Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 23 —

Bocah2 padha lumaku gegrombolan turut dalan padha nggawa ting karo muni bareng; thong-thong heeeek. Bah Gareng mati mendelik. Ora lali tinge kobong. Kaya mengkono agawe reja regenge pekampungan.

 Klebu ewoning tontonan uga, ya iku yen ana layon liwat. Layone ditrebela, dipikul ing wong papat genten-genten dening kang padha layat nganggo dipayungi. Tumrape wong lumrah payunge payung dluwang. Tumrap abdi dalem utawa priyayi tanda pangkate. Kang ora kebener mikul, lumaku ana burine layon. Ing ngarep layon lakune wong kang nggawa kutug, diwadhahi ing sosog, maejan. lan bokor isi dhuwit kanggo sawur. Wujude sawur iku dhuwit sen digebeg nganti menceret, diwor karo beras kuning Yen lakune layon ngliwati dalan prapatan, dhuwit sawur disebarake, dirayah para wong miskin kang ngintil lakuning layon.

 Modin kang lumaku njajari layon dadi pangarepe dhikiran Dene dhikirane mengkene: Lha illah-lha illolah, Mokhammaddun Rasullolah. Samenenge modin dhikiran, disambung/ditirokake dening para kang padha layat bebarengan, nganti tekan kuburan. Suwarane gumrenggeng agawe regenging lakune layon. Kang padha layat ora ana kang guneman karo kancane, kajaba mung dhe dhikiran kaya kasebut ing dhuwur Tumindak kang kaya mengkono iku, kang layat katon anggone melu belasungkawa.

 Menawa ana sedan - ana bangsa luhur seda akeh wong2 ing pekampungan lanang wadon, tuwa-anom, gedhe cilik padha merlokake nonton lakuning layon kanthi nyegat ing pinggir ratan kang bakal diliwati. Mungguh pangruktine trebeia dibuntel mori putih di wiru2 dicara kembang, ditunggangake kreta layon, katarik jaran teji papat. Jarane dikrudhuki mori putih. Kusir lan keneke nganggo slempang mori putih Topine pet, ing buri nganggo eblek saka mori putih. Lakune kreta ora rikat, mung mlaku. Jarane dituntun ing kenek papat, ana kiwa tengene jaran. Kusire lungguh ing kusiran, nyekeli lis.