Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 9 —

 Wong dhek samana akeh sing padha meguru, nudi jaya kawija- yan lan kanuragan. Sawise iku njur nggilut kawruh kebathinan. Dene para nonoman dening wong tuwane dikirim menyang pon- dhok² (pesantren ). Ana ing kono para mudha kajaba nyinau sastra Arab, kalebu maca kur'an-, uga ngudi jaya kawijayan lan Kanuragan.

 Wong2 ing pekampungan bebudene padha alus2, andhap asor padha ngerti marang tata krama. Ora ana wong kang nyuwara pating brengok, pating cekakak, kejaba kala mangsa yen ana wong mendem. Mula kaanane ing pekampungan iya premanem, tentrem. Wewatakane padha sabar2 lan pada narima2 Atine ora ngangsa lan ora murka. Mula uripe kaparingan umur dawa. Lanang wadon padha seneng nindakake tapa brata. Gegayuhane anak putune bisaa nemu kamulyan lan kaluhuran ing uripe.

 Awit saka anggone padha nglakoni tapa brata, tinemune a- wake padha saras2 kalis ing lelara.

 Wektu semana durung ana rumah sakit Dokter bae mung ana siji bangsa Walanda. Tumindake mung kanggo mitulungi para saradhadu Beteng kang padha lara, utawa bangsa Walanda lan bangsa manca liyane kang mbutuhake. Wondene menawa ana wong ketaman lara, goleke tamba marang panggonane dhukun lan pre- wangan. Kang kanggo tamba ana kang wujud banyu dijapani. Ana kang gegodhongan dipipis kanggop borehan utawa diombe. Lara kuning ditambani tuma diuntal karo gedhang emas. Lara keju kemeng; precil diuntal utawa blendok wit kelor. Ngelu: jeruk pecel didelehi enjet, ditemplekake pilingan Watuk: jeruk pecel didelehi enjet, digarang. Yen wis mateng, banyune dikecera ke ing telak. diulu. Mengguk utawamengi; mangan codhot utawa cleret gombel. Lara abuh : saben esuk gulung ing suketan kang ana ebune. Tatu dipopok parudan pohung. Gatel: didusi godhogan godhong johar karo uyah.