Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 58 -

Ananging pikolehe isih ajeg, ora ana kaundhakane. Kasenengan R. Bagus Burham sadina-dina sabubare ngaji ing wektu esuk kanca-kancane diajak golek iwak menyang kali, nganti sadina muput. yen ora golek iwak, dolanan benthik, bengkat, tor. Suwe-suwe seneng ngabotohan (keplek kecik Ilne). Tumindak mangkono mau nganti kamirengan Kanjeng Kyai. R Bagus Burham Bagus Burham nuli ditimbali piyambakan Bareng wis ngadep, Kanjeng Kyai paring deduka kanthi pangandika lirih, kang dukane nganti nandhes: njalari R. Bagus Burham nangis Wiwit iku R. Bagus Burham pinaringan eling dening Pangeran. Ngrumangsani yen tindake kang uwis2 ora bener. Saundure saka ngadhep, tumekanane pondhokan banjur kandha marang Ki Tanujoyo. Menawa anggone sinau ngaji nganti ora bisa, rumangsa isin, sumedya ora arep mulih menyang Surakarta. Wektu samana umure ngancik 15 (limalas) taun. R. Bagus Burham duwe penjaluk marang Ki Tanujoyo, saben bengi sumedya nglakoni kungkum menyang kali Watu. Lan sadinane mung arep dhahar gedhang klutuk memtah sauler. Ki Tanujoyo njurungi marang kekarepan kang utama iku, Ing batin memuji, muga2 momongane pinaringan kanugrahaning Pangeran. Kelakon R. Bagus Burham saben bengi diterake Ki Tanujoyo menyang kali Watu. Satekane ing kali banjur kungkum. Dene Ki Tanujoyo nunggu ana gisik ing pinggir kali, linggih sendhen watu. Mengkono kang katindakake ing saben bengi. Bareng anggone kungkum ganepe patang puluh dina kari kurang sawengi, Ki Tanujoyo nari marang R. Bagus Burhan, upama diliwetake apa gelem. Wangsulane gelem, Mula angkate sapisan iku Ki Tanujoyo nggawa kendhillan beras sacukupe. Satekane ing kali R. Bagus Burham kungkum kaya adate. Ki Tanujoyo nuli golek rencekan kayu lan gawe keren saka watu kang tinemu sakiwa tengene papan palinggihane Sawise keren dadi lan wis cethik geni. beras nuli dipususi. Sabanjure kendhil isi beras dientepake ing keren. Bareng liwete wis mendhak, Ki Tanujoyo nyumurupi menawa R. Bagus Burhan turu Awit nglepus ana sajeroning banyu, beteke saka sayah lan aripe. Awit pirang2 bengi kurang turu. Ki Tanujoyo wektu iku uga krasa ngantuk. Mula banjur mapan kanthi sesendhen watu.