Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 56 -

Gedhong2 ing Kebon Raja akeh kang dibangun nganggo wangun gagrag anyar, kaya ta; Gedhong wayang wong, Gedhong gambar idhup Ispne. Isen-isen kang arupa kekembangan lan kewan2 tambah akeh lan warna-warna.

Ing sangarepe gedhong Musium dipasangi tugu pengetan. Tugu iku ing perangan dhuwur ana recane swargi R. Ng. Ronggowarsito, Pujangga gedhe ing Kraton Surakarta Hadiningrat, kang misuwur asthane tekan ing liyan praja. Kagawa saka anggone waskitha. Apa kang kasebut ing buku karangane, kaya asipat pameca akeh kang nocogi ing kaanane Anane R. Ng. Ronggowarsito kadunungan kawaskithan, kaya ana paedahe katerangake kanthi cekak kaya ing ngisor iki.

- Methik buku: Kumite Ronggowarsitan, cithakan Drukkery Mars Surakarta, tahun 1931 jilid I -


R. Ng. Ronggowarsito iku wektu timure asma Raden Bagus Burham. Lair ing dina Senen Legi, tanggal kaping 10, wanci jam 12 awan, ing sasi Dulkangidah tahun Be 1728. Putra mbarepe M. Ng. Ronggowarsito, Abdi-dalem Panewu carik Kadipaten Anom wayahe Raden Tumenggung Sastronagoro, abdidalem Bupati Kadipaten Anom, iya abdidalem Pujangga ing Surakarta. Buyute R. Ng. Yosodipuro (Tus Pajang), abdi-dalem Kaliwon Kadipaten Anom iya Pujangga ing Surakarta. Wektu R. Ng. Yosodipuro arep mana seda, ngandika marang putrane, ya iku R, T. Sastronagoro, mana panutup wa Raden Bagus Burham ing tembe bakal dadi Pujangga panutup ing Surakarta. Mungguh daleme M. Ng Ronggowarsito (keng ramane Raden Bagus Burham) ana kampung Pasarkliwon, ya iku kang saiki isih karan kampung Yasadipuran, awit tilas daleme R. Ng. Yosodipuro.