Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 19 -

TETUNGGANGAN LAN DALAN.

Wektu samana wis ana sepur. Dene dununge stasiun ana ing : Purwosari, Balapan lan Jebrês. Lakune trem kang lumebu kutha Sala saka Purwosari menyang Jebres metu ril kanthi digered ing jaran teji, 2 (loro) dikusiri. Kusire karo nyendhali gentha, kang muni ; neng - neng - neng.

Ing Gladhag ngarep Beteng ana haltene trem Pager lan payone saka seng. Lakune trem saka Gladhag liwat kreteg kali Pepe. Pasar gedhe Warung pelem mengalor tekan setasiun Jebres. Pamasange ril turut ing pinggir ratan gede iring wetan. Trem kang mangetan menyang Sangkrah durung ana.

Kreta andhong durung akeh, Sajrone kutha Sala kang ngingu reta andhong kira-kira mung ana patang panggonan. Kang kapetung akeh reta jarane kanggo andhong ya iku kagungane Bandara Raden Mas Harya Dipaningrat (nDara Kembar). Tilas daleme ing wetane prapatan pasar Gemblegan, kidul dalan marep ngalor, ing sangarepe S.D. Kristen.

Uga ana kreta kang mung kanggo sedhiyan pundutan saka Kraton, karan kreta daleman. Sing ngingu Mas Ngabei Manguncarma, daleme ing Nonongan.

Kusir kerta andhong - kanggo umum - penganggone ; kathok clana, klambi potong mangkok putih saka mori. Gulon lan lengene kaprenah ing ugel² dibleg jingga abang, ambane watara 3 cm.

Ana maneh kreta duweka Hotel Slier. Dhek samana ora ana hotel liyane, kajaba Hotel Slier Iki mung kanggo methuk dhayoh menyang setasiun Balapan, sing arep nginep / mondok ing Hotel Slier.

Kusir kreta daleman lan kreta hotel Slier, penganggone : clana putih klambi toro (sayak) warna biru nom lorek putih sasada. Topi bunder saka pring, diplitur. Kusir kreta para / kreta padinan ing Kraton, penganggone : clana putih, klambi toro abang saka kurasi Iket wulung, topi pring diplitur.