Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 29 —

Abdi dalem prajurit Kraton menganggo grootnen pantalon Klambi jas saka bakal sersi ireng, topi pat ireng nganggo bulu² saka bobat putih, gegamane bedil Repetir, ngadeg djejer (baris) wiwit ngarep pagelaran sisih wetan, manggon ing salor lan sakidul ringin kurung kang wetan Dene kang sisih kulon manggone barisan iya ana saler lan sakidul ringin kurung kang kulon. Saben adege prajurit 10 dilet-leti rontek (gendero cilik) ditan capake ing lemah. Mungguh tetindhihi barisan mau para Opsir. Dene para Kaptin, Mayor lan Kolonel kang mriksa barisan padha nunggang jaran teji, manggon ana topengan pagelaran. Prajurit kang kuwajiban ngunekake mriyem sumadhiya ana sacedhake mriyem.

Miyose ingkang Sinuhun saka jero Kraton watara jam 11 awan. Dijajari para abdi dalem kang padha ngampil pusaka mawarna-warna, banyak dhalang sawung galing, Tedhake ingkang Sinuwun kalayan dharat disongsongi gilap aran Kyai Sagara Muncar. Dalan kagem langkung digelari babud. Sawingkinge ingkang Sinuwun ngarubyug para abdi dalem putri, disepuhi Nyai Menggung (abdi dalem bupati wanita) padha ngampil pusaka kang dadi adat tata carane Kraton. Miyose ingkang Sinuwun dikurmati unine musik, gamelan kang ana Setinggil. lan gamelan kang ana ing pagongan alun² lan ing Gladag. Swarane umyung, agawe asri lan regenge pasamuan. Swasana ing pasewakan sidhem premanem datan ana sebawaning walang salisik.

Nalika ingkang Sinuhun rawuh ing Setinggil Tn. Gubernur, Kanjeng Gusti lan para Administratir Walanda padha ngadeg, kurmat. Ingkang Sinuwan banjur lenggah ing dhampar. Ta. Gupernur lenggah ing kursi jejer karo ingkang Sinuwun. Ana bangsal salore bangsale Kanjeng Nyai Setom. Dene ing platarane bangsal kang dilenggahi ingkang Sinuhun karo Tn. Gupernur, lenggahe Kanjeng Gusti Mangkunagara, para Kanjeng Pangeran Pangageman dodotan ngumbar kunca, ngliga sarira, ngagem makutha mathak.