Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 24 —

Layon dipayungi ana sisih kreta. Sakiwa tengene kreta lakune prajurit kang ngurung-urung kanthi nggawa tumbak. Landheane tumbak kablebet mori putih. Sandhangane, iket wulung, aslem-pang mori putih. Topine pet ireng, ing buri diembeli mori putih; tanpa sepatu. Mangkono uga para kang tumindak nggawa payung kutug, bokor isi sawur, mayan. Modin lan liyane uga pas dha nganggo slempang mori putih.

Para priyayi kang padha layat, mlaku. Panganggone lanang wadon klambi ireng, jarite latar ireng. Priyayi lanang kerisan sabuke putih. Kang tumindak dhikir mung para santri, kang lumaku ing sangarepe kreta layon. Dene para kang padha layat mung padha meneng, ora caturan lan ora melu dhikir.

Manawa nganggo pakurmatan tambur, kang nambur abdi dalem prajurit kraton, lakune njajari layon. Lagune Rara nangis, suwarane angereseresi.

Ana maneh tontonan wayang lulang kang kanggo miradati bocah kang diruwat. Dene bocah kang kudu diruwat iku cethane kaya ing ngisor iki:

  1. Ontang-anting, anak lanang siji ora duwe sedulur.
  2. Unting unting anak wedok siji ora duwe sedulur.
  3. Lumanting, bocah kang lair tanpa ari2.
  4. Sarimpi anak papat wedok kabeh.
  5. Sarambalanang kabeh.
  6. Pandawa anak lima lanang kabeh.
  7. Pandhawi anak lima wedok kabeh.
  8. Madangake anak lanang 4, wedok siji.
  9. Ilip ilip anak wedok 4, lanang siji.
  10. Uger2/lawang ). anak lanang loro.
  11. Kembang sepasang, anak wedok loro.
  12. Gedhana - gedhini, anak2 sing lanang kang tuwa
  13. Gedhini - gedhana, anak2 sing wedok kang tuwa
  14. Sendang kapit pancuran, anak 3 wedoke ing tengah.
  15. Pancuran ingapit sendang, anak 3 lanang ing tengah.