Menyang kontèn

Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 15 —

 Sing akeh2 iki mung mujudake pagawean samben. Ning ya ana sing dadi pegawean baku. Ana sing padha suwita / ngabdi marang penjenengane Nata. Abdi dalem niyaga sowane sing mesti seminggune kaping pindho, Ya iku ing dina Senen lan Kemis. Ana sing apangkat: jajar, bekel, lurah, mantri lan sapiturute.

 Abdidalem niyaga kaparingan jenang nganggo tembung : mlaya utawa pangrawit Upamane; Mlayawiranu. Gitapangrawit lspne. Dene jenenge abdidalem dhalang sing akeh nganggo tem- bung; lebda utawa carita.

 Kejaba kasebutcing dhuwur, ana maneh kang padha marsudi marang joged. Ana joged tayud, joged wayang, topeng lsp. sing lerege marang tontonan.

Kesenengane rakyat.

 Yen nuju padhang bulan, wong2 sing padha mlaku2 urut pekampungan mesti pada ngrungu suwarane bocah2 padha pating brengok. terkadang padha gumuyu cekakakan. Iku swarane bocah2 sing pada dolanan. Ana sing gobag sodor, jamuran jelungan ecu, kendi gerit lln. Isih akeh maneh. Olehe pada dolanan katon, grengseng lan seneng. Terkadang surak2 lan keplok2 rame banget nggambarake alame bocah kang murni. Ing wayah awan dolanane: obrog, bentik, bengkat biten ngundha layangan Ispne. Ana sing seneng mancing, mlinteng manuk 11. Ana dolanan sing asipat ngabotohan, kaya ta : jirak, pak pakan miri, kenekeran mandha dhuwit sen lsp.

 Wondene wong tuwa2 kesenengane ya warna2 kaya ta ngingu puter, dara, blaster; bangsa manuk oceh2an ana kuthilang, bethet, jalak, menco lsp. Ana maneh seneng ngingu kutut. Sing akeh2 padha seneng ngrungokake anggunge. Arang2 ing nengenake marang angsare. Mungguh panitike manuk kutut kang prayoga diingu kaya mengkene: