Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 30 —

Para Administratur Kapten Arab lan Kapten Cina lenggahe kursen. Pengagemane Kanjeng Gusti Mangkunagara grootnen ireng cara militer. Dene para Tn. Administratur, Kapten Arab, Kapten Cina padha menganggo pantalon, jas bukak ireng kang diarani jas roki (jas bukak ing buri dawa), dhasi putih. Pepatih dalem sapanekare Bupati, Wadana Kliwon, Panewu, Mantri Lurah Beke, jajar, lenggahe handher lesehan sila ana ing babut, klasa lan lampit ana ing pagelaran. Pangagemane padha dodotan, klambi sikepan gedhebludiran, kulukan Sawise ingkang Sinuhun lenggah, unine musik lan gamelan banjur pada meneng.

Ora antara suwe wetune gunungan saka Kraton cacah 30 iji, dipikul abdi dalem Nandon. Saben gunungan siji dipikul Nandhon papat. Gunungan mau ana kang lanang lan ana kang wadon. Kang lanang lincip, kang wadon papak. Gotek dedongengan, siji2ne gunungan mau minangka slametane siji2 ning wuku. Ana jero Kraton didongani donga Buda. Ana ing Masjid didongani donga Islam.

Mungguh ubarampe lan wujude gunungan, ya iku: pring digawe kaya kurungan, dhuwure watara 1 m. Dirobyong2 opak lempeng, rengginang, terong, lombok pirang². Kabeh mau mentah disunduki, ditancepake ing godhong kang kanggo ngrukub kurungan. Sakubenge kurungan dikanthili endog pitik mateng pirang2 jinah dironce. Sajerone kurungan sega wuduk, ingkung pitik bumbu lembaran sapirantine. Kurungan mau katumpangake ing ancak pesagi, dawa lan ambane watara 2 m. Ancak mau kang digawe kayu jati, ing sakubenge dipasangi plisir gula klapa.

Lakune gunungan menyang Masjid gedhe, diurung-urung prajurit saka Baki nggawa tumbak. Kagrubyuk abdi dalem Bupati kang nampa urak sapanekare, kanthi pada dipayungi.