Menyang kontèn

Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 21 —

gelung gedhe nganggo kembang, cundhuk jungkat jeruk saajar mawa mripat inten utawa nagur; kembenan nganggo peniti, kalungan, jarike bathik ngliga sarira. Slendange sampur sutra biru, ijo, abang, kuning lsp. salah siji endi sing disenengi, Gamelane gamelan gedhe, gonge nganggo gayor. Tanggapane sababak (segendhing) setali (25 sen); sajame seringgit. Yen nuju begja ditanggap ing wong kang pinuju duwe kaul, utawa dening priyayi kang munggah pangkate kang nganggo nekakake dayoh Pananggape sarana ditelas ngarti puluhan rupiyah). Banjur ledhek mau kanggo joged tayub, diajoni dening dhayoh kang padha teka genti². Ing adat nganggo omben² inuman keras, nganti akeh kang padha mendem.

Ing sasi becik, kaya ta ing sasi Jumadilakir, Rejeb lan Besar, akeh wong duwe gawe mantu Tumrap priyayi luhur totonane : wireng, pethilan Gatutkaca - Antareja, Penthul - Tembem, Handaga - Bugis utawa wayang lulang. Dene priyayi lan wong² kang cukup, kang mesti tayuban. Rehne wektu semana durung akeh ledhek, mula sadurunge tempuking gewe, kudu wis golek ledhek, ngonggo manjeri.

Saben ana tayuban, wong kang pada mendem banjur pada kerengan. Terkadhang pancen wis padha incim²an ing sadurunge, muli golek dhadhakan. Olehe kerengan terkadang nganti suduk²an keris, ning padha ora pasahe Marga padha bandhole. Pancen dhek samana akeh wong kang ngudi marang atosing balung, kandeling kulit Akeh uga kang padha duwe mesail, kaya ta: wesi kuning, lulang-bo lan-dhoh, mira dlima badhar besi lsp, kang bisa njalari nuraga.

Ing sasi Dulkangidah akeh wong duwe gawe tetakan, Carane bocah kang ditetaki digawa menyang ngebongan, nganggo diiring ing reyog Lakune mulihe, reyoge tansah jejogedan turut dalan. Yen ngliwati dalan prapatan reyog kekiter nganggo perang²an ing sawetara suwene Gegamane pedhang (kayu) utawa gada.