Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 41 —

X. ARGA SONYA.

Ing Arga Sonya tinemu ana sareane Sang Prabu Yudhisthira Ratu ing nagara Ngamarta lan Raden Nangkula Sadewa. Ana maneh pendheman asu belang yuyang. Sapa kang ngambah ing kono mesti krungu swara banyu kumresek, mili kumricik, nanging ora ana wujude.

XI. PUCAKING Gn. LAWU

Ing pucaking Gn. Lawu ana candhine, aran Candhi Pamujan. Wektu jaman Kadewatan papan mau kanggo memuja para Dewa. Saiki uga kanggo memuja sapa bae kang duwe panyuwun an, murih bisane katarima sedyane

XII. SENDHANG KAMULYAN.

Banyune beninge nganti kaya kaca. Yen dicawak anyep banget. Sapa kang wani adus rambah kaping 7, kasinungan padhang atine sarta sasedyane kasembadan. Pratape adus nggango timba upih. Yen ora katarima timbane ora katon.

XIII. TLAGA KUNING

Jembare wetara ana 360 m²
Banyune bening warnane kuning Jerone 36 pecak. Tlaga mau kanggo adus, perlu nandha awak, kojur apa mujur. Yen katarima, banyune sendhang luber. Yen banyune mung setengah, iya mung sesedheng panguripane. Yen ora katarima, banyune sat. Dasare tlaga katon lumut.

XIV. PASAR DIENG

Pasare bangsane lelembut.
Pasarane mung yen dina Jemuah Legi, Swarane kemrumpyung kaya swarane wong ana pasar, ananging ora katon.