Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 10 —

Kadhemen; diunteli rempelu pitik. Tamba2 kasebut ing dhuwur pikolehe akeh kang jodho, njalari bisa saras.

 Yen ana kang nglairake anak kang aweh pitulung dhukun bayi. Wiwit lair tumeka sepasar saben bengi tangga teparo padha teka njurung lek. Sing bisa maca dikon maca. Lumrahe tembange macapat. Wong liyane mung meneng ngrungokake, ora kena ngabotohan lan omben-ombenan. Suguhane wedang panganan saanane. Tengah wengi metu suguhan jenang lemu, lawuhe sambel goreng. Yen puput puser mbrondong mercon tamburan tata cara kang mangkono mau agawe regenge kampung, nandhakake yen tentrem lan rukun.

 Bocah lanang kang umur 5 taun mengisor, gundhule ana kang digombak, ana kang dikuncung, ana kang digundhul plonthos. Rehne durung ana tukang cukur lan durung ana lading panyukuran, olehe nyukur nganggo beling pecahan kopi. Landhepe ngungkuli lading panyukuran. Lan uga bisa njalari thukule rambut bisa luwih akeh, luwih ketel. Iki sing banjur nuwuhake pepisuh „kerok beling". Yen keplentas, tatune dicatu, Yaiku drijine kang nyukur didemokake cethak. Idu sing ana yiyite kang ana ing driyi dioser-oserake ing tatu, wetuning getih bisa pampet.

 Bocah lan wong wadon di cecap, murih rambute dadi ketel, saranane tlethong gajah diobong nganti dadi awu. Awune diwadahi, nuli dijogi banyu. Landhane kanggo jungkatan utawa kanggo kramas.

 Nalika samana wong2 yen lungguhan utawa turu, padha ana ing jogan, digelari klasa. Didokoki meja bunder utawa meja thothitan (meja pesagi), kanggo ndokokake wedang, rokok lsp. Racak durung ana sing duwe kursi utawa dhipan. Sing duwe mung wong{sup|2}} manca lan priyayi padha kagungan kursi, nanging yen lenggahan meksa remen lesehan.