Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 43 —

gelangane gedhene sajempolan sikil. Menawa katarima, sajrone 7 dina banjur ana swara jumalegur ngeget-egeti. Wong kang dirante mau kaget, njalari rantene pedhot, ilang lumebu ing sikil. Kadigdayane wong mau menawa ndhupak watu kang gedene sagenthong-genthong, bisa sumyur. Ing kono uga ana jurang kang jerone, tanpa ukuran. metu banyune gumrojog gedhe banget. Saka jerone, tibane banyu ing ngisor ora katon. Diceguri watu sakebo gedhene ora krungu suwarane. Mung ombake banyu kang katiban watu mau ketara banjur dadi kali gedhe, ya iku karan kali Ngumbang umbang, ilene banyu mangulon

Sarehne lingsir wengi sarta dongenge kaanan ing sakubenge Gn. Lawu wis tapis, para kang padha sanja pamit karo ing duwe omah, padha mulih menyang omahe dhewe².

Kaya mengkono kesenengane wong² dhek semana.


————