Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 55 -

Kadipaten. Dene lagu dalah cakepane anggitan Dalem Kanjeng Gusti piyambak, kaya ing ngisor iki:

  1. Jamala Jamala sikile sewu, Jamala-Jamala sikile sewu. Jamala-Jamala sikile sewu, Illaha ila, Illaha ilolah.
  2. Oyode-oyode suluring ati, Oyode-oyode suluring ati. Oyode-oyode suluring ati, Iillaha ila, llaha ilolah.
  3. Epange-epange keblat sekawan, Epange-epange keblat sekawan. Epange epange keblat sekawan, Illaha ila, Iilaha ilolah.
  4. Godhonge-godhonge kalimah loro, Godhonge-godhonge kalimah loro. Godhonge godhonge kalimah loro, llaha ila, illaha ilolah.
  5. Kembange, kitab sidik semara kanthi. Kembange, kitab sidik semara katnhi. Kembange, kitab sidik semara kanthi. Illaha ila, Illaha ilolah.
  6. Pentile-pentile puji lan dhikir, Pentile-pentile puji ian dhikir, Illaha ila, Ilaha ilolah.

mBaleni bab kaanane Kyai Raja Mala. Manawa malem Jemuah utawa malem Anggoro Kasih ora disajeni, kupiyane sok ana lelakon kang ora prayoga. Kaya kang wis tau klakon, yaiku nalika antara taun 1912 ing Semarang ana Tentoonstelling, Kyai Raja Mala kasuwun ngampil, dipitontonake ing satelingen Wasana ing sawijine dina lali ora disajeni. Ing kono ana kedadeyan, Yaiku ana sawijining anak walanda kang nganggo dolanan rambut lan brengose. Dumadakan anak walanda mau tiba klenger. Ana maneh kedadean kang uga nganggo dolanan rambut lan brengose, temahan dadi owah engetane tedan ). Saka ana lelakon kaya mengkono, Tentoosstelling durung bubar, Kyai Raja Mala wis dikondurake bali menyang Musium Sala. Mungguh wujude sajen miturut katrangan saka Musium ya iku: kembang Setaman, wedang kopi lan srabi abang-putih.

Sakulone Kebon Raja ana papan jembar pinageran tembok saka watu mubeng. Papan iku aran Stadion Papan iku kalamangsa dianggo ajar baris abdi dalem prajurit Kraton (Kasunanan) Yen wayah sore kerep kanggo papan bal-balan, lurugan saka liyan daerah. Yen nonton nganggo mbayar.

Bareng Pamarentah Republik papan mau kajaba kanggo enggon bal balan, uga kerep kanggo papan Upacara resmi, rapat2 raksasa, main akrobat ispne. Uga kala2 dadi papan nglumpukke pawai yen pinuju dina gedhe.