Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 63 -

Lire adil, upamane ....., upamane looo .. ora ana kang nindakake emban cindhe emban siladan. Migunakake sistem sedulur atawa waris Ispne. jeneng nyimpang saka rasa ngadil. Pamrihe supaya negarane bisa jaya lan bisa mekarake kabudayan asli.

Ing sangisore gambar keris, kaprenah ing dhasar putih, ana gambar panah, kang siyaga arep dipanahake Pan ..... nah. Jawa dhosoke: mapaning manah. Mapaning ati. Sumelehing ati. Iya ateges wening. Sabarang tumindake kalebu uga nanggapi prastawa kang kanthi pinikir wening. jeneng waspada. Watake rahayu. Mangkono uga patrape wong manah. Panah dipantheng diinceng kanthi satuhu. Yen wis yakin lagi dilepasake. Lumepasing panah sumemprung ngenani lesan/ sasaran.

Ing sakiwa tengene ompuking tugu, katon lumembaking banyu. ngGambarake Bengawan Sala. Pancen kutha Sala uga sinebut Kota Bengawan.

Ing sadhuwure ombak banyu anane warna ijo, ngebaki papan ing sajroning buwengan opal, kang uga ngawengi gambar tugu lan panah. Warna ijo, tegese ; urip Kita kudu ngrumangsani padha urip ing bumi Indonesia. Kita kabeh kudu padha ngrumangsani yen diuripi dening bumi pretiwi Indonesia. Mula aja nganti ana sing maro tingal, saya saya mengkhianati Negara. Kita kabeh kudu man unggal, mujudake kesatuan kang kukuh bakuh.

Opal kang ngaweni kabeh wewujudan kasebut ing dhuwur pinggirane awerna merah putih. Iku mengku pralampita, kıta kabeh rakyat Indonesia urip. dibawah naungan Sang Merah Putih. Kita kabeh kwajiban rumeksa, supaya Bendera Indonesia tetap berkibar diangkasa dengan megahnya.

Bunderan opal sinangga ing gambar kapas lan pari lan jarit sidamukti, ingapit ing bambu runcing.