Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 13 —

 Jeneng kadhal menek. Yen kadhal menekan, jungkate ora kena miring. Kadhal menekan jungkate miring, yen liwat pekampungan liya, bisa njalari pasulayan, tukar-padu, sing lerege tekan kerengan. Mung saka jungkat miring, merga dianggap kurang ajar. Jaritane ya sabuk-wala kincongan. Klambine atela cekak utawa jas tutup. Bocah sekolah menganggone ya kaya ngono, rambute digelung. Guru sekolah ya jarikan wiron, iket2an, klambi cokak, sabukan nganggo epek tampa keris.

 Wong2 (tuwa) lanang penganggone saben dina jaritan wiron - senajanta kasar2an - utawa sarungan lurik. Nganggo setagen dicathoki cathokan lulang. Cundhuk jungkat, gelungan utawa kandhal menek, ngliga sarira. Nadyan mengkono ora tau masuk angin, marga awake waras2. Manawa nganggo klambi, klambine lakwa landhung saka lurik, utawa klambi hancinco, bakale mori, Yen lungan jaritan wiron, klambi atela cekak, iket2an nganggo keris. Wong wadon jaritan wiron, gelungan, kembenan. Klambine gulon / nganggo kuthu baru slendhangan.

 Ing sarehne para jejaka lan wong lanang padha ngingu (rambut dawa), dadi yen ing pekampungan ana wong gundhul, kang mesthi wong mau ulih2an saka ukuman ; utawa tilas serdadhu Landa kang wis entek angkile (kontrake). Wong mau yen wis mang- gon ing kampung, iya banjur ngingu rambat kaya lumrahe ing akeh Awit nduweni rasa isin lan pekewuh.

 Para pulisi utawa upas prajurit Lesiun Mangkunegaran, prajurit Kraton iya padha ngingu rambut. Yen tumindak sowan nyambut gawe padha nyandang nganggo pantalon sersi ireng tanpa sepatu. Nganggo topi pet iket2an. Ikete wulung.

Pangupa jiwa

 Mungguh pangupa jiwane rakyat wong wadon ngobeng bathik, nglinting rokok dika, ing wektu samana durung ana rokok