Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 22 —

 Yen dudu reyog kang ngiring utawa njajari: slawatan. Ya iku santri nabuh terbang, kanthi dhikiran. Unine trebang Tong tak, tong tak, tongbrung, tong brung. Ing bengine nganggo rodatan/santri suwaran (laras madya). Kang akeh2 duwe gawe tetakan mono kanthi nanggap wayang lulang sedina sewengi.

 Kang kerep ana tontonane, ya iku saben selapan dina sepisan kabener tingalane Kangjeng Pangeran Harya Cakranagara, kang tilas daleme bageyan buri saiki dianggo Pegadean Negeri Cokronegaran. Tontonane solan - salin, ya iku; penthul tembem, kang njoged abdi dalem canthang-balung kraton, jeneng Crema lan Capana. Yen wireng cebol, dhapukan kang njoged sing dadi Gathutkaca cebolan jeneng Ketel, ya iku cebolan kang cendhek dhewe. Antarejane cebolan aran Ngadiya, dhuwure sairib karo Ketel. Yen Andaga - Bugis, kang dadi Andaga cebolan jeneng Gandhen. Dene kang dadi Bugis cebolan kang aran Teko. Kajaba cebolan kang dadi wireng, ana maneh abdi cebolan kang rosa. Yen caturan karo sapa bae cara mlayu (Indonesia). Sing siji aran Kacowa, sijine si Mus. Cebolan loro iku maune pemain kumidi kuda. Pinuju main ana Sala kene, banjur dipundhut dening Kanjeng Pangeran Cokronagoro, Kajaba iku isih ana maneh abdi dalem cebolan sawatara.

 Kanjeng Pangeran Harya Cakranagara iku pangeran sepuh. Misuwur asmane, gedhe pangaribawane. Senajan Kraton utawa pangeran sak Sala ora ana kang kagungan abdi klangenan cebolan, bucu, kesot, kajaba mung Kanjeng Pangeran Harya Cakranagara dhewe. Dene pangkat saka Beteng (Walanda) dadi Overste mula iya kajen keringan.

 Wiwit malem 21 tumeka Bakda Pasa tontonane warna, ya iku ; jenggi lan bloemencorso, diyane oncor pirang2 Parane ngumpul menyang Kebon - Raja (Sriwedari), kang ing kono ana tontonan main api utawa kembang api. Saben malem ganjil ing emper omahe wong2 disumeti ting dluwang manca warna, asri dineleng lan nggambarake „urip seneng".