Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 35 -

  1. Akad   , tumurune ana malem tgl, 27, jam 03.30,
  2. Senen  ,   "    "    "  " 29, " 04.00.
  3. Selasa  ,   "    "    "  " 28, " 01.30.
  4. Rebo  ,   "    "    "  " 29, " 04.30.
  5. Kemis  ,   "    "    "  " 23, " 04.00.
  6. Jumuah ,   "    "    "  " 29, " 05.00.
  7. Setu  ,   "    "    "  " 21, " 03.30.

Sarampunge nerangake tumurune wahyu kasebut, banjur dimanggakake deniag kang duwe omah. mbaleni suguhan wedang lan pohung godhogan diserbu nganti resik. Sawise iku ana tamu sing cluluk: "Waaah ----, saking gayenge rerembugan. ngantos sami supe teng wanci. Jebul empun bedhug bengi" Dhayoh liyane ngusulake bubaran. Besuk malem Jemuah ngarep bae diterusake manggon ing omahe Usul disarujuki, nuli bubaran, mulih menyang omahe dhewe2.
Temenan, ing dina malem Jemuah candhake, ana wong sawatara padha teka ing omahe Pak Guna.-
Mengkono jenenge wong kang duwe usul ing pirembugan kang kepungkur Sawise tata lungguh ing sawatara, nuli metu suguhan wedang lan ketan oran2.

Lintang kemukus.
Suguhan dirahapi, sinambi ngomongake kang padha digarap ing awane. Bareng padha meneng. kang duwe omah, Pak Guna wiwit guneman, ngandikake bab lintang kemukus. Metune lintang kemukus iku dadi ngalamating praja. Miturut pangandikane para leluhur kuna kang dianggep dadi kapercayane:

  1. Yen ana lintang kemukus metu ing: Wetan, ngalamat ana ratu sungkawa, Para nayakaning praja padha ewuh pikirane, Wong desa akeh kang karusakan lan susah atine. Udan deres. Beras pari murah, emas larang.
  2. Kidul-wetan, ngalamat ana ratu surud (seda), Wong desa akeh kang ngalih, udan arang. Woh2an akeh kang rusak, Ana pageblug, akeh wong lara lan wong mati.