121
        27. X. Manunggilipun Kawula Gusti 123
        28. XI. Sambatipun gesanging raga 126
        29. Katerangan 129
        30. Gambar denah 132
        [ Sampul ]
        Toko Buku & Penerbit

        PELAJAR

        JL. DIPONEGORO 20 Telp. 3933 SURAKARTA.






        • Tersedia buku Pelajaran & umum.

        Dapat melayani buku Penerbitan :
        ** KS, SABDA BUDI, TRI MURTI,
        ** SERIBU SATU, INTAN, DLL.






        PENERBIT


        TB PELAJAR

        JL. DIPONEGORO 20


        SOLO