Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 52 -

Ing sarehne bangunane pasar durung becik, ya iku mung omah los jejer-jejer, saka keparenge Pamarentah, Pasar Gedhe banjur didandani. Dadine kaya kang tinemu ing saiki iki. Wektu pasar mau didandani, wong2 kang padha dodolan padha dielih ing tamanan Gladhag, lan sawatara ana Alun2 lor. Bareng wis rampung panggarape, Wong2 kang dielih padha didhawuhi bali. Pasar mau banjur dijenengake "Pasar Harjanagara", Ning jeneng iki ora tau kocap. Umum lestari ngarani "Pusar-Gedhe".

Goteking dedongengan, lemah kang kanggo Pasar Harja-nagara iku, lemah lungguhe Babah Mayor. Ya iku bangsa Cina kang dibiji dening Pamarentah (Kasunanan ) ngurusi botrepote bangsa Cina ing kutha Sala (Wykmeester) kenthi diparingi pangkat Titulair Mayor. Ing wektu samana para abdi dalem lan kang duwe pangkat apa bae tumeka Kanjeng Pangeran, blanjane ora wujud dhuwit, nanging wujud lemah, kang diarani "lungguh".

Sarehne blanjane wujud lemah, Babah Mayor akal-akal, lemah lungguhe didegiomah cilik cilik kanggo warungan. Wong kang dodol ana kono dikenakake bayaran. kang diarani "Sapon". Sapira oleh-olehane dhuwit sapon dadi hak milike Babah Mayor. Dene wong kang nyaponi warungan mau diblanja dening Babah Mayor.

Bareng lungguh lemah diganti wujud blanja dhuwit sabensasi, lemah lungguhe Babah Mayor kondur dadi kagungane Pamarentah. Dening Pamarentah warungan mau dilestarekake Gandheng karo undhake wong kang padha dodolan ana kono saya akeh, warungan mau banjur digawe pasar, karan Pasar Gedhe.

Paprentahan jajahan diganti paprentahan Republiek. Kaanane kutha Sala saya katon majune. Akeh owah-owahan pembangunan, kayata; Loji Gupernuran dibangun gagrag anyar kang saiki didalemi Wali kota.