Kaca iki wis divalidasi
— 33 —
- Sasi Rabingulakir kaya sasi Mulud ; mung sangare Paing,
- Sasi Jumadilawal kaya sasi Mulud : sangare Paing.
- Rahayune sasi Jumadilakir ana dina Setu lan Akat Sarjuning sasi ana dina Senen Selasa, Sangaring sasi pasaran Paing.
- Sasi Rejeb, Jumadilakir ; sangare Pon.
- Sasi Ruwah kaya Rejeb, sangere Pon.
- Rahayune sasi Pasa ana dina Senen lan Selasa. Sarjuning sasi ana Rebo, Kemis. Sangare Pon.
- Sasi Syawal kaya sasi Pasa ; mung sangare Wage.
- Sasi Sela kaya sasi Sawal.
- Rahayune sasi Besar ana dina Rebo. Kemis. Sarjuning, sasi dina Jumuwah Sangare Wage.
c. Pitung Iladuni / Wataking dina kanggo duwe gawe.
- Jumuwah 1 oleh rijeki : II oleh begja.
- Setu IV oleh guna raharja ; II oleh guna dadi mungsuh.
- Akat II oleh harja salawase ; IV oleh harja gedhe.
- Senen I + II oleh guna karya ; Senen IV oleh guna harja sakajate.
- Slasa II + IV nemu harja gedhe salawase.
- Rebo I + II nemu harja ; Rebo IV diasihi wong gedhe.
- Kemis III + IV nemu slamet, sugih sanak, disihi sapa bae.
d. Petung panca suda kanggo nikahake penganten.
Anjupuka neptuning dina lan pasaran, Jumuwah neptune 1; Saptu 2: Akat 3; Senen 4; Slasa 5: Rebo 6; Kemis 7: Neptune pasaran : Wage 5; Pon 4: paing 3: Lege 2:
Kliwon 1.
Lamun gunggunge neptu dina + pasaran tinemu :
- Nuju padu ; watake penganten utawa wong tuwane tansah tukar padu salawase
2-8. Demang kandhuruan ; watak padha karep lara.