Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 7 —

 Upas kang gilir jaga ing wayah bengi aran Upas malam. Papan ngumpule ing (omah) gerdu pagere tembok, payone seng Gerdu² iku didegake ing pinggir ratan / dalan, milih papan² kang setrategis, upamane ing sacedhake dalan prapatan utawa pratelon. Ing saben bengine sing jaga ing siji²ne gerdu wong telu.

 Gerdu² iku padha disumeti ting. Ing jerone disedhiyani dhingklik, kanggo linggihan utawa kanggo turu giliran. Uga isi gegaman, awujud; canggah, ganthol, lan granggang, nyi- ji. Sing digawe wesi digarani gilig, dawa. Upas kang nampa gi- lir, jaga, kajaba rumeksa ing katentreman, uga diwajibake nabuh bendhe, kanggo tengara jam ing wayah bengi,

 Gerdu² iku ing wayah awan ora ana sing jaga. Bendhe lan gegaman kasebut ditinggal lestari ing kono, ora ana sing wani njupuk Awit wong² ing wektu samana isih padha temen², isih padha wedi banget marang dosa lan wirang isin.

 Dhek samana durung akeh kang duwe jam. Sing duwe mung bangsane priyayi luhur, sudagar lan bangsa ngamanca, ning ya durung sapiraa cacahe. Dene wujude jam iya iku: jam kang ditemplokake ing tembok lan jam kikuk Jam gembol lan jam wekker kapetung durung ana. Wong² ing pakampungan akeh kang padha duwe kenthongan, digawe saka pring utawa ka- yu Kenthongan, katabuh kanggo jam. Ana kang katabuh uluk² nelakake yen isih melek. Ana sing katabuh yen ana bebaya uta- wa ana kadurjanan. Mungguh beda²ne unine kenthongan kaya ngisor iki:


  1. Kenthong loro, tandha ana maling.
  2. " telu, " " omah kobong
  3. " papat, " " banjir
  4. " lima, " " kewan ilang
  5. " enem, " " wong nyamar
  6. Kenthong titir, tandha ana begal, kecu (gedhor),

 raja tatu utawa raja pati.