Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 61 -

Rehne durung supit, mula nyuwun pamit marang Kanjeng Kyai, arep mulih menyang Surakarta ( Sala ). Kanjeng Kyai marengke malah kepareng ngeterake. Kajaba arep masrahake R. Bagus Burham, lya perlu tilik R. T. Sastronagoro. Cekaking carita R. Bagus Burham lan Kanjeng Kyai sapandereke wis teka ing Sastranagaran. Sawise leren ing kono sawetara dina, banjur kondur bali menyang padhepokan Gebangtinatar.

 Ing dina Rebo Pon tanggal kaping 12 sasi Jumadilakir taun Dal 1742, R. Bagus Burham disupitake nganggo pahargyan godhen nganti telung bengi. Bareng anggone supit wis mari banjur didherekake (disuwitakake Gusti Panembahan Buminata, Kang sabanjure disuwitakake ana kraton. Sarehne anggone suwita mandhep mantep, setya tuhu pangabdine, pungkasaning pasuwitan, kawisuda dadi abdi dalem, apangkat Kaliwon, kaparingan jeneng lan sesebutan R. Ng. Ronggowarsito, Pujangga, gedhe ing kraton Dalem Surakarta Hadiningrat. Misuwun asmane, ngluwihe eyang-eyange.

 Ora jeneng kladuk, yen R. Ng. Ronggowarsito sinebut Pahlawan Agung ing jamane, ing bidhang kasusastran Jawa. Akeh buku2 karangane kang banget maidahi marang bangsa lan nusa. Mula asmane dimulyakake, sarana digawe recane, kapasang ing sadhuwure tugu ing ngarepe Gedhong Musium, kaya kang wis kasebut ing ngarep.