Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
— 4 —

Tembung kutha, iku biyen2e utawa ing jaman kunane ateges: pager bata utawa pager tembok. Dhek jaman biyen papan2 kang d dunungi ing panggedhening nagara, upamane dening para ratu, adipati Isp, dalah para abdine, kalebu uga para nara-prajane pinageran ing pager bata, Pager mau kandel lan dhuwur, nganggo gapura sentosa. Disaranani mengkono supaya ora gampang tinempuh ing mungsuh. lya pager bata kang mengkono iku kang aran: kutha.

Lawasing lawas tembung "kutha", owah tegese benjur ateges kaya kang kalumrah ing saiki Wong2 kang ngucapake ing jro ning pikirane wis ora isi gegambaran pager bata maneh. Ning sing dikarepaké: papan padunungane panggedhe paprentahan, Upamane ; kutha Sala, kutha Cilacap, kutha Kedhiri lsp.

Kraton Kartosura dhek jamane Ingkang Sinuhun Paku-Buwana 11 kerep ana dahuru. Kraton Dalem akeh karusakane. Mula Panjenengan Dalem Nata kagungan kersa ngelih kraton nglereg mangetan. Sing dipilih ing desa Sala Jeneng Sala mirid asmane kang cikal bakal ing kono, ya iku: Kyai Sala.

Mungguh kaanane desa Sala duk semana ora beda lan desa2 ing wektu saiki, kang cedhak alaś. Akeh bebondhotane, glagah lan alang2. Desa Sala dibabad, dibangun, didegi kraton, dijenengake kraton Surakarta. Ngalihe Kraton Kartosura menyang Surakarta ing taun Masehi 1744. Dene pesareane Kyai Sala tine mu ing jeron cepuri kraton pojok Lor-Wetan.

Kutha Surakarta ya kutha Sala. Mung wee jeneng Surakarta iku mung tinsmu ing tulis, ing layang2, luwih2 layang2 resmi (sing gandheng karo paprentahan). Dene ing pasrawungan sadi-na2 nganggo tembung / jeneng Sala. Umpamane arep menyang Sala. Priyayi Sala Jarit carik Sala. Joged Sala lsp.