Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 20 —

 Kang kagungan titihan kreta kajaba kraton, Kangjeng Gusti Mangkunagaran Tn. Residen. Pepatih Dalem kretane biolet kust. Kangjeng Pangeran, para Bupati, santana Dalem Riya, Mayor, Bupati anom (Kliwon), kretane biolet utawa siyas.” Jaran kanggo narik jaran teji, jaran poni - turunan teji.

 Antarane Grogol tumekane Bacem tetunggangane dhokar utawa cemumuk. kagered ing jaran siji. Nanging ya oro akeh cacahe. Malah racak manawa ana wong kang lelungan adoh, tunggangane nyewa grobag sapi. Anggone lungan kang mesti sabrayate kaya wong. alih²an. ngGawa klasa bantal, piranti olah² lan bahan pangan kanggo ing dalan.

 Cacahe wong lungan kang lumaku ing dalan² pating klecir kena dietung. Papan kang kapetung reja, wiwit esuk tekan sore kehe wong mlaku kira² mung antara ana wong 100 - 200 an. Kreta kang liwat kurang luwih mung ana 10 - 20 kreta / iji. Dene papan sepi, kaya dalan Tipes, Panularan, ing saben dinane prasasat ora ana wong liwat, arang diambah reta.

 Ing sarehne wektu semana dalan² durung ana kang diaspal, kajaba mung diurug lemah lan krikil, mula lakune kreta iya rekasa. Lunga menyang Kartasura bae kretane kudu ditarik jaran papat, yen mung jaran loro ora kuwat. Yen ana wong lelungan arep tilik sedulur, kang omahe cedak kali utawa bengawan, lakune padha nunggang prau. Kang duwe jaran yen lelungan adoh, lanang wadon pada nungang jaran, kanthi nggawa wong kang dikon nuntun jaran, kang ditunggangi dening wong wadon Tetunggangan bangsane sepada, motor, durung ana.

BAB TONTONAN.

 Kaanane tontonan ing wektu samana, gambar idup, wayang wong. kethoprak durung ana Kala² ana tontonan barangan, ya iku : ledhek slompret, kethek ogleng, ledhek kalongking, reyog jathilan ledhek barangan kang pengangone : gelung gedhe