Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 60 -

awujud usus kewan saka manuk gagak Jagalan, Samenenge munjuk ing kono ana manuk gagak mabur saka lor kanthi nucuk usus. Bareng tekan ing dhuwur Panggung, mencok ana. sacedhake anggone mencok gagak Bacem. Usus nuli dicucuk dening gagak Bacem, digawa mabur mangidul. Dene gagak Jagalan bali mabur mengalor. Kaya mengkono iku anggone mirsa marang mobah mosiking titah Wondene tumrape Ki Tanujoyo ngentekake intip lan endas lan kepet iwak, tambah kaluwihane. Ya iku ngerti marang caturane kewan.

Saulihe saka kali, rehni isih wengi, banjur padha mapan turu. Bareng wancine menyang mesjid, R. Bagus Burham sakancane padha mangkat. kanthi nggawa kur'an. Dene R. Bagus Burham kajaba nggawa kitab kur'an isih nggawa kitab liyane maneh. Kanca-kancane ing batin padha ngeguyu lan ngina, apa bisa maca Ora wurung mung arep agawe dukane Kanjeng Kyai. Satekane ing mesjid sawise sembahyang subuh, para murid kadhawuhan maca kur'ane dewe2. Pamacane bebarengan, suwarane gumrenggeng, agawe regenge masjid. Wektu iku kanjeng Kyai mireng swara, kang lagu lan cengkoke maca beda. Kaya2 Kanjeng Kyai dui ung tau mireng. Dhasar swarane becik tur cetha. Sarehning kang maca bocah akeh, ora gampang bisane meruhi iku swarane sapa. Kanggo nggoleki, bocah2 kadhawuhan maca gentenan siji siji Bareng tekan gilirane R. Bagus Burham, ing kono Kanieng Kyai, para guru ngaji, lan murid padha cingak, dene R. Bagus, Burham teka bisa maca kitab kur'an dalah maknane pisan, pamacane nganggo lagu Buminatan kang ing Ponorogo durung ana Wektu iku uga Kanjeng Kyai ndbawuhake. menawa R. Bagus Burham di puji dadi tetuwane para Guru ngaji ing pondhok Gebangtinatar. Kahanan kaelokane R. Bagus Burham kawentar tekan sakiwa tengene kutha Ponorogo. Kang pada krungu yaiku para Ngalim lan para Mukmin. Saben dina pada teka saperlu pada njaluk berkah, anggone R. Bagus Burham nampa kanugrahaning Pangeran. Bareng R. Bagus Burham wis nampa kanugrahan anggone seneng ngabotohan Ilne bisa sirna. Malah wewatekane malih dadi sabar lan lembah manah, welas marang sapa bae. Kang disenengi saben bengi mung nderes Kur'an. Anggone R. Bagus Burham dadi sesepuhe para Guru ngaji Wis sawatara sasi.