Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 40 —

VI. WATU PUNDHUTAN.

Mungguh wujude watu pundhutan iku kaya tumpeng, cacah 2, tumumpang ing watu kaya encek. Watu mau kanggo nandha kasugihan lan kateguhane wong. Patrape yen arep nandha awak, watu² katumpangake pundak, mlaku ngubengi watu encek, Yen kuwat 3 ubengan temu gelang tandha bisa cukup panguripane, Yen kuwat rambah kaping 5, sugihe tiba sedheng. Yen kuwat nganti 7 ubengan temu gelang, kasinungan teguh timbul, sugih banda banget.

VII. LAJURAN BANJAR DAWA WIWIT KENDHITING GUNUNG LAWU

Kang aran Candhi Arga Dalem iku wudjud watu gilang katumpuk-tumpuk, kaya pasang rakiting kraton. Panatane sap²an munggah² mendhuwur dawa. Jembare watara ana 120.000 m². Iku dalane munggah menyang pucaking Gn. Lawu.

VIII. CANDHI ARGA DUMILAH

Ing sajrone candhi ana thukulan suket kang aran suket rikman. Wujude putih, dhuwure ± 1 m. Pigunane kanggo tamba kewan lara. Patrape kanggo boreh lan diombekake. Ana maneh suket kang aran kalajana. Wujude riyu², dhuwure watara rong kaki, Miturut dedongengan nalika jaman Purwa, suket mau jen disipatake mripat, bisa nyumurupi bangsane lelembut

IX. JUNGGRING SLAKA.

Ing Junggring Slaka -ing tlatahe Gn. Lawu-ana wit aran "wit Manis reja ". Wohe dadi dhaharane para luhur. Rasane legi, gandane arum. Pigunane marakake santosa lan teguh yuwana marang awak