Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 57 -

Kacarita tumrap pangemonge R. Bagus Burham dening R.T. Sastronagoro dipasrahake marang abdi kinasih, aran Ki Tanujoyo, kang duwe kaluwihan weruh lan bisa nekakake bangsane lelembut. Pamomonge Ki Tanujoyo kadhawuhan nyekarep apa kang dadi kakarepake R. Bagus Burham, aja nganti disulayani. Awit saka pangemonge Ki Tanujoyo mung nyekarep, mula R. Bagus banget tresnane marang Ki Tanujoyo. Nganti rina wengi mung melu ana omah pondhokane Ki Tanujoyo. Supe marang rama ibune apa dene marang eyange, ya iku R. T. Sastronagoro. Mangkono uga Ki Tanujoyo uga banget tresnane marang momongane, ya iku R. Bagus Burham.

Wis tau R Bagus Burham diajak nyegur Kedhung Kol. Tekan ing sajroning Kedhung R. Bagus Burham mirsa omah becik, ana putrine ayu banget. Putri mau kang mbaureksa Kedhung Kol, Dening Ki Tanujoyo putri mau dianggep Gustine. R. Bagus Burham banjur ditinggal dening Ki Tanujoyo ana sajerone Kedhung Kol ngaati sawetara dina.

Ing kono Sang Putri mirsa R Bagus Burham kepranan penggalihe. R. Bagus Burham banjur kapundhut putra. Mula R. T. Sastronagoro manawa marabi ingkang wayah, ya iku R Bagus Burham Bahureksa Kedhung Kol.

Bareng R. Bagus Burham wis ngancik umur 12 tahun, saka Keparenge R. T Sastronagoro arep dipuruitake ngaji menyang Ponorogo, kapasrahake marang Kanjeng kyai Iman Besari ing Gebangtinatar. Mungguh Kanjeng Kyai Iman Besari iku putra mantu Dalem Ingkang Sinuhun P B IV: Iya sadulur tunggal guru karo R. T. Sastronagoro. Cekaking carita R. Bagus Burham kelakon dipuruitake, Kang ngetutake lestari pamomonge, ya iku Ki Tanujoyo. Pasinaone R Bagus Burham banget anggone cubluk lan kethul. Ing atase sinau wis pirang2 sasi, durung ana kang dibisani. Kanjeng Kyai Iman Besari mirsa kaanan sinaune R. Bagus Burham, banget anggone kethul, banget lingsem ing penggalih. Mula R. Bagus Burham iya sok dinukanan-pamrihe supaya mletik pikire.