Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 6 —

Bangsa ngamanca sing. wis ana, kaya ta; Walanda, Cima, Arab lan toko² uga migunakake lampu kasebut. Ing jero kraton ngang- go lampu robyong, setroh gantung gedhe, lampu gantung plenthon cawang telu utawa papat. Lampu² mau isine lenga pet.

Ratan gedhe utawa ratan sing perlu² ing wayah bengi dipa- dhangi nganggo ting, digandhulake ing kawat, kang dipantheng ngalang dalan. Elete ting sing lan sijine watara 200-300 m. Ting² iku diiseni lampu teplok. Ting disumet wiwit jam 18.00 (nem sore) tekan jam 06.00 (nem esuk). Ana punggawa negara sing tinanggenah ngurusi/ngopeni.

Kreta²ne para luhur yen kagem tindakan ing wayah bengi. Tinge disumeti lilin, Titihan Dalem Nata, K.G. Mangkunagara, Pepatih Dalem lan Tn Residen, tinge nganggo karbiet.

Tata tentrem.

Kanggo njaga tata tentreme Negara, upamane yen nuju ana kraman, perang Isp, sing kejibah tumandang saradadu beteng (Walanda) lan Lesiun (prajurit Mangkunegaran). Dene abdi Da- lem prajurit Kraton mung kanggo njaga keslametane sarira Dalem Nata. Wondene yen ana rerusuh bangsane kadurjanan sapanung- galane, sing tumindak pulisi. Anane punggawa pulisi dhek sama- na durung akeh. Pulisi mau sinebut upas malem, Pengangeone awan bengi pantalon saka bakal sersi ireng. Ing gulon len lengen an klambi ing (bagian) ugel² tangan nganggo pasmen (dibleg ± 2 cm) abang saka bakal sersi. Ikete wulung. Nganggo topi pring diplitur, ngiringan nganggo benik ceplis, tanpa sepatu; knots karet wangun gilig.

Dawane wetara 20 cm, saweneh mawa gembel kayu, kaya gadaning wayang wong.