Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 39 —

c. Reca Kebo Handini, gedhene sakebo. Diadhep sakehe reca kewan cilik-cilik.

d. Ing tengah candhi ana recane Sang Hyang Bathara Brama kanthi ngasta gada kaadep reca Dewa cilik².

e. Ing tataran dhuwur ana reca Buda gedhe, nunggang gajah. Kaadhep reca cilik-cilik.

Goteking carita katone reca² mau kanggo tandha tumrap wong sing padha tirakat ing kono. Yen ketrima bisa weruh marang reca² mau. Dene yen ora ketrima ya ora weruh.

Ing candhi Sukuh kono wektu samana ana manuke kang karan manuk perkutut gung Swarane seru banget. Nganti watara sakilo meter isih bisa keprungu.

IV. CANDHI CIPTA - RENGGA.

Dununge ing lambune Gn. Lawu, akeh recane gedhe cilik Recane widadari cacah 21 iji Menawa arep mlebu kudu lerenging pasanggrahan kanthi slametan lan ngobong dupa. Yen lumebune ing wayah bengi, mesti diweruhi macan putih kang wis dadi dhanyang Macan iku ora ganggu gawe malah kosot marang wong mlebu ing kono. Yen lumebune wayah awan ora diweruhi apa². Ing kono ana candhine pamelengan, kanggo penuwunan tumrap kabutuhane ngaurip. Kerep bisa kasembadan apa kang sinedya.

V. JURANG PENGARIP-ARIP

Manawa sumedya munggah ing pucak Gn. Lawu, yen metu ing jurang Pangarip-arip hawane kepenak, silir. Saka kepenake bisa njalari ngantuk. Saka anggone ngantuk bisa moruhi jalak gadhing sajodho, ules putih. Iku utusane Ingkang Sinuhun Lawu, kadhawuhan methuk Mula kudu ditutake ing saparane. Iya jalak iku kang bakal nuduhake dalan, murih ora kesasar ing laku.