Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 53 —

 -Kantor pos, kantor tilpun, RRI, sekolahan2 llne, iku kalebu pembangunan anyar. Kajaba omah omah, kantor, uga kreteg-kreteg lan pasar-pasar. Ya iku Pasar Singasaren, Pasar kembang, Ps. Ledhoksari llne kalebu Ps. Klewer, kang kapetung pasar kang becik dhewe wewangunane.

 Gotek dedongengan, papan kang kanggo Ps. Klewer iku dhek biyen awujud kampung, jeneng kampung Nglorengan. Anane jeneng Nglorengan, amarga kang manggon ana kono Walanda pranakan jeneng Tuan Lourens, nyambut gawe dadi abdi dalem Ordenas. Bareng Tn. Lourens mati, kampung mau digawe pasar, jeneng Pasar Slompretan. Nanging anane wong dodolan kang manggo ing los2 pasar ora sepiraa kehe, kajaba worg adol wedang lan wong dodol manuk rupa2 kang banjur dipindhah menyang Pasar Widuran tekan saiki Bakul2 kang padha dodolan ana Ps. Slompretan kang akeh para bakul adegan. Daganane awujud bangsane sembet padha disampirake ing pundhak utawa di cangking, Wujude pating klewer, ditawakake rana rene. Saking akehe barang dagangan kang padha pating klewer, katelah pasar mau disebut Pasar Klewer, tekan seprene.

  1. Bareng kutha Sala wis katon reja, ing ngarep dalem Mangkunegaran diyasani los2 kanggo wong dodolan. Nganggo tembung seje didegi pasar, djenengake (Pasar) "Tri Windu Iku minangka pengetan, nalika samana jumeneng Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara VII ngasta paprentahan tetep 3 windu (24 tahun).

 Lor Pasar Legi maune kanggo papan balapan jaran. Ing kono banjur didegi loji pirang2. Wewengkon kono diarani "Vila Park" Dene papan balapan jaran banjur dielih ing Manahan.

 Ing salore papan balapan jaran Manahan, ana papan wujud blumbang kang kanggo langen lan praon diarani Balekambang. Ing kono ana omahe gedhong kanggo papan main kethoprak.

 Ing Purwosari ana pabrike Es rong pagonan. Siji sing duwe bangsa Walanda, aran Tn. Watsch: sijine kang duwe bangsa Cina aran Sie Dhian Ho. pabrike aran Petojo Bareng paprentahan Republiek pabrik mau ditindakake dening bangsane dhewe, yaiku Indonesia.