Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 14 —

kang didol marang umum, kajaba mung rokok dika; buntele nipah dodol sega pulen, sega nenjong, panganan keleman Isp. Dadi jura- gan onde2 gandum, juragan roti. remikan, ya iku: kuping gajah, ide. lir, kembang waru, lantakan gedang line Juragan ing kampung Ba- jadan Kauman. Panganan keleman ana kuwih lapis, klepon, sape- padhane, juragane ing kampung Kreteggantung. Ana kang dadi preyalan, ya iku tukang ngijoli dhuwit kanthi coplokan, kang dia- rani basen. Ana kang gadhe, medel, mbabar, bakul wade lsp.

 Yen roti sing dodol mung siji. Babah Setu ing warung polem. Kang dodol sate gule yamung siji bangsa Arab, janeng Mahdarib ing Gadhing.

 Sing dodol bakmi uga mung siji bangsa Cina, aran Bah Petruk, ing Coyudan. Wong dodol wedang angkringan kang diiderake ora ana.

 Wondene kang bukak bango kang didol; klobot mbako, rokok di- ka rek, dom bolah, sabun lerak. sabun wangi - mung cap sriti. bangsa grabah kaya ta: kendhi, kendhil, lemper, celengan, lan sa- pepadhane; lenga pet, lenga klentik, cethithet, gula, teh areng, ka- yu jati untingan Isp. Anggone padha dodolan mung ing wayah awan tekan jam sete- ngah pitu sore.

 Tumrape wong lanang panggaotane ana kang buruh mikul ing pasar, kang disebut,, salang" Ana kang buruh ngecap, me- del, lan mbabar. Ana kang dadi kemasan, mbubut kayu, gawe ju- ngkat, suweng ireng, suweng wer, digawe saka sungu. Ana kang gawe dandang, kenceng, kendhil saka tembaga. Ana kang dadi pande kreta lsp. Bajingan lan kere kapetung ora ana, awit akeh kang wedi ma- rang wirang isin.

 Ana maneh sing makarya ing laladan/bidhang kabudayan, sing banjur nganakake seni. Ya iku dadi niyaga utawa dadi dha- lang.