Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 26 —

KRAMEAN SEKATEN.

Saben sasi Mulud (Rabingulawal) ing kutha Sala ana tontonan, kang diarani Sekaten, manggon ana ing alun2 lor. Sekatenan iku kramean krajan Islam. Anane wiwit jaman Demak, diuri2 nganti seprene. Dhek jaman isih sugenge Ingkang Sinuwun P. B. X (sepuluh), kramean Sekaten isih rame banget, ora kaya saiki.

Ing alun2 Lor didegi omah2, los2 lan bango2 pirang². Kabeh iku asipat darurat, mung kanggo sajrone kramean Sekaten. Bangunan darurat iku kanggo sedhiyan enggon tontonan werna-werna, toko2, restoran2, lan warungan jajanan warna2. Ing padatan tontonan dipapanake ing sisih wetan lan kidul. Dene ton-tonane kaya ta; gambar idup, wayang wong, soreng, kethoprak, Langen driyan, sulapan, lsp. Kabeh2 mau tontonan barangan. Sing akeh2 saka liyan daerah. Swaraning gamelane rame umyung, keprungu kadi kadohan, ndedudut ati. Kajaba tontonan, kerep uga ana, draimolen, kanggo mbebungah bocah2. Merga mubeng seser. Lungguhane wujude werna2. Ana sing arupa jaranan, pepethan macan, singa, ana sing lugu kaya bak reta, kursi lsp. Bocah2 padha seneng nunggang, nadyan nganggo mbayar.

Toko ya pirang2. Wis taa.... jeneng tokooo... ngalih utawa toko tiban. Sing didol ya werna2 banget. Sasat apa kabutuhane wong urip, ing sekatenan kono ana Kari nari dhuwite. Sing sandangan, rerenggan anggon2 emitasi apa sing asli. Upane gelang kalung lspne. Rerenggan omah, piranti dhahar ( = service ), piranti pawon sapepake. Dolanan bocah, werna2 butuh gangsingan bumbung ya didoli.

Terkadang ya ana pameran utawa seteling (tentoonstelling) asil kerajinan rakyat. Saka bahan pring, penjalin kanggo barang nam2an. Bahan kayu, balung, gadhing, penyu, salaka, kuningan lspne-lspne.