Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 50 -

Saben buntut siji diparingi sabribil/ 1/2 sen).

Sasirnane lelara, omah2 kang maune atep, balungan pring, supaya diganti payon gendheng, balungan kayu. Lan gendhenge saben let 3 larik supaya dilabur. manut ujuring omah Gedheg, pyan uga supaya dilabur Wondene kayu jati wis wujud saka-usuk, Gendheng, paku lan labur diparingi Pamarintah kalayan utang, kang cicilane mayar. Panicile saben sasi.

Saben dina Rebo pedunung didhawuhi ngetok2ake klasa bantal, ana latar (dipe); sajrone omah supaya disaponi resik. Ing dina mau dianakake pepriksan, utusan saka Kantor Pesbesitijding apangkat Mantri, aran Mantri Woning Inspectie. Yen ana pedunung kang nglanggar, ora ngetokake klasa bantale nganti rambah kaping 3 (telung Rebo), pedunung mau diprekara.

Awit saka anane lelara pes, njalari owahe kaanan. Kajaba owah2an omah2 kaya kasebut ing dhuwur, uga banjur akeh Dokter kang nyuwita Panjenengan Dalem Ingkang Sinuhun. Yaiku Kanjeng Raden Tumenggung Widyadiningrat, R. T. Nitidiningrat, R. Ngabei Wiryahusada, R. Ng Gitahusada, R. Ng. Mangunhusada, R. Ng. Martahusada lan R. Panji Prawirawinata Abdi dalem Dokter apangkat Mayor abdi-dalem prajurit Sunanan. Ing kala samana Ingkang Sinuhun P. B X. banjur yasa rumah sakit Kadipala. Rakyat kang kataman lara apa bae, yen mondhok ing rumah sakit manggon ing Zaal, tumrap pangan lan tambano ora mbayar, mung asipat lelahanan. Mangkono uza diyásakake Apothik, manggon ana Gladag, kaprenah sakidule Kantor Pos saiki, kang wektu saiki kanggo Kantor Pulisi.

Golongan agama Kristen yasa rumah sakit ana Jebres, aran Rumah Sakit Zending (Zending Hospitaal), kanggo umum. Yen mondhok ing kono uger mung manggon ing Zaal, ora 5 mbayar apa2 (gratis). Ing Baron uga ana rumah sakit, nganggo aran Militer Hospitaal Iki mligi mung kanggo saradadu Beteng Kang padha lara. Hospital mau saiki wis ora ana. Tilase didegi loji2. Ing Mangkabumen dening Panmarintah Walanda diyasani rumah sakit kanggo