Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 45 —

nget tambuhing dhiri ; wadung jambe mas rara, nimas sekar biru kang anglengan ciptanira bebek cilik dasihira wira-wiri, arsa panggih mas rara.

Ka. Kusumayu pujanku wong reki, bendaraku inten wong jatmika, wong ayu kang lengkeh² pujanku wong lengkung, bendaraku wong langking, ingkang mindha musthika, bekti maring kakung, panguripane pun kakang, aprasasat dumunung aneng sireki, lebur luluh sandika.
Da Amundhuta barang ingkang edi, yen pun kakang nora rubeda, ladenana sasagede, dhuh nimas rasa madu, jenang puhan dhahar Walandi, manis rada sembada yen rinenggeng kidung sela panguleg usada, ora pisan pun kakang sulayeng budi, nedya angestu pada.
Ta. Tuhu peksi kresna mirah gusti, kedhandhangan tansah nandhang banta, pola lungse sekar pete, dalu sun metu, kongsi pendul mripatku gusti, sun sengguh sira prapta, ndho dhog minta pintu, kanthong klasa wadhah sata. yen tan kopen uripku setengah mati, gesang dadya carita.
Sa. Sasisane dahana ngemasi, welut wana kang amawa wisa sun kawula selawase: uler kambang riningsun, nora betah pisah sesasi, pun kakang gelem pisah lamun ana besuk, ana sima manak maesa, ana iwak tambra kang tanpa sisik, prawan manak sadasa.
Wa. Witing klakon nimas bokmenawi, gelem pisah lamun sira nyawa: lamun wus mukti lan kowe, lebura dadi awu, sayek tine kula nglabuhi (wi), aja ta kongsi owah, benjang prapteng tuwuh; sihing widi mring wak ingwang, supaya (w) atresnamu awet kuwawi, anggung sawang sinawang.
La. Lali lali datan bisa lali, suwe² saya wela², buron gung mawa tetale, kemangi gagange wulung, nadyan pejah isih tan