Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 59 -

Anggone turu lagi oleh saliyeran, Ki Tanujoyo rumangsa krungu swara mriyem kang unine banter banget, nganti gawe kagete. Ki Tanujoyo niliki momongane, tinemu isih turu, nuli bali menyang papan palinggihane. Ora antara suwe Ki Tanu nyumurupi wewujudan padhang kaya rembulan cumlorot lumebu ing sajerone kendhil liwetan. Weruh wewujudan kaya mengkono Ki Tanujoyo awake gumeter ngoplok, nanging meneng bae, ora kandha marang R. Bagus Burham. Sawise mentas lan salin panganggon kang wis disediakake, R. Bagus Burham banjur dikon mangan. Sarehne ora nggawa piring, an ora ana lawuhe, mula anggone dhahar R. Bagus Burham diiras bae, ya iku segane nung dirogohi nganggo astane. Lagi oleh sawataia pulukan, astane krasa nyenggol barang kaya iwak. Didudut cetha iwak wader. gedhene satebah. Ki Tanu nggraita manawa iwak iku kadadean saka wewujudan kang cumlorot kaya rembulan, keng lumebu ing kendhil. Mung bae supaya momongane ora ngerti bab iku, iya mung ethok2 gumun dene ana kaelokan. Lan akon supaya Den Bagus anggone dhahar sega dalah iwake dientekake. Ing sarehne wis 39 dina ora dahar, lan anggone dhahar krasa enak, sega sakendil lan iwake didhahar nganti entek. Mung kari intip, iwake kari endas lan kepet, dipangan Ki Tanu.

Sawise dhahar, R. Bagus Burham binuka kawicaksanane. Mirsa kaanane jaman kang bakal dilakone: saged ngertos lan ngandika nganggo tembunge bangsa liyan Nagara tanpa sinau; mirsa marang mobah mosiking titah, kaya kang kalebu ing dedongengan manuk gagak Bacem bebasanan karo manuk gagak Jagalan.

Kacarita wektu R. Bagus Burham wis dadi abdi dalem, asmane R. Ng. Ronggowarsito, ing sawiji dina pinuju marak ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun P. B. IX Ing kono ana manuk gagak muni gaok gaok, mencok ing dhuwure Panggung Sangga Buwana Wektu iku Ingkang Sinuhun mirsa, banjur ndangu marang Ng. Ronggowarsito, unine manuk gagak kuwi bakal ana wigati apa. R. Ng. Ronggowarsito munjuk manawa ora ana kawigaten apa2, kajaba manuk gagak kang muni iku manuk saka Pacem, ngenteni sasrahan.