Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 62 —

Saka prapatan sakidul Rumah Sakit Jiwa mangulon tekan kampung Penumping. Ing kono ana tugu, ing perangan dhuwurana pepehan lilin murub, aran Tugu Lilin. Mapane ing ratan gedhe jurusan prapatan Gendhengan mengidul menyan, Baron.

Anane Tugu - Lilin iku minangka pengetan tumrap prastawa perjuangane para patriot Negara, ya perjuangane bangsa kita, bangsa Indonesia bisa kasil. Bisa ngrebut bumi kita saka regemene penjajah Walanda, njur mbangun Negara Merdika, Negara Republiek Indonesia.

Tugu, asipat sawiji, utawa manunggal. Lilin murub tegese: urip. Saka bangsa Indonesia manungsal dadi sawiji kanthi alan-alan dasan tekad membaja, bisa katekan sedyane, bisa kasil perjuangane. Bisa nyathok hak azasi dhiri, hak azasine urip, hak azasine bangsane. Bisa ngedegake Negara Merdika.

Aliya saka mengkono. adege Tugu Lilin iya uga minangka pengetan ing atase madege utawa kadhapuke Pemerintah Daerah Kota besar Surakarta, kang banjur salin dadi Kota Madya Surakarta, Secara resmi.

Tugu Lilin iku uga dipigunakake dadi simbule Kota Madya Surakarta. Tugune digawe werna putih, tumumpang ing dhasar putih. Putih gambare sipat suci. Ingajab manunggale bangsa Indonesia bi saa kanthi sucining ati. Makarya ngiseni kamardikan kanthi sucining ati. Kanthi jujur lan tumemen. Aja ana sing nyleweng resik jaba njero. Madhep ing Pangerane.

Ing tengahing awak2an Tugu tinemu gambar keris / curiga ngadeg jejeg. Werdine; olehe padha makarya nindakake paprentahan linambaran pikir landhep lan jejeg ing adil Wong sing padha dipasrahi tugas, miliha wong kang wasis ing bidhange.